Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA SEMESTER I KELAS 7

Total questions: 43

Worksheet time: 1hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

1.       Aksara Jawa jumlahe ana piro ?

a)

12

b)

20

c)

22

d)

25

2.

Tembung "tinulis" nduweni tembung lingga apa ?

a)

Nulis

b)

Ditulis

c)

Tulis

d)

Nulisi

3.

Karma inggile mangan yaiku….

  

a)

Nedha

b)

     Sare

c)

Dhahar

d)

Mundhut

4.

Adhik tumbas jajan, yen ibu…..gendhis  

a)

Tumbas

b)

Tuku

c)

Njupuk

d)

Mundhut

5.

Struktur teks profil tokoh ana 3, yaiku orientasi, prastawa, lan……

a)

Deskripsi

b)

Identifikasi

c)

Narasi

d)

Re-orientasi

6.

Ing ngisor iki seng kelebu tembung kriya (kata kerja) yaiku....

a)

Ayu

b)

Mangan

c)

Adem

d)

Panas

7.

 

Tembung seng nduwe swara jejeg a yaiku…. 

a)

Lara

b)

Sapa

c)

Apa

d)

Bapak

8.

 

Tegese tembung wilangan yaiku….

a)

Kata bilangan

b)

Kata dasar

c)

Kata imbuhan

d)

Kata sifat

9.

Karma inggile kowe yaiku….

   

a)

Sampeyan

b)

Panjenengan

c)

Dheweke

d)

Kula

10.

Tembung wedhi tegese…..

a)

Pasir

b)

Perasaan takut

c)

Gelem

d)

Seneng

11.

Bagaimana perasaanmu belajar bahasa Jawa kembali?

a)

Bahagia

b)

Sedih

c)

Takut

d)

Bingung

e)

Terkejut

12.

Apa makanan yang ingin kamu makan hari ini?

a)

Bakso

b)

Mie ayam

c)

Nasi

d)

Gado-gado

e)

Lainnya

13.

Apa warna kesukaanmu?



(a)  

14.

Tulisen jeneng lengkapmu kanthi format: kelas_nomer absen_jeneng lengkap kang ditulis nganggo huruf kecil kabeh! Tuladhane:

7a_01_aisyah murdianawati

4 lines
15.

Tembung lingga yaiku ....

a)

Tembung sing wis owah saka asale

b)

Tembung sing durung owah saka asale

c)

Tembung sing oleh seselan

d)

Tembung sing durung oleh seselan

16.

Tuladhane tembung lingga yaiku ....

a)

Tangis

b)

Nangis

c)

Ditangisi

d)

Ditangis

17.

Tembung andhahan yaiku ....

a)

Tembung sing nggunakake tembung panguwuh

b)

Tembung sing kacambor

c)

Tembung sing wis owah saka asale

d)

Tembung sing durung owah saka asale

18.

Tembung lingga bisa dadi tembung andhahan amarga oleh ....

a)

Wuwuhan

b)

Seselan

c)

Kacambor

d)

Kabeh wangsulan bener

19.

Tembung "sapu" yen oleh ater- ater anuswara owah dadi ....

a)

disapu

b)

koksapu

c)

nyapu

d)

sapu- sapu

20.

Tembung "gumebyar" kadhapuk saka tembung ....

a)

gu- + mebyar

b)

gu- + -me- + -byar

c)

gebyar+ -um-

d)

gebyar- gebyar

21.

Tembung "mlayu" yen oleh pangrimbag dwi lingga salin swara dadi ....

a)

mlayu- mlayu

b)

mloya- mlayu

c)

playon

d)

ployan- playon

22.

Tembung "nagasari" kalebu tembung andhahan kang oleh ....

a)

Ater- ater tri purusa

b)

Seselan -in-

c)

Kacambor wutuh

d)

Karangkep dwi purwa

23.

Tembung- tembung iki sing oleh ater- ater tri purusa yaiku ....

a)

dipangan, turu, ngombe

b)

adus, dipakani, digambar

c)

dakgawa, koktuku, disilih

d)

omah- omah, nagasari, lir- ilir

24.

Krama Alusipun "Aku" :

a)

Kula

b)

Aku

c)

ingsun

d)

beta

25.

Krama Alusipun "mangan" :

a)

nedha

b)

dhahar

c)

mangan

d)

nguntal

26.

Basa kang dinggo bocah-karo bocah utawa saumuran yaiku ….

a)

krama

b)

Krama Alus

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama Lugu

27.

"Kadingaren pakdhe, dalu-dalu tindak mriki." Ature Andri.

"Iya nduk, ana perlu karo bapakmu. Bapak ana?"

Basa kang digunakake Andri yaiku …

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Alus

d)

Krama Lugu

28.

Unggah-ungguh Basa Jawa dibedakake dadi 4 tataran, yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

29.

‘"Saben dina, bapakku budhal kerja numpak sepeda motor. Nek bapakmu piye, rek?"

