NEW
Font size
WorksheetsUjian Sekolah Bahasa Jawa TP 2021/2022
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Piwelinge Ibu
Anggitane: Drs. Wahyu ST
Ngger, diati-ati aja seneng nyenyandung
arum endah kembang bakung
kesrimpung slendang
kesandhung gelung
kegubel kalung
Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung
supaya kecekel anggonmu mbujung
aku tansah eling piwelinge ibu
nalika aku arep budhal sinau
Ngger, urip kang prasaja
aja mung mburu barang donya
tansah eling lan waspada
swarga ora dumunung ing kedheping netra
tansah dedonga marang kang maha kuasa
Maturnuwun ibu
pangandikamu rumasuk ing balung sumsumku
pindha latu mangalad-alad jroning kalbu
saengga paiting bratawali ora tau keprungu
aku setya tuhu marang piwelingmu
kang puta tansah nyuwun pangestu
kapethik saka: ariyulianti 1984. wordpress.com, diakses tanggal 10 Juni 2014, jam 16.15 WIB
Supaya kecekel anggonmu mbujung. Tembung mbujung tegese ....
mangan
mburu
turu
maca
Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung
supaya kecekel anggonmu mbujung.
Pitutur luhur kang bisa dipethik ing pethikan geguritan dhuwur yaiku ....
ibu tansah ndonga marang Gusti supaya kacekel gegayuhane putrane
aku tansah ndonga marang Gusti supaya kacekel gegayuhanku
ibu tansah ndonga marang Gusti supaya uripe kepenak
aku tansah ndonga marang Gusti supaya ora rekasa
Ratu Amarta, Prabu Yudhistira
Ing crita pewayangan, Prabu Yudhistira iku kondang pinangka sawijining ratu kang sabar, nrima lan jujur. Sanajan anak ratu nanging kudu urip rekasa lan disiya-siya. Ora mung iku, dheweke uga tansah diarah patine dening Kurawa, nanging babar pisan ora tau males.
Kurawa kang dipandhegani dening Duryudana diombyongi dening Sengkuni kerep maeka lan ngarah patine Pandhawa, nanging Yudhistira ora nggape. Adhi-adhine kang arep males pakartine Kurawa kang ala dielikake. Nalika Pandhawa diobong ana ing sanjerone gubug, ana bae jalarane kang ndadekake Pandhawa bisa slamet. Prabu Yudhistira nduweni pusaka sing arane jimat kalimasada.
Nalika dum-duman warisan kraton, sabenere Pandhawa nduwe hak separo Kraton Astina. Nanging merga pokale Sengkuni, Pandhawa mung oleh bagean alas gung liwang-liwang. Yudhistira nrima. Alas Wanamarta kang isine mung kewan galak lan bangsane jin setan, dibabadi. Kanthi temen alas gung liwang-liwang iku digarap. Bareng madheg kraton, jebul dadi negara gedhe kang subur makmur. Yudhistira nduweni jeneng liya utawa julukan Puntadhewa. Yudhistira kasinungan sikep jujur kang emoh ngapusi. Mula iku deweke kancane akeh lan dipercaya wong akeh.
Slamet Muyono, Ratu Amarta, Prabu Yudhistira, Maneka Sumber
3. Nalikadum-duman warisan kraton, sabenere pandhawa nduwe hak separo Kraton .....
Pringgondani
Mintaraga
Astina
Madukara

4. Prabu Yudhistira iku nduweni jeneng liya utawa julukan yaiku ....
Pandu Dewanata
Dewata Cengkar
Aswatama
Puntadhewa
Tradisi Bersih Desa
Masyarakat Jawa ing padesan, nganti seprene isih akeh kang ajeg padha ngleksanakake tradhisi Bersih Desa. Tradhisi iki dileksanakake setaun sepisan, biasane bubar panen, ing mangsa ketiga. Wujude kegiatan Tradhisi Bersih Desa iki ana 2 (loro) yaiku ing wayah awan, slametan. Dene bengine pagelaran wayang kulit sawengi nutug.
Tradhisi Bersih Desa iki sabenere mujudake pangejawantahan utawa gambaran rasa syukur lan panuwune masyarakat tani marang kanugrahaning Gusti Alloh. Para among tani ngaturake syukur lan panuwun marang Gusti Alloh jalaran wis bisa panen kanthi asil apik lan ngaturake panyuwun muga-muga ing mangsa candhake asile bisa luwih apik.
Bersih Desa, Maneka Sumber.
