Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pengayaan Pawarta Kelas VIII

Total questions: 20

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Kurang luwih 1.208 calon jamaah haji asal kabupaten Kebumen bakal dibudhalake menyang tanah suci Mekah tanggal 11 Juli 2019. Cacah semono mau diperang dadi patang kelompok terbang (kloter) yaiku kloter 19, 20, 30, lan 31. Saka patang kloter kasebut rong kloter wutuh, 2 kloter meneh gabungan karo kabupaten liya.

Irah-irahan kang trep kanggo pethikan pawarta ing ndhuwur yaiku .....

a)

Patang Kloter Calon Jamaah Haji

b)

1.208 Calon Jamaah Haji

c)

Calon Jamaah Haji Asal Kebumen bakal dibudhalake Menyang Mekah

d)

Jamaah Haji Kebumen Bakal Digabung karo Kabupaten Liya

2.

Kurang luwih 1.208 calon jamaah haji asal kabupaten Kebumen bakal dibudhalake menyang tanah suci Mekah tanggal 11 Juli 2019. Cacah semono mau diperang dadi patang kelompok terbang (kloter) yaiku kloter 19, 20, 30, lan 31. Saka patang kloter kasebut rong kloter wutuh, 2 kloter meneh gabungan karo kabupaten liya.

Unsur 'sapa' ing pawarta kasebut yaiku ....

a)

1.208 calon jamaah haji

b)

4 kelompok terbang (kloter)

c)

kloter gabungan

d)

kloter 19, 20, 30, lan 31.

3.

Tuladha medhia cithak pawarta yaiku (a)  

4.

Laporan prastawa/kedadeyan kang mentas/nembe dumadi diarani .....

a)

Pawarta

b)

Medhia

c)

Layang Kabar

d)

Koran

5.

Ing ngisor iki tuladha medhia internet pawarta kajaba .....

a)

Kumparan.

b)

Instagram.

c)

YouTube.

d)

TV

6.

Kang tuladha ariwati yaiku .....

a)

Layang Kabar Joko Lodhang

b)

Layang Kabar Panjebar Semangat

c)

Koran Jawa Pos

d)

YouTube Pawartos Limo

7.

Tumapake mangsa ketiga ndadekake sumber-sumber banyu (tuk) padha asat. Akibate warga Kebumen akeh kang bingung anggone nyukupi kabutuhan sumber banyu bening. Sebab kena dipasthekake sumur-sumur kang dadi sumber utama ora metu banyune.

Tuladha kang bisa ditemokake yaiku warga ing wilayah kecamatan Pejagongan iring lor kang mepet karo kali Lukulo, kanggo nyukupi kebutuhan umbah-umbah prabot bala pecah lan sandhangan kepeksa kudu menyang kali.

Inti saka perangan pawarta kasebut yaiku .....

a)

Mangsa ketiga meksa warga nggunakake banyu kali.

b)

Warga Pejagongan nggunakake banyu kali amarga seneng hemat banyu.

c)

Warga Kebumen menyang kali kanggo umbah-umbah.

d)

Sumber banyu bening kang asat ora nyurutke niat warga kanggo umbah-umbah.

8.

Tumapake mangsa ketiga ndadekake sumber-sumber banyu (tuk) padha asat. Akibate warga Kebumen akeh kang bingung anggone nyukupi kabutuhan sumber banyu bening. Sebab kena dipasthekake sumur-sumur kang dadi sumber utama ora metu banyune.

Tuladha kang bisa ditemokake yaiku warga ing wilayah kecamatan Pejagongan iring lor kang mepet karo kali Lukulo, kanggo nyukupi kebutuhan umbah-umbah prabot bala pecah lan sandhangan kepeksa kudu menyang kali.

Tembung 'mangsa ketiga' ing pethikan pawarta ing ndhuwur duweni teges ...

a)

Mangsa arang udan

b)

Mangsa nomer tiga

c)

Mangsa akeh udan

d)

Mangsa kali deres

9.

Perangan teras/pokok pawarta ngandharake unsur-unsur pawarta.

a)

Bener

b)

Salah

10.

BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan.

Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake pari-parine supaya ora kesuwen kakum banyu udan.

Miturut pethikan pawarta ing ndhuwur, papan kedadeyan prastawa banjir lan udan ana ing ....

a)

Sawah

b)

Kota Sampang

c)

Bangkalan

d)

Jawa

11.

Isi pawarta kasebut ngandharake ....

a)

Rega lombok larang amarga tanduran lombok padha kena penyakit.

b)

Tanduran lombok kang kena penyakit isih lumrah.

c)

Lombok larang kudu ditindakake operasi pasar.

d)

Produksi lombok ing kabupaten Bantul mundhak.

12.

Gambar pawarta ing ndhuwur nduweni tema ....

a)

Bencana

b)

Politik

c)

Ekonomi

d)

Kriminal

13.

Perangan pawarta kang ngandharake runtutane prastawa diarani .....

a)

Irah-irahan

b)

Judhul

c)

Teras / pokok

d)

Awak

14.

Pawarta kudu narik kawigatosan masyarakat, mula pawarta duweni sipat ....

a)

Faktual

b)

Aktual

c)

Publisitas

d)

Interest

15.

Pawarta nduweni sipat obyektif kang duweni teges ....

a)

Apa anane

b)

Adhedhasar Fakta

c)

Nyata

d)

Anyar

16.

Unsur pawarta 'kapan' ngenani papan kedadeyan pawarta

a)

Bener

b)

Salah

17.

Tuladha unsur kena apa ing pawarta yaiku ....

a)

Amarga akehe tanduran lombok kang katerak penyakit njalari produksi lombok ing Kabupaten Bantul anjlok.

b)

Kebumen, Selasa 25 Juni 2019 nggelar Pilihan Kepala Desa serempak sakabupaten.

c)

Tumapake mangsa ketiga ndadekake sumber-sumber banyu (tuk) padha asat. Akibate warga Kebumen akeh kang bingung anggone nyukupi kabutuhan sumber banyu bening. Sebab kena dipasthekake sumur-sumur kang dadi sumber utama ora metu banyune.

d)

1.208 Calon Jamaah Haji asal Kabupaten Kebumen bakal dibudalake menyang tanah suci Mekah.

18.

Pawarta kang terbite ora saben dina, ananging saben minggu utawa sasi diarani ...

(a)  

19.

Kang ora kudu digatekake menawa maca pawarta yaiku ....

a)

Cepet alone maca

b)

Pamedhote tembung

c)

Ekspresi lan sikap

d)

Wujud cengkorongan pawarta

20.

Menawa gawe pawarta kudu nduweni sifat publisitas utawa bisa dimangerteni, mangka kudu nggunakake basa kang ....

a)

baku

b)

alus

c)

dhuwur

d)

angel