WorksheetsULANGAN BASA JAWA KELAS XI MIPA 6
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Paugeran tibane swara ing pungkasane gatra tembang macapat diarani…..
Guru lagu
Guru swara
Guru gatra
Guru wilangan
Guru sastra
Ing ngisor iki kang ora klebu paugeranne tembang pocung yaiku ……
Duweni guru gatra cacah 4
Guru lagu ing gatra ke 3 yaiku i
Guru wilangan gatra kaping 1 yaiku 12
Guru lagu lan guru wilangan gatra kaping 3 yaiku 10 i
Guru lagu lan guru wilangan gatra kaping 4 yaiku 12 a
Tembang pocung ing tserat wedhatama isine yaiku ….
Nalika manungsa isih ana ing alam kandungan
Nyritakake manungsa kang wis diwasa lan nemukake jati dirine
Manungsa wis jumbuh karo pasangane lan nglakoni fase kang anyar
Pitutur kanggo sangu ing akhirat nalika manungsa wis tilar donya
Manungsa kang ngerasakake manise donya
(1) bebas
(2) prihatin
(3) menehi pitutur
(4) geguyonan
(5) kasmaran
Saka watak ing dhuwur kang klebu watak tembang pocung yaiku…..
1, 2 lan 3
2, 3 lan 4
1, 3 lan 4
1, 3 lan 5
2, 4 lan 3
Tibane swara saben pungkasane gatra diarani…..
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Guru Sastra
Guru Basa
Kumpulaning tembang sawarna kang kedadean saka pirang-pirang pada lan kang surasaning cakepan siji lan sijine ana gegayutane iku diarani….
Pupuh
Pada
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
tembang pocung duweni watak gegojekan, tegese yaiku…
ukarana ora tenanan
isine ngandung pitutur
tembung ing tembang pocung biasane ngemot ukara kang jenaka
cara nembangkene lucu
pitutur saka tembang pocung lucu
Cacahe wandha lan tibane swara ing tembang pocung gatra kaping loro yaiku…
6a
6u
12u
8i
12a
Ngelmu iku kelakone kanthi laku deweni teges…..
Ngolek ilmu kudu ngadohi hawa napsu
Menawa golek ilmu ora oleh barengi karo tumindak
Wong kang duwe ilmu bisa ngadohi tumindak ala
Ngolek ilmu bisa kawujud kanthi tumindak
Ilmu dienthukake saka sinau lan lan tumindak becik
Cupet kepepet pamrih (1)
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul (2)
Tangeh nendya anggambuh mring Hyang Wisesa (3)
Keseselan hawa (4)
Saka cakepan ing dhuwur, cakepan ngendi kang trep karo paugerane tembang pocung?
1,2,3,4
2,4,1,3
2,3,4,1
2,1,4,3
4,2,3,1
Angkara gung ing angga anggunge gumelung
gegolonganira
Triloka lakere kongsi
Yen di umbar ambabar rubeda
Tembung kongsi lan rubeda duweni teges…..
Tansah lan beda
Nganti lan alangan
Nganti lan beda
Tansah lan alangan
Nganti lan tansah
Bathara gung Inguger graning jajantung
Jenek Hyang wisesa
Sana pasenedan suci
Nora kaya si mudha mudhar angkara
cakepan tembang pocung gatra kaping 1 duweni purwakanthi.......
swara
sastra
basa
lumaksita
lagu
Nora weruh rosing rasa kang rinuruh
lumeketing angga
anggere padha marsudi
kana kene kaanane nora beda
ing cakepan tembang pocung dhuwur duweni purwakanthi..........
gatra 1 duweni purwakanti swara lan gatra 4 duweni purwakanthi lumaksita
gatra 1 duweni purwakanti swara lan gatra 4 duweni purwakanthi sastra
Kasmaran gatra 1 duweni purwakanti swara lan gatra 2 duweni purwakanthi lumaksita
Sedih gatra 1 duweni purwakanti sastra lan gatra 4 duweni purwakanthi swara
Nelangsa gatra 1 duweni purwakanti swara lan gatra 3-4 duweni purwakanthi lumaksita
Yeku patur tinulat tinulut
Sapituduhira
Aja kaya jaman ……….
Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg tembang pocung ing dhuwur yaiku….
Mangko
Mangkin
Mengkana
kono
Kang durung ana
1. Guru wilangan lan guru lagu ing tembang pocung yaiku….
12u,6i, 8i,7a
12u, 6a,8i,12a
12a,6a,8i,12a
12u, 6a, 8a, 12a
12u, 6a,8i, 12i
Angkara gung, neng angga anggung gumelung
Gegolongan nira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
Isi/ wose ska tembang pocung ing dhuwur yaiku….
Manungsa iki bakal urip ing telung alam
Angkara murka kang ana ing jero ati
Yen tumindak ala kuwi bakal nyilakani
Aja mihak marang wong kang tumindak ala
Angkara kang ora dikendaleni bakalan nuwuhake/ numbuhake prakara.
Purwakanthi swara yaiku purwa kanthi kang swarane padha ing saben pungkasan wandha wandhane. Ing ngisor iki kang klebu tuladhane purwakanthi swara yaiku…
Mingkar ingkur ing ukara
Angkaragung ing agung agung gumelung
Ilmu kang nyata, nyata kanggo kahuripan
Agama ageing aji
Bibit bebet bobot
Ing ngisor iki kang ora klebu bab kanggo nulis / ngarang tembang macapat yaiku…
Nemtokake tema
Milih jenise tembang
Nemtokake paugeran
Nemtokake nadane tembang
Njumbuhake lirik-lirik ukara karo paugeran
Sapa iku, ora seneng ngudi ilmu Uripe rekasa Senenge kepati-pati Ora sugih ananging ora rumangsa
Pitutur saka tembang pocung ing dhuwur yaiku….
Wong kudu seneng golek ilmu/sinau supaya ora rekasa uripe
Wong kang rekasa biasane ora rumangsa
Rekasa lan seneng kuwi gumantung wong
Wong sing ora gelem rekasa bakalan ora sugih
Rekasa lan sugih kuwi gumantung ilmu sing ana
Dadi bocah kudu sregep lan sinau
Ben ora rekasa
Sinaune ditenani
……………………..
Cekepan kang trep kanggo ngisi bait tembung pocung kaping 4 yaiku….
Yen wis sugih kudu eling marang wong tuwa
Yen wis sukses aja seneng ngapusi
Yen wis sukses aja lali mring wong tuwa
Yen wis sukses kudune seneng tetulung
Yen wis sugih lan sukses kudu ngibadah
Sawijine crita fiksi kang ngambarake kedadean paraga/ tokoh lumantar kauripan ing masyarakat kang duweni crita sing kompleks diarani….
Cerkak
novel
geguritan
fabel
legenda
Ing ngisor iki kang ora klebu karya fiksi yaiku........
Novel
Cerkak
Geguritan
Karya ilmiah
Roman
Carane pengarang ngambarake paraga utawa posisine pengarang ing crita diarani….
Alur
Setting
Sudut Pandang
Lelawaning basa
Paraga
Sakabehane katerangan nganani papan, wektu lan swasana sdjroning novel diarani….
Alur
Setting/ latar
Sudut Pandang
Lelawaning basa
Paraga
Ing ngisor iki kang ora klebu titikane novel yaiku …..
Paraga ing jero novel antarane 3-5 paraga
Karya fiksi kang wujude tulisan
Nyritakake kauripane manungsa ing masyarakat
Duweni alur kang kompleks
Suwene maca sak ora orane butuhake wektu 120 menit
Ing novel ana kang diarani unsur intrinsik, salah sijine unsur intinsik novel yaiku alur, ing ngisor iki kang diarani alur yaiku……
Lumakune kedadean kang ana ing jero crita
Sakabehane katerangan ngenani wektu, pangggonan lan swasana ing jero crita
Carane pengarang gambarake tokoh
Pemilihan tembung nalika nulis novel
Pemilihan tembung nalika nulis novel
ing ngisor iki kang klebu ukara kang ngandhut nilai Estetika yaiku......
rampung sholat jumat saka langgare pak Kyayi Ghozali aku banjur gage gage nyelah sepeda motor lan langsung ngegas mapak Riza kang wis nunggu kanggo diterake les
meh sesasi ora ana kabar saka Bela. nalika takhubungi, hapene ajeg ora aktif. nanging aku ora gela. pancen sing kliru kuwi aku, wis tuwa kathik pathakilan
ing jaba omah udane sing deres mau wis terang. sregenge katon semburat ing langit kulon. hawane kang rada atis krasa ing dina wis kepara sore
wiwit diarani bocah sombong jihan mesti saiki ngluruhi tanggane saben lewat lan saben metu saka omah, Jihan kang wis ngrasa menawa tumindhak sombong kuwi bisa gawe dheweke rugi
wis kaya padhatane, saben mangkat ing daleme simbah mesti ibuk masak akeh kanggo oleh oleh simbah. simbah seneng banget nalika dimasakkake ibuk sayur gori lawuh tempe bacem
gatekna pethilan Novel ing ngisor iki!
" ojek pak?"
Aku noleh menyang asale swara kang banter kuwi. jebul sing tawa tawa ojek mau bocah wadon. Umure udakara sapantarane Ayu, anakkuragil. dheweke nganggo jaket warna ijo kathok jeans lan sepatu kets.
saka pethilan novel ing dhuwur pengarang nggunakake sudut pandang.....
orang pertama
orang kedua
orang ketiga
orang utama
orang figuran
unsur intrinsik minangka unsur utawa hal kang kamot ing jero karya fiksi, unsur intrisik ndukung cerita. Kang klebu unsur intriksik novel ing ngisor iki, kajaba…..
Lelawaning basa
Paraga
Alur
nilai nilai
Amanat
novel klebu jenise karya sastra utawa fiksi kang awujud tulisan. Novel kacipta kanthi dasar imajinasine pengarang. Nalika gawe Novel pengarang mikirake jenis novel kang arep digawe supaya narik kawigaten wong kang maca. ing ngisor Novel kang isine khusus kanggo masalah kriminal, usaha goleki barang bukti, lan kejahatan diarani novel….
Novel idealis
Novel Detektif
Novel Sosial Politik
Novel Romantisme
Novel Psikologis
“tanduran kaya melu nari nalika Larasati nyanyi”
Ukara kasebut klebu ing lelawa basa/ majas….
Mertafora
Personifikasi
Hiperbola
Repetisi
Hibernasi
Ing ngisor iki ukara kang ngambarake lelawa basa/ majas metafora yaiku….
Rudi wis ngomong yen bakalan bali, Rudi ora pernah mblenjani janji, rudi bakalan mulih, masio durung ana dalan kanggo bali, Rudi bakalan mulih
Gendis dadi kembang desa ing desa Ngadiluhur
Angine sajak ngajak nari nalika Septi mulih saka omahe Roni
kaya kaya suwek keiris nalika ngerti sliramu mblenjani janji
Lintang lan rembulan melu mesem ndelok atiku kang lagi kasmaran
gatekna pethilan novel ing ngisor iki!
Dicki, Ali lan Bondan anggone bubar ngaso mangan mlaku mlebu kelas isih karo omong omongan. sinambi omong omongan, Dicky weruh Lintang kang metu saka ruang guru, Lintang sajak kaboten gawa buku. Ora let suwe Lintang ngawe awe marang Dicki lan ali, dheweke celuluk “ dic, Al Tulung aku ewangi gawa buku iki!”
Latar panggonan miturut pethilan novel ing dhuwur ana ing….
Dalan
Sekolahan
Taman
Mushola
Ruang kelas
Anggone bapake Rina nyambut gawe tenanan nganti awake entek mung gari balung kulit, mung kanggo ngopeni anake wedok kang paling ditresnani. Tembung kang Balung kulit duweni teges….
Abot banget
Kuru banget
Seneng banget
Rekasa banget
Kepenak banget
Sawise nampa telepon Yulia lunga karo Boy. Yulia banjur mara bar, ing kana dheweke bali main kertu karo kanca-kancane. Dheweke dijebak karo kanca-kancane ngonsumsi narkoba. Yulia ora ngerti apa-apa, bareng wis telung dina yulia bali omah lan di syiriki wong sak omah. Banjur Yulia di dukani bapake amarga polahe.
Pitutur kang kamot ing pethilan novel kasebut yaiku…..
Susah seneng karo kanca
Aja gampang nesu marang wong liya
Dadi wong aja sembrana mundak cilaka uripe
Wong tuwa kudu tresna marang anake
Nulung kanca nalika kena musibah
Nilai kang ana sesambungane karo kebiasaan, adat istiadat/ tradisi/ pakulian ing sawijine panggonan/ tlatah diarani nilai…..
Nilai Moral
Nilai Spiritual
Nilai Budaya
Nilai Agama
Nilai Estetika
Saktekane ning omah, Aminah ora lali ngucapake salam sadurunge mlebu omah, sawise nyelehake tas lan ganti klambi, Aminah jupuk banyu wudhu, bubar wudu, Aminah sholat lan donga supaya sesuk esuk bisa diwenehi kelancaran anggone garap ujian mlebu perguruan tinggi.
Nilai apa kang bisa kajupuk saka pethilan novel ing dhuwur?
Nilai Moral
Nilai Agama
Nilai Sosial
Nilai Budaya
Nilai Estetika
Gendhis yen lelungan mas-masane dienggo kabeh, mula ora aneh yen nganti dheweke dijambret begal. Gendhis wusanane ngetuni tumindhake.
Piwulang kang bisa dijupuk saka pethilan novel ing dhuwur yaiku….
Setiti, ngirit nguakake dhuwit
Sregep lelungan kanthi klambi kang rapi
Aja lelungan adoh-adoh
Becik menawa lelungan sing prasaja lan ora ngumbar
Yen arep lunga kudu disiapake dhisik
Ing ngisor iki pethilan novel kang duduhake nilai sosial yaiku….
Saben krungu adzan, Rizal age-age lunga masjid kanggo sholat berjamaah, dhewek ora pernah ketinggalan anggone sholat jamaah, luwih-luwih dheweke malah sering adzan lan kala-kala dadi imam masjid
Langit sore dina iki katon endah, warnane kang orange semu ungu ketok sumilak nambahi endah sore kuwi, ora pengen kalah manuk manuk uga melu nglukis langit karo swiwine. Kuwi kabeh kahanan kang biasa di delokn ing desa Sukasemi saben sore
Andi lan Sapto dina kuwi males banget anggone mangkat kerja bakti, sejatine dina kuwi kerja baktin kanggo bangun jembatan kang jebol amarga kena banjir wingi sore, jembatan kang dadi dalan utama nyambungake desa Gununggiri lan Wonokromo kuwi pancen wis tuwa lan butuh didanani
Pancen wis saben taun tradisi nglarung sesajen kalaksanan ing desa Girimili. Kabeh warga ngmpul mengeti dina sedakah desa, saka sesajen sirah kebo, tetanduran nganti piranti masak kabeh dicepakake kanthi rapi denign warga desa. Dadi ora gumun menawa desa Girimili katon asri lan endah.
Adi njunjung adine kang ora bisa mlaku kuwi, pancen wis rong taun kepungkur adine lara amarga kecilakan nalika mangkat sekolah, Adi ora isin marang kanca-kancane yen ta kudu gendong adine mara ngendi-ngendi.
Nalika maca sinopsis novel hal hal kang perlu digatekake ing ngisor iki kajaba….
Pelafalan
Jeda teratur
Rima lan sajak
Irama
Komunikatif
