wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

DRAFT PTS BHS JAWA XI

Total questions: 43

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Serat Wedhatama Kaanggit dening

a)

KGPAA Mangkunegaraan IV

b)

KGPAA Hamengkubuwana IV

c)

KGPAA Paku Alam IV

d)

Prasetya Eka Purnomo

e)

KI Hajar Dewantara

2.

ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||

tembang ing ndhuwur kalebu tembang

a)

Mijil

b)

Maskumambang

c)

Pocung

d)

Durma

e)

Kinanthi

3.

kang kalebu guru Wilangan lan Guru lagu tembang macapat Pocung yaiku ....

a)

12i,6a,8u,13e

b)

12u,6a,12a,8i

c)

12u,12a,6a,8i

d)

12u,6a,8i,12a

e)

6a,8i,12a,12u

4.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

sewelas

b)

pitu

c)

wolu

d)

sepuluh

e)

lima

5.

cacahing gatra saben sapada dipunwastani...

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru wilangan

d)

guru basa

e)

guru wirama

6.

cacahing wanda saben sagatra yaiku...

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru basa

e)

guru wirama

7.

ingkang kalebet tembang macapat kajaba ...

a)
b)
c)
d)
e)
8.

sing dudu tembang ing Serat Wedhatama yaiku...

a)

Pangkur

b)

Sinom

c)

Dhandhanggula

d)

Kinanthi

9.

ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||

Wos Surasane tembang ing ndhuwur, yaiku ....

a)

golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan

b)

golek ngelmu iku kalakone kudu rekasa

c)

bisa entuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat kang ala

d)

yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh

e)

goelk ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil

10.

Angkara gung neng angga anggung gumulung ateges ...

a)

manungsa iku bakal urip ing telung alam

b)

angkara murka kang dumunung ing awake dhewe

c)

aja mihak marang wong kang tumindak culika

d)

yen tumindak ala ora dikendaleni bakal nyilakani

e)

angkara yen ora dikendaleni bakal nuwuhake prakara

11.

beda lamun wus sêngsêm rèh ing asamun | sêmune ngaksama | sêsamane bôngsa sisip | sarwa sarèh saking mardi martotama ||

tembang ing dhuwur ing serat Wedhtama Pupuh Pocung kaserat ing pada ....

a)

5

b)

7

c)

9

d)

1

e)

3

12.

basa ngèlmu mupakate lan panêmu | pasahe lan tapa | yèn satriya tanah Jawi | kuna-kuna kang ginilut tri prakara ||

tembung ginilut ateges ....

a)

sabangsane

b)

pasahe

c)

dadi dasar

d)

kena, nyandhang

e)

nrima, iklhas

13.

durung pêcus kasusu kasêlak bêsus | amaknani rapal | kaya sayid wêton Mêsir | pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning janma ||

teges sing jumbuh karo tembung gatra siji, yaiku ...

a)

wong kang durung jejeg kapintaren wes wani guruni uwong

b)

wong kang ora nduwe ngelmu kang becik

c)

wong kang kesusu selak bisa ajar ngelmu kang jumbuh

d)

pengen bisa ajar ngelmu kang migunani

e)

aja ngelmu kudu bisa sabar

14.

Tembang Macapat kang Kalebu ing Serat Wedhtama, yaiku ....

a)

Kinanthi

b)

Mijil

c)

Maskumambang

d)

Gambuh

e)

Sinom

15.

priyayi kang nganggit Serat Wedhtama yaiku panguwasa wewengkon ing

a)

Kraton Kasunanan

b)

Mangkunegaran

c)

Surabaya

d)

Kediri

e)

Sriwedari

16.

surasa ing serat Wedhatama pupuh Pocung ana gegayutane karo ....

a)

laku prihatin

b)

laku nelangsa

c)

cara golek mungsuh

d)

budi pekerti lan tumindak becik

e)

cara golek ilmu

17.

Cacahe pada tembang Pocung ing Serat Wedhatama ana ....

a)

12

b)

13

c)

14

d)

16

e)

15

18.

Tembang Pocung iku nduweni watak ....

a)

sembrana

b)

samundur

c)

luwes

d)

trengginas

e)

sak penake dewe

19.

Ing ngisor iki sasmitane tembang Pocung, kajaba

a)

Pocung

b)

cung

c)

Kluwak

d)

wohing kluwak

e)

logondhang

20.

Tembang Pocung iku gambarake ....

a)

wong edan

b)

bocah cilik

c)

wong seda

d)

guyup rukun

e)

wong serang

21.

sing diarani novel yaiku

a)

karya sastra awujud prosa kang misuwur, isine ngemot crita kang rinakit

b)

crita cekak kang misuwur, isine ngemot crita kang rinakit

c)

karya sastra awujud prosa kang dicritakke kanthi ke dawa-dawa

d)

karya sastra kang awujud kidung

e)

karya sastra sing critane ora bakal iso tamat

22.

novel kang isine ana gegayutane karo cara ngudhari prastawa, kalebu jinishing novel

a)

mite

b)

horor

c)

detektif

d)

komedi

e)

kriminal

23.

Satunggal dinten wonten oto mogok ing satunggaling bulak, kaprenah sangandhaping dhusun Kledung. Wonten 3 priyayi ing salebeting oto wau. Raden Bei asisten, Raden Ayu Asisten saha Raden Ajeng Tien. Sawatawis radi dangu nengga pitulungan lajeng wonten oto sanes mandheg ing sawingkingipun ingkang dipun sopiri dening Rapingun. Boten let suwe oto wau sampun saged dipunstater malih.

Cekakipun cariyos Rapingun ingkang waunipun dados sopiripun Nyonyah Hien, lajeng piyambakipun dados sopir Raden Bei Asisten ing ndalem ngasistenan Ngadirejo. Mlampah setunggal wulan anggenipun Rapingun tumut Raden Bei Asisten. Rapingun dipun anggep kadosta putranipun kiyambak dening Raden Bei.

Sejatosipun Rapingun menika turunan saking tiyang ingkang mulya. nama aslinipun R.M Sutanto. Ananging piyambakipun ngulandara wonten ing pundi pundi.


Saka isine sinopsis ing dhuwur ,bisa diarani nduwe unsur ekstrinsik yaiku ...

a)

nilai ekonomi

b)

nilai pendidikan

c)

nilai sosial

d)

nilai agama

e)

nilai moral

24.

Ing ngisor iki kang dadi tegese alur yaiku ...

a)

Gagasan baku kanggo landhasan nganggit crita kang dijupuk saka pengalaman, panaliten, gagasan utawa pangangen-angen

b)

Katrangan papan, wektu,lan swasana kadadeyan

c)

Lakuning crita saka wiwitan nganti pungkasan. Jinise yaiku maju, mundur, lan campuran

d)

Sipat utawa wewatekane para paraga

e)

Irah-irahaning kang dadi punjering crita

25.

Kang ora kalebu titikane novel yaiku, kajaba ...

a)

Paraga lan watak paraga bisa akeh

b)

Duweni alur/plot kang ora kompleks

c)

Tema ing novel mung siji

d)

Jumlahe kaca(halaman) kurang saka 20 kaca

e)

Cacahe tembung kurang saka sewu tembung

26.

"bareng nembe oleh setahun, ibuku anjar malih sipate. Katresnane menyang aku ilang, malih dadi sengit, lan kadangkala wani nangani aku"

tema kang kaandhut sajroning pethikan novel yaiku....

a)

katresnan

b)

kulawarga

c)

pendhidhikan

d)

sosial

e)

ekonomi

27.

gegayutan antar prastawa kang nduweni sipat sebab akibat lan runtut utawa kronologis crita diarani....

a)

amanat

b)

paraga

c)

sudhut pandhang

d)

irah-irahan

e)

alur

28.

ing ngisor iki klebu latar panggonan yaiku....

a)

angin wus sumilir

b)

lintang ing tawang

c)

kriwikan manuk

d)

gedhong

e)

peteng njekut

29.

crita kang njlentrehake kedadeyan kepungkur gunakake alur ....

a)

mundur

b)

maju

c)

campuran

d)

ngarep

e)

mburi

30.

posisi panganggit nglungguhake paraga punjer ing critane diarani ....

a)

wewatek

b)

alur

c)

sudhut pandhang

d)

amanat

e)

latar

31.

saben crita mesthi ana amanat kang kaandhut sajrone crita. tegese amanat yaiku......

a)

ajaran materi didaktis kang bakal dibabar utawa dijlentrehake pengarang.

b)

ajaran fisik kang bakal dibabar utawa dijlentrehake pengarang.

c)

ajaran moral utawa pesen didaktis kang bakal dibabar utawa dijlentrehake pengarang.

d)

wektu nalika kedadeyan ana ing sajrone crita

e)

rerangken prastawa kang nggambarake kedadeyan siji karo kedadeyan liyane.

32.

Unsur novel kang kang disinaoni saliyane babagan isi novel kasebut uga bisa magepokan karo panganggite. Unsur ekstrinsik kang dikarepake saka katrangan kasebut yaiku...

a)

piwulang

b)

tema

c)

paraga

d)

alur

e)

otobiografi

33.

Nalika maca teks novel baka diprangguli wacan kang ngemot babagan gambaran ing papan panggonan, wektu, kedadeyan, lan uga kahanan ing sajroning crita. Gambaraning papan, wektu, lan kahanan ing sajroning crita diarani...

a)

paraga

b)

alur

c)

latar

d)

tema

e)

sinopsis

34.

Katon gedhe agung merbawani. Menawa cinandra kaya makhota ratu kang kebak sesotya manik. Disawang saka sisih wetan njegreg dhuwur kaya nyundhul langit. Apamaneh menawa wanci esuk katon endah kinemulan mega putih. Dene ing wanci sore kaya dadi papan paturone sang bagaskara. Pancen endah milangoni Gunung Lawu kang kebak wadi kuwi.

Nilai ingkang kakandhut wonten ing pethikan novel inggih menika ….

a)

sosial

b)

hedorik

c)

latar

d)

kultural

e)

Gaya bahasa

35.

Gusti pancen ngukir alam iki minangka ayat-ayat suci kang kudu dionceki werdine. Kalebu Gunung Lawu sing kawentar endahe uga kramat. Ora sithik pawongan sing padha munggah, kanthi tujuan maneka warna. Ana sing olah batin, pandhakian utawa liya-liyane.

Tegesipun tembung ingkang seratanipun miring inggih menika ….

a)

Pasir

b)

Ajrih

c)

Makna

d)

Kulit

e)

Tuladha

36.

Isih cetha, njarem ing ati lan gumawang ing mripat. Nalika iki udan deres, dalane gembel banget. Dalan padesan sing durung mambu aspal. Ana kenya iwut mbuwangi endhut sing ngebaki rodha sepedhahe. Lan ya kenya iku sing jeneng Pratiwi. Mardika kang lagi bali saka mulang age-age tumandhang, aweh pitulungan. Clanane diwingkis, lengen klambine digulung, dalane dalan padesan, pancen ya mangsa udan, ya ampuunn. Becek lan lunyu. Sepedha ora bisa mlaku, marga rodhane gembel lemah, kepeksa banjur disurung. Kekarone banjur kenalan lan diterusake kekancan. Pratiwin putrane wong sugih desa kono, sekolahe ana SMA. Mardika, pak guru saka kutha ketemu Pratiwi ana dalan sangisoring lamtara-lamtara pinggir desa.

Nilai ingkang kakandhut wonten pethikan novel kasebut inggih menika ….

a)

sosial

b)

kultural

c)

etik

d)

paraga

e)

latar

37.

Arga saiki wis kelas loro SMP sing manggon ing desane lagi angon wedhuse. Pikire mumpung dina Minggu bisa rerewang wong tuwane. Niyate wedhus kuwi mengko dikalar banjur njegur sawah ngrewangi matun simboke.

Wosing saking teks pethikan novel inggih menika ….

a)

Arga bocah sregep

b)

Rerewang tiyang sepuh niku tumindak ingkang becik

c)

Arga bocah ingkang remen ngalar wedhus

d)

Arga mbiyantu ibuk matun wonten sabin

e)

Arga bocah ingkang sae amargi sregep lan remen mbiyantu tiyang sepuhipun

38.

Dhasar Desa Banjar sing masarakate isih ngugemi tradisi, awit saka iku rasa tepa salira uga gotong royong lan tata krama isih dijunjung. Kalebu saben taune nganaake acara bersih desa utawa nyadran. Ora lali menawa wancine panen, sing duwe sawah padha nggawa ambengan wujud panggang buceng kanggo ngleluri acara methil. Kabeh minangka tandha sukure marang Gusti kang paring kamurahan sandhang lan pangan. 

Nilai ingkang kakandhut wonten pethikan novel ing dhuwur inggih menika ….

a)

Sosial

b)

Kultural

c)

Pendhidhikan

d)

Kesehatan

e)

Etik

39.

Ing ngisor niki kalebu nilai novel kajaba ....

a)

kultural

b)

biografi penganggit

c)

sosial

d)

etik

e)

hedorik

40.

Isih cetha, njarem ing ati lan gumawang ing mripat. Nalika iki udan deres, dalane gembel banget. Dalan padesan sing durung mambu aspal. Ana kenya iwut mbuwangi endhut sing ngebaki rodha sepedhahe. Lan ya kenya iku sing jeneng Pratiwi. Mardika kang lagi bali saka mulang age-age tumandhang, aweh pitulungan. Clanane diwingkis, lengen klambine digulung, dalane dalan padesan, pancen ya mangsa udan, ya ampuunn. Becek lan lunyu. Sepedha ora bisa mlaku, marga rodhane gembel lemah, kepeksa banjur disurung. Kekarone banjur kenalan lan diterusake kekancan. Pratiwi putrane wong sugih desa kono, sekolahe ana SMA. Mardika, pak guru saka kutha ketemu Pratiwi ana dalan sangisoring lamtara-lamtara pinggir desa.

Wosing saking pethikan novel ing dhuwur yaiku ....

a)

kahanan desa kang dalane jeblok

b)

nembe udan deres

c)

naika mangsa udan

d)

Pak Mardika guru SD

e)

Pratiwi putrane wong sugih

41.

Iku wiwitane dheweke wanuh karo kulawarga Hadimartono, wong sugih ing desa kono. Banjur memitrane karo Pratiwi apik lan sateruse thukul katresnan. Pratiwi kang ruruh lan wingit pasemone sing dadi kembange padesan kono, lan pak guru Mardika simpatik padha dene wis ginadhuhan rasa tresna.

Nilai kang kakandhut wonten ing perangan novel yaiku ....

a)

kultural

b)

hedorik

c)

sosial

d)

latar

e)

amanat

42.

 

Isih cetha, njarem ing ati lan gumawang ing mripat. Nalika iki udan deres, dalane gembel banget. Dalan padesan sing durung mambu aspal. Ana kenya iwut mbuwangi endhut sing ngebaki rodha sepedhahe. Lan ya kenya iku sing jeneng Pratiwi. Mardika kang lagi bali saka mulang age-age tumandhang, aweh pitulungan. Clanane diwingkis, lengen klambine digulung, dalane dalan padesan, pancen ya mangsa udan, ya ampuunn. Becek lan lunyu. Sepedha ora bisa mlaku, marga rodhane gembel lemah, kepeksa banjur disurung. Kekarone banjur kenalan lan diterusake kekancan. Pratiwin putrane wong sugih desa kono, sekolahe ana SMA. Mardika, pak guru saka kutha ketemu Pratiwi ana dalan sangisoring lamtara-lamtara pinggir desa.

Wosing saka pethikan novel ing dhuwur yaiku ....

a)

wit lamtara-lamtara ing desa

b)

Nalika udan deres ing desa

c)

Pratiwi nyurung pit ing dalan kang jeblok

d)

Pak Guru ketemu Pratiwi ing ngisor wit lamtara

e)

Pratiwi putrane wong sugih

43.

“Iki mau saka tindak ngendi, Dhik?” pitakone Mardika.

            “Saking daleme Simbah?” jawabe Pratiwi.

            “Ooo, malem Minggon, ta?”

            Pratiwi ora mangsuli, mung mesem. Banjur:

            “Matur nuwun, Pak Guru,” ucap panarimane Pratiwi bareng Mardika wis rampung ngresiki sepedhahe Pratiwi.

            “Padha-padha.”

Wosing saka pethikan novel ing dhuwur inggih menika ....

a)

Mardika ngeterke Pratiwi wangsul

b)

Mardika nulungi Pratiwi ing dalan

c)

Pratiwi wangsil saking daleme simbah

d)

Sepedha Pratiwi rusak

e)

Dalane jeblok