Font size
WorksheetsSoal PAT Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2
Total questions: 40
Worksheet time: 38mins
Kanggo mangsuli soal nomer 1 – 4 gatekno teks ing ngisor iki!
Ekosistem Sabana
Sabana iku padhang suket kang diselingi dening wit-witan. Sabana dibedakake dadi rong jinis, yaiku saban murni lan sabana campuran. Sabana murni, yaiku sabana sing wit-witane mung dumadi saka sak jinis tanduran. Dene sabana campuran, yaiku sabana sing wit-witane dumai saka maneka jinis tanduran. Ing Jawa Timur uga ana sabana sing wis kondhang, yaiku sabana Taman Nasional Baluran.
Sabana dibedake dadi rong jinis, yaiku sabana ….
Murni lan gabungan
Murni lan campuran
Murni lan variasi
Campuran lan variasi
Ekosistem Sabana
Sabana iku padhang suket kang diselingi dening wit-witan. Sabana dibedakake dadi rong jinis, yaiku saban murni lan sabana campuran. Sabana murni, yaiku sabana sing wit-witane mung dumadi saka sak jinis tanduran. Dene sabana campuran, yaiku sabana sing wit-witane dumai saka maneka jinis tanduran. Ing Jawa Timur uga ana sabana sing wis kondhang, yaiku sabana Taman Nasional Baluran.
Ide pokok wacan “ Ekosistem Sabana “ yaiku ….
Sabana dibedakake dadi rong jinis
Saban murni yaiku sabana sing wit-witane dumadi saka sak jinis tanduran
Sabana iku padhang suket kang diselingi dening wit-witan
Ing Jawa Timur ana sabana sing wis kondhang yaiku sabana Taman Nasional Baluran
Ekosistem Sabana
Sabana iku padhang suket kang diselingi dening wit-witan. Sabana dibedakake dadi rong jinis, yaiku saban murni lan sabana campuran. Sabana murni, yaiku sabana sing wit-witane mung dumadi saka sak jinis tanduran. Dene sabana campuran, yaiku sabana sing wit-witane dumai saka maneka jinis tanduran. Ing Jawa Timur uga ana sabana sing wis kondhang, yaiku sabana Taman Nasional Baluran.
Miturut wacan ing duwur, tembung kang mawa istilah lingkungan yaiku
Taman Nasional
Murni Lan campuran
kondhang
Sabana
Ekosistem Sabana
Sabana iku padhang suket kang diselingi dening wit-witan. Sabana dibedakake dadi rong jinis, yaiku saban murni lan sabana campuran. Sabana murni, yaiku sabana sing wit-witane mung dumadi saka sak jinis tanduran. Dene sabana campuran, yaiku sabana sing wit-witane dumai saka maneka jinis tanduran. Ing Jawa Timur uga ana sabana sing wis kondhang, yaiku sabana Taman Nasional Baluran.
Salah sawijining ciri-ciri wacan deskripsi yaiku ….
nyatakake gagasan
nggambarake babagan kanti cetha lan rinci
isine wujud pangajak utawa pambujuk
ana unsur kedadeyan, paraga, lan konflik
Wacan “ Ekosistem Sabana” kagolong jinis wacan ….
Narasi
Eksposisi
Persuasi
Deskripsi
Esuk umun-umun, Pratiwi, bocah kelas lima SD iku, di utus ibune golek godhong suruh abang ing pategalan pinggir alas. Pratiwi menyang alas dikancani dening adhine lanang. Sadawane dalan tumuju alas tansah sepi mampring. Senajan mangkono, Pratiwi lan adhine terus lumaku.
Wacan ing dhuwur kagolong jinis wacan ….
Narasi
Eksposisi
Persuasi
Deskripsi
Teks utawa karangan kang nggambarake sawijining babagan kanthi cetha lan rinci diarani teks ….
Narasi
Eksposisi
Persuasi
Deskripsi
Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan sijine kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royo-royo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Swarane keprungu kaya iringan musik.
Isi wacan kang mathuk miturut wacan ing dhuwur yaiku ….
kahanan ing sawah endah sinawang ing mata
kahanan ing sawah nggegirisi katon kaya klogete ulo nogo
swara manuk ing sawah keprungu kaya iringan musik
tanduran kang ijo royo-royo ndadekake ati ayem
Bocah kui bagus tenan, rambute ngandhan-ngandhan lan tangane ….
Nawon kemit
Nggandewa Pinenthang
Mucuk Eri
Jambe Sinigar
Tetembungan utawa ukara kang digunake kanggo ngalembana utawa ngemu teges mirip utawa memper diarani ….
Panyandra
Panyendhu
Pepindhan
Parikan
Tembung panyandra kang pener ing ngisor iki yaiku ….
Bangkek ane miji timun
Drijine mucuk eri
Rambute tumenga ing tawang
Alise nraju mas
Parmin sikile . . . nanging yen balapan mlayu isih bisa ngalahake Bejo. Tembung kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ….
Kedhe
Pesek
Dhingklang
Nonong
Tembung kang nggambarake perangane awak kang kurang sampurna diarani ….
Panyandra
Panyendhu
Pepindhan
Parikan
Tembung panyendhu kang mathuk miturut gambar
yaiku ….
mripate blalak-blalak
B. mripate kriyip-kriyip
mripate mendolo
mripate kera
(1) Andri duweni kanca-kanca kang pinter lan sopan marang wong tuwa yaiku Mira, Joni lan Santi. (2) Mira duweni hobi nari, tangane nggandewa pinenthang mula yen njoged bisa luwes. (3) Joni bocahe bagus yen ngguyu untune katon miji timun. (4) Santi sanajan irunge pesek nanging pinter nembang.
Tembung panyendhu ing wacan ndhuwur tinemu ana ing ukara nomer ….
