wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian (Cerita Wayang)

Total questions: 30

Worksheet time: 8hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Tembung "wayang" duwe tembung asal yaiku?

a)

Ayang-ayang

b)

Layang-layang

c)

Sayang-sayang

d)

Awang-awang

2.

Wayang ing tanah Jawa wis ana kawit jaman keraton apa?

a)

Sriwijaya

b)

Majapahit

c)

Mataram kuna

d)

Singasari

3.

Wayang ing ngisor iki dilakonake dening dalang, kajaba?

a)

Wayang kulit

b)

Wayang beber

c)

Wayang klithik

d)

Wayang wong

4.

Wayang kang bageyane digawe saka kulit, kajaba?

a)

Wayang kulit

b)

Wayang beber

c)

Wayang klithik

d)

Wayang gedhog

5.

Wong kang duwe garapan nabuh gamelan ing pentas pewayangan kasebut?

a)

Niyaga

b)

Waranggana

c)

Pangerong

d)

Sindhen

6.

Wayang kang sumber caritane saka cina, kasebut wayang?

a)

Wayang menak

b)

Wayang potehi

c)

Wayang gedhog

d)

Wayang madya

7.

Dene wayang kang sumber caritane saka kitab injil disebut?

a)

Wayang wahyu

b)

Wayang suluh

c)

Wayang babad

d)

Wayang sadat

8.

Cerita wayang duwe unsur pembangun loro, yaiku?

a)

Intrinsik lan ekstrinsik

b)

Intrinsik lan eksplisit

c)

Interpretatif lan ekstrinsik

d)

Interpretatif lan eksplisit

9.

Ing ngisor iki kalebu struktur crita saka teks wayang, kajaba?

a)

Pambuka

b)

Pangudhar

c)

Panutup

d)

Panyaruwe

10.

Ana pira bojone resi kasyapa ing carita garudheya?

a)

11

b)

12

c)

13

d)

14

11.

Sapa jeneng bojone Resi Kasyapa kang ora bisa meteng?

a)

Dewi kadru lan dewi wirata

b)

Dewi kadyu lan dewi winata

c)

Dewi kadru lan dewi winata

d)

Dewi kadyu lan dewi wirata

12.

Garudha kang netes dhisik wujude cacat, jenenge yaiku

a)

Aruna

b)

Aruni

c)

Arunti

d)

Arunta

13.

Geneya ibune sang Garudha bisa dadi babu para Naga?

a)

Sebab ibune garudha kleru nyebut wernane buntut jaran

b)

Sebab ibune garudha kalah totohan werna buntut jaran amarga dicurangi ibune naga

c)

Sebab ibune naga menang anggone mbedhek wernane buntut jaran

d)

Sebab ibune naga ora seneng karo ibune garudha

14.

Dewa kang ngrebut tirta amarta saka garudha jenenge sapa?

a)

Brama

b)

Wisnu

c)

Surya

d)

Indra

15.

Saka ing endi raden keraton asale raden Narasoma?

a)

Mandaraka

b)

Mandrapati

c)

Mandranagra

d)

Mandraguna

16.

Kena apa Narasoma wegah melu Begawan Bagaspati ing pertapan Argabelah?

a)

Amarga Narasoma wedi karo Bagaspati

b)

Amarga Narasoma ngira yen putrine Bagaspati uga wujud raseksa

c)

Amarga Narasoma ora pengin rabi

d)

Amarga Narasoma pengine meguru marang begawan liyane

17.

Merga apa Narasoma yen saben srengenge metu dheweke ora ana ing omah?

a)

Narasoma lunga menyang alas

b)

Narasoma meguru ilmu kanuragan

c)

Narasoma isin duwe maratuwa buta

d)

Narasoma pengin bali menyang negarane

e)

Narasoma ora seneng karo bojone

18.

Begawan Bagaspati duwe aji-ajian kang diturunake marang Narasoma, yaiku?

a)

Candrabirawa

b)

Candrabiwara

c)

Candrawiraga

d)

Candrawiraja

e)

Candrawikala

19.

Kepiye pasemon kang diunekake dening Narasoma amarga ora seneng karo wong tuwane bojone?

a)

Kembang kang dijaga naga

b)

Kembang kang dijaga baya

c)

Kembang kang dijaga singa

d)

Kembang kang dijaga ula

20.

Kepriye pernahe Raden Narasoma karo para pandhawa?

a)

Paklike para pandhawa

b)

Pakdhene para pandhawa

c)

Sedulure para pandhawa

d)

Simbahe para pandhawa

e)

Budhene para pandhawa

21.

Sapa kang nuduhake garudha papan dununge sang ibu?

a)

Brahma

b)

Wisnu

c)

Surya

d)

Indra

22.

Dasanama bisa uga diarani apa?

a)

Antonim

b)

Sinonim

c)

Hipernim

d)

Homonim

e)

Akronim

23.

Dasanamane srengenge kang trep kajaba?

a)

Bagaskara

b)

Surya

c)

Bawana

d)

Baskara

24.

Dasanama wong kang nabuh gamelan ing ngisor bener, kajaba?

a)

Pangrawit

b)

Niyaga

c)

Pradangga

d)

Waranggana

25.

Tembung kang ora oleh didadekake krama inggil ing unggah ungguh basa mawa krama alus yaiku?

a)

Aku

b)

Kowe

c)

Dheweke

d)

Kabeh jawaban kleru

26.

Bapak apa kowe wis sida mangan sega? ukara kang kacithak miring yen digawe tembung krama alus benere kepriye?

a)

Bapak napa njenengan empun siyos dhahar sekul?

b)

Bapak napa njenengan sampun siyos dhahar uwos?

c)

Bapak punapa panjenengan empun siyos dhahar uwos?

d)

Bapak punapa panjenengan sampun siyos dhahar sekul?

e)

Bapak punapa panjenengan sampun siyos dhahar uwos?

27.

Ukara "kowe arep nengdi? " Yen didadekake krama alus kepriye tulisane?

a)

Panjenengan badhe dhateng pundi?

b)

Panjenengan kersa tindak pundi?

c)

Panjenengan ajeng dhateng pundi?

d)

Panjenengan badhe tindak pundi?

e)

Panjenengan kersa tindak dhateng pundi?

28.

"Kula nyuwun kawigatosanipun panjenengan sekedhap inggih bapak kaliyan ibu sedanten" Wonten tetembungan ingkang klintu saking ukara punika, inggih punika?

a)

Nyuwun

b)

Kawigatosanipun

c)

Sekedhap

d)

Kaliyan

e)

Sedanten

29.

Tembung wonten ngandhap punika saged dipundamel ing ukara mawi krama alus, inggih punika?

a)

Njenengan

b)

Tanganipun

c)

Napa

d)

Mundhutake

e)

Kakang

30.

Kula ... donat ing toko, nalika ibu ... ageman saking lemari.

a)

Tumbas, mendhet

b)

Tumbas, mundhut

c)

Mendhet, mundhut

d)

Mundhut, mendhet

e)

Mundhut, ngasta