5. Tradhisi Bersih Desa iku wujud rasa syukure masyarakat tani marang .....
asil panen kang apik
lemah sawah kang subur
pambiyantune pamarentah
nugrahane Gusti Alloh
Tradisi Bersih Desa
Masyarakat Jawa ing padesan, nganti seprene isih akeh kang ajeg padha ngleksanakake tradhisi Bersih Desa. Tradhisi iki dileksanakake setaun sepisan, biasane bubar panen, ing mangsa ketiga. Wujude kegiatan Tradhisi Bersih Desa iki ana 2 (loro) yaiku ing wayah awan, slametan. Dene bengine pagelaran wayang kulit sawengi nutug.
Tradhisi Bersih Desa iki sabenere mujudake pangejawantahan utawa gambaran rasa syukur lan panuwune masyarakat tani marang kanugrahaning Gusti Alloh. Para among tani ngaturake syukur lan panuwun marang Gusti Alloh jalaran wis bisa panen kanthi asil apik lan ngaturake panyuwun muga-muga ing mangsa candhake asile bisa luwih apik.
Bersih Desa, Maneka Sumber.
6. Tradhisi Bersih Desa dileksanakake .....
setaun sepisan
setaun pindho
mangsa katiga
saben panen
Tulisan jawa ing dhuwur yen di tulis latin yaiku .....
Parta tuku srabi
Tana tuku srabi
Partana tuku srabi
Sartana tuku srabi
Dumadine Rawa Pening
"Ngger, ngapa kok lungguhan ana kono? kene lho, mlebu omah kene," aloke swara saka njero gubug.
Bocah bajang kaget, noleh ngiwa lan nengen.
"Kene lho ngger, mlebua omah kene. Iki ana sega sethithik, ayo dipangan bareng!", pangajake nini-nini tuwo sing duwe gubug.
Bocah bajang lan nini-nini tuwo mangan bareng ing gubug.
"Mbah, kulo matur nuwun diparingi maem. Mangke nek wonten banjir panjenengan numpak lesung niki nggeh, mbah? Pun kulo nyuwun pamit.
Karo kondho koyo mengkono bocah bajang iku lunga ninggalake nini tuwa iku. Bener kandhane bocah bajang. Ora let suwe dumadakan desa iku keleban banjir. Banyune banjir bening banget. Wong sadesa kabeh padha klelep ora ana sing slamet, kajaba nini tuwo kang numpak lesung. Desa iku keleban banjir dadi rawa. Rawane bening banget.
"Bening, bening, bening," kandhane nini nini tuwo karo numpak lesung.
Wusanane rawa iku dijenengake rawa pening, nganti saiki.
Semarang, Juni 2013
Gunadi Aryo, Citra Rakyat Jawa Tengah
Sidane bocah bajang diwenehi pangan dening nini .....
ompong
tuwo
ayu
sugih

Nalika desane kelebon banyu banjir, wong sadesa padha .....
ngungsi padha golet slamet
klelep ora ana sing slamet
keli padha kegawa banjir
seneng dolanan banjir
Sak derengipun kulo matur, mangga kulo derekaken agung puja dhumateng Gusti ingkang Akarya jagad. Ukara ing pidhato kuwi kalebu perangan .....
purwaka
surasa basa
pangarep-arep
salam pembuka
Mugi-mugi Mas kalian Mbak sekalian ugi saged nerasaken sekolah wonten ing SMP. Ukara iku ing pidhato kalebu .....
purwaka
pangarep-arep
surasa basa
salam pembuka
Gunung Gamping Ambarketawang
Kanggone warga ing Yogyakarta, cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang (kang dumunung na Desa Ambarketawang) iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara sarapan kanthi mbeleh bekakak dikantheni arak-arakan.
Ing sakidule gunung gamping iki patilasan Kraton Ambarketawang (tilas kratone Pangeran Mangkubumi saurunge pindhah menyang kutha Ngayogyakarta tanggal 7 Oktober 1756), madeg. Nanging kanggone ahli geologi Gunung Gamping iku unik jalaran umure watu Gunung Gamping iku wis luwih saka 50 yuta taun. Mangka gunung-gunung gamping liyane umure ora nganti samono.
Gunung Gamping Ambarketawang iki kondhang amarga saben sasi .... ing papan iki diadani upacara sarapan kanthi mbeleh bekakak dikantheni arak-arakan.
Mulud
Suro
Rajab
Sapar
Gunung Gamping Ambarketawang
Kanggone warga ing Yogyakarta, cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang (kang dumunung na Desa Ambarketawang) iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara sarapan kanthi mbeleh bekakak dikantheni arak-arakan.
Ing sakidule gunung gamping iki patilasan Kraton Ambarketawang (tilas kratone Pangeran Mangkubumi saurunge pindhah menyang kutha Ngayogyakarta tanggal 7 Oktober 1756), madeg. Nanging kanggone ahli geologi Gunung Gamping iku unik jalaran umure watu Gunung Gamping iku wis luwih saka 50 yuta taun. Mangka gunung-gunung gamping liyane umure ora nganti samono.
Dianggep unik jalaran umure watu Gunung Gamping iku wis luwih saka .... yuta tahun.
40
50
60
70
Kathah warga ingkang mboten saged makarya amargi dados kurban endhut lapindho. Ukara mau yen digawe ngoko yaiku .....
Akeh warga kang mboten saged kerja amarga dadi kurban endhut Lapindo.
Akeh warga kang ora bisa kerja amarga dados kuban endhut Lapindo.
Akeh warga kang ora bisa kerja amargi dadi kurban endhut Lapindo.
Akeh warga kang ora bisa kerja amarga dadi kurban endhut Lapindo.
Tanpa tandha-tandha, dumadakan Gunung Bromo njeblug.
Tembung kang kacitak miring ukara ing dhuwur mau padha karo tembung ....
ujug-ujug
bubar wae
arep mentas
cilik
Dina Minggu kepungkur Desa Beji, kena musibah bandhang.
Musibah .... sing kadadeyan ana ing Desa Beji?
sapa
pira
apa
kepriye
Srikandi Madeg Senapati
Ana ing pesanggrahan pinggire Kurusetra dianakake pasewakan kuluwarga pandhawa kanggo ngrembug terusane perang gedhe Baratayuda. Ingkang rawuh ing pasewakan kuwi mau Prabu Kresna, Prabu Matsuapati, para Pandhawa, lan Dewi Wara Srikandi.
Underaning rembug yaiku sapa sing arep didadiake senapati. Prabu Matsuapati isih ngungun amarga putrane telu wis padha gugur ana ing Tegal Kurusetra, papan perang Baratayuda. Raden Utara lan Raden Wratsangka gugur luwih dhisik, banjur kasusul putrane sing nomor siji yaiku Resi Seta.
Wektu kuwi sing dadi senapatine kurawa yaiku Resi Bisma. Kamangka Resi Bisma kuwi kekuwatan lan kadikdayane gedhe banget. Akeh wadya bala Pandhawa sing padha kasoran yuda nalika Resi Bisma tumandhang.
"Banjur sapa sing bisa ngalahake Resi Bisma?" pitakone Prabu Matsuapati.
Prabu Kresna banjur ngendika, "Yayi Srikandi, majua dadi senapati Pandhawa, Yayi Dewi Wara Srikandi banjur diampili gamane sang garwa yaiku panah Pasopati. Dewi Wara Srikandhi kairin prajurit wanita banjur budhal nglurug ana ing Tegal Kurusetra.
Panahe prajurit maewu-ewu dilepasake tumuju marang Resi Bisma sing wis ngadhang ana ing palagan. Nanging ora ana siji-sijia panah sing bisa tumancep ing awake Resi Bisma.
Srikandi ora grigig. Senapati wanita kuwi mau tetep maju dikantheni prajurit ana ing mburi lan sakiwa tengane. Bareng wis ana ing sangarepe Resi Bisma, dewi Wara Srikandi katungka sukmane Dewi Amba. Sanalika Resi Bisma luluh atine.
Wara Srikandi nyembuh marang Resi Bisma, banjur rikat menthang gendewa Pasopati. Panah dilepasake tumancep ana ing pulung atine Resi Bisma. Sanalika Sang Resi tiba ngrengkang . Resi Bisma megap-megap ana lemah. Kurawa lan Pandhawa padha ngrubung Resi Bisma.
Bareng dipayungi wit ringin gedhe, Resi Bisma ngucapake panuwun marang Pandhawa lan paring pangestu muga-muga Pandhawa unggul ing Yudha. Sabanjure Resi Bisma Gugur.
Dewi Wara Srikandi lan Pandhawa unggul ing Yudha. Sabanjure Resi Bisma Gugur.
Dewi Wara Srikandi lan Pandhawa padha sungkem. Senadyan ta Resi Bisma kuwi musuh ing paprangan, ananging kepriye wae Resi Bisma kuwi isih sesembahane Pandhawa, mula padha asung pikurmatan.
(karakit saka Buku "Gelis Kenal Wayang" Prof Drs. Suwaji Bastomi)
Nalika maju ana ing madyane peperangan Dewi Wara Srikandi atine ....
krasa wedi
rumangsa asor
ora grigik
rumangsa kumalungkung

Srikandi madeg senapati mujudake ....
wanita luwih kuwasa
kadigdayan kaum wanita
perange wanita
emansipasi wanita

Crita Srikandi madeg senapati duwe pitutur ....
saben mungsuh kudu dipateni
aja wedi karo mungsuh
kabeh kudu wani perang
kita kudu duwe watak satriyo
Ukara kuwi yen ditulis ing aksara latin yaiku ....
Sinauwa sing sregep supaya pinter
Sinau sing sregep supados pinter
Sinau sing sregep supaya pinter
Sinaua sing sregep supaya pinter