Ukara kasebut ora trep unggah-ungguhe. Supaya trep, mula kudu diganti dadi ukara.....

a)

Saben dina, bapakku budhal ngasta numpak sepeda motor. Nek bapakmu piye, rek?

b)

Saben dina, bapakku bidhal nyambut damel nitih sepeda motor. Nek bapakmu piye, rek?

c)

Saben dinten, bapak kula tindak ngasta nitih sepeda motor. Menawi bapakipun panjenengan kados pundi, rek?

d)

Saben dina, bapakku tindak ngasta nitih sepeda motor. Nek bapakmu piye, rek?

30.

Nalika cecaturan karo Pakdhe, minangka wong kang luwih tuwa, lan mbasakne pakdhe, kita kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

31.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

32.

"Kowe maeng apa uwis mangan?" Pitakone ibu.

Ukara kasebut yen digenti wong sing ngomong, yaiku anak marang ibune, ukarane sing bener yaiku?

a)

Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?

b)

Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?

c)

Panjenengan wau napa sampun nedha?

d)

Panjenengan wau menapa wis dhahar?

33.

Krama aluse ngomong yaiku .....

a)

Kandha

b)

Ngendhika

c)

Mbacot

d)

Matur

34.

"Nduk, wis sarapan apa durung? Ndang sarapan sik. Iki ana sega goreng senengane sampeyan." Pitakone ibu marang Rika.

"Kula sampun dhahar niki wau buk. Sampun kula incipi sekul gorengipun. Hmm ueca temen." Wangsulane Rika.

---------------------------------

Kepiye tanggapanmu babagan unggah-ungguh basa sing dinggo ing pethikan pacelathon ing dhuwur?

a)

Ibu migunakake Basa Ngoko Lugu, amarga ngomong marang wong sing luwih tuwa.

b)

Ibu migunakake Basa Ngoko Alus, kanggo ngurmati anake

c)

Rika matur nganggo basa Krama Lugu. Nanging ana tembung kang kurang bener, yaiku "dhahar".

d)

Rika matur nganggo basa Krama Lugu nalika matur marang ibune. Lan tembunge wis bener kabeh.

35.

Ukara kang bener kanggo nyuwun izin ora mlebu ekstra kurikuler amarga lara panas, yaiku.....

a)

Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged mlebet ekstra kurikuler amargi sakit benter.

b)

Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged tindak ekstra kurikuler amargi gerah benter.

c)

Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged rawuh ekstra kurikuler amargi sakit benter.

d)

Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged kondur ekstra kurikuler amargi sakit benter.

36.

"Halo pak. Yak apa kabare sampeyan?" Pitakone Dedi nalika ketemu karo gurune.

"Ya sehat. Nanging, masa karo gurune slay temen kaya ngono. Sampeyan kurang unggah-ungguhe, le."

---------------

Pitakone Dedi ing dhuwur ora trep karo unggah-ungguh basa. Ukara sing leres nalika nakokake kabar marang gurune yaiku......

a)

"Halo pak. Kepiye kabaripun ? Sehat nggih?"

b)

"Halo pak. Yak napa pawartosipun? Sehat nggih?"

c)

"Halo pak. Kados pundi pawartosipun? Wilujeng nggih?"

d)

"Halo pak. Kados pundi pawartosipun sampeyan? Wilujeng nggih?"

37.

"Sajake kok abot temen iku tase nduk. Nggawa apa ae se?" Pitakone Bu Ifah.

"Oh, menika bu, aku nggawa klambi gantos kangge ngerjakaken tugas kelompok mangke, bu." Wangsulane Febri.

---------------

Ukara Febri sing diwehi garis ngisor iku kurang trep karo unggah-ungguhe. Sing bener yaiku.....

a)

Kula ngasta rasukan

b)

Kula bekta rasukan

c)

Kula bekta ageman

d)

Kula ngasta ageman

38.

Rian lan Adit iku kanca saumuran, nalika lagi omong-omongan Rian nakokake tugas sing diwenehi dening pak Robi. Ukara sing trep kanggo nakokake tugase yaiku?

a)

Dit, mau pak Robi matur ana tugas apa ya?

b)

Dit, mau pak Robi ngekeki tugas ta?

c)

tugase pak Robi mau apa ya Dit?

d)

pak Robi ngomong nek ana tugas ya Dit?

39.

Gantien ukara ing ngisor iki nganggo basa krama :

selamat pagi, selamat siang, selamat sore, selamat malam.

(a)  

40.

Ibuk : wes mangan le?

anak : ................................

wangsulan sing trep yaiku?

a)

kula sampun dhahar buk

b)

kula sampun nedha buk

c)

sampun

d)

kula sampun mangan buk

41.

Pakdhe : bapakmu dek endi le?

aku : bapak sek lunga nang pasar pakdhe

(a)  

wangsulanku iku salah, coba tulisna wangsulan sing bener.

42.

Pak Robