WorksheetsBebrayan lan pranatacara
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Aku tuku sepatu ana ing Jogja City Mall. Ukara kasebut mlebu basa ngoko lugu bener apa salah?
Bener
Salah
Pranatacara tegese yaiku...
tiyang ingkang jejibahan mirsani acara
tiyang ingkang jejibahan dukung acara
tiyang ingkang jejibahan mimpin acara
tiyang ingkang jejibahan damel acara
Rambut iku basa krama inggile rikma. Iku bener apa salah?
Salah
Bener
Apa tegese bebrayan
Padha padu
padha gojek
padha geseh
padha rukun
Bapak ... nyambut damel wanci sonten
(a)
Anak matur karo wong tuwa nggunakna basa...
ngoko lugu
ngoko alus
krama alus
krama lugu
Basa Jawa ingkang disinau ana ing tingkat SMP cacahe ana pira lan apa wae
(a)
Apa wae struktur pranatacara sing wajib ana ing acara
(a)
Ibu, aku pamit tak mangkat sekolah dhisik ya. jaluk donga pangestune. Menawa ukara kasebut diubah ana ing basa krama inggil dados...
(a)
Apa jeneng liyane pranatacara
Pambagyaharga
Pewara
Panuntun
Pangombyong
sampeyan mang mriki sedhela. Ukara kasebut nganggo basa...
Ngoko alus
Ngoko lugu
krama lugu
krama alus
"Ibu pergi ke pasar membeli telur dua kilo". Ukara kasebut diubah ana ing basa krama inggil dados...
(a)
Apa isine Purwaka utawa Pambuka ana ing acara
Atur pangandikan nutup acara
atur pangandikan minangka pambuka
atur pangandikan pambagyaharja
atur pangandikan mimpin acara
Apa wae perangane(bagian) pambuka utawa purwaka?
(a)
Basa krama inggil mulih kanggo awakedhewe
Mangkat
Wangsul
Budhal
Kondur
Amalia didhukani Ibu merga mulih kewengen. Ukara kasebut mlebu ana ing basa...
Ngoko alus
krama alus
ngoko lugu
krama lugu
Pigunane basa Ngoko Alus kanggo, kejaba...
Guneman marang wong kang enom utawa drajade luwih cendhek
Guneman marang wong drajade dhuwur nanging wis rumaket
Kanggo sesorah utawa pidato sing sifate umum
Wong Ngudarasa utawa guneman dhewe
Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!
Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”
Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”
Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”
Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”
Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”
Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.
Pratelan dialog ing ndhuwur nggunakake ragam basa..
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Basa kramane turu kanggo awakedhewe
Mlungker
bobok
Tilem
sare
Bapak tindak kantor nalika kula taksih adus. Bener apa luput ukara menika.
Bener
Luput