1
2
3
4
Sedulurane Ana lan Ani kaya mimi lan mintuna. Tegese tembung mimi lan mintuna yaiku ….
seneng tukar padhu
ora ana sing gelem ngalah
pada ayune
rukun banget
Praupane Santi lan Sinta kaya jambe sinigar. Tegese jambe sinigar yaiku ….
beda rupane
padha rupane
ayu salah sijine
kabeh ayu rupane
Ukara ing ngisor iki kang bener migunakake tembung pepindhan yaiku ….
Putrane Pak Mantri sing wadon ayune kaya Dewi Ratih
Jogede mbak Lastri luwes kaya bantheng ketaton
kuning kumpul padha kuning kaya gagak reraton
Surakane sing nonton bal-balan kaya gabah diinteri
Katrangan ing ngisor iki kang kalebu ciri-ciri parikan yaiku ….
saben ukara dumadi 3 (telung) gatra
saben ukara dumadi 2 (rong) gatra
ukarane dumadi pambuka wae
ukarane dumadi isi wae
Mangan peyek sambel tahu
Aja ngenyek marang aku
Ukara ing dhuwur klebu jinising ….
Panyandra
Panyendhu
Pepindhan
Parikan
Parikan ing ngisor iki kang mathuk pambuka lan isine yaiku ….
manuk emprit, nucuk pari, dadi murid sing prasaja
tawon madu, ngisep sekar, golek ngellmu kudu sabar
menek manggis, mung sauwit,
bocah nangis njaluk turu
nyangking ember, kiwa tengen lungguh jejer, karo kanca
Wayang kang ginawe saka bahan kayu diarani ….
wayang kulit
wayang uwong
wayang gedhog
wayang golek
Piranti arupa kain mori putih kang didadekake geber ing pagelaran wayang kulit
diarani ….
kelir
gedebog
blencong
cempala
Prabu Rahwana alias Dasamuka kelakon ndusta Dewi Shinta banjur digawa menyang Kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta enggal dipapanake ing taman keputren. Senadyan mangkonoa Dewi Shinta panggah sedhing penggalihe. Dewi Shinta ora urus ing angga, ora kersa dhahar lan ngunjuk saengga anggane kuru aking lan rikmane dawa nggimbal
Paraga crita ing dhuwur yaiku ….
Rama Wijaya lan Rahwana
Dewi Shinta lan Ramawijaya
Rahwana lan Kumbakarna
Dewi Shinta lan Rahwana
Gambar ing sisih iku salah sawijining paraga ing crita Ramayana kang aran ….
Rama Wijaya
Raden Lesmana
Rahwana
Kumbakarna
Omahku ana ing ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger karana akeh tanduran sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan, pelem, lan jeruk. Ing emper ngarep omah ana tanduran kembang mlathi.
Miturut wacan ing duwur, latar kang ora pati jembar iso ditanduri . . . .
(a)
Hawane seger karana akeh tanduran sakiwa tengene. Ukara pitakon kang mathuk miturut ukara kang kacethak miring ing dhuwur yaiku . . . .
(a)
Mbak rita kae pawakane lencir kuning lan rambute . . . .
(a)
Sriani bathuke . . . mula ditutupi karo poni amrih ora katon. Tembung panyendhu kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku . . . .
(a)
Polahe kaya . . . diutus lungguh sedhela wae ora bisa.
(a)
Pak Ali anggone tandang gawe cukat kaya . . . .
(a)
Manuk emprit, dhuwur pager
Dadi murid, ….
Genepane parikan ing dhuwur yaiku ….
(a)
Sawijine dina, Pandhu tindak mbebedhag menyang alas Himawanpada. Dumadakan Pandhu weruh kidang sajodho lanang wadon. Pandhu ora srantan, kidang mau banjur dijemparing. Sanalika kidang wadon mati. Kidang lanang banjur nyumpahi Pandhu.
latar cerita ing nduwur yaiku ...
(a)
Gambar ing sisih kiwa iku salah sijining Pandhawa kang aran ….
(a)
Tulisan jawa ing samping diwaca ...
(a)
Ekosistem Alas Mangrove
Alas mangrove iku panggone ing pinggir pante. Ing kono banyune tansah kumembeng nalika kahanan segarane pasang munggah. Alas mangrove sumebar saindenging kapuloan ing Nusantara. Salah sijining kagunane alas mangrove yaiku njaga dumadine abrasi.
Gawea 2 (loro) ukara pitakon miturut wacan ing dhuwur!
Gawea ukara nganggo tembung :
a. Bangkeane nawon kemit
b. Kaya banyu karo lenga
Genepana parikan ing ngisor iki!
a. Wajik klethik, gula jawa
……………,……………
b. Sesuk dolan menyang Sala, aja lali mbontrot sega
……………,……………
Kurawa seneng tumindak deksiya marang Pandhawa kang kalebu dulure dewe. Pandhawa ditundhung, dipitenah, lan diarah patine dening Kurawa, nanging tansah gagal. Pandhawa ora luput, mula tansah diayomi dening para dewa. Nalika Negara Ngastina dijaluk dening Pandhawa nanging ora oleh karo Kurawa, minangka Ngastina kuwi sing nduweni Pandhawa. Pandhawa usul supaya Negara diparonanging Kurawa tetep ora sarujuk. Wusanane dadi perang antarane keturunane Barata yaiku Pandhawa lan Kurawa kanga ran perang Baratayudha ing Tegal Kurusetra.wusanane Kurawa tumpes, Pandhawa jaya ing yuda.
Tulisen amanat kang iso kajupuk saka crita ing dhuwur!
Tulisen nganggo aksara Jawa ukara ing ngisor iki!
“ Banjir amarga alas gundhul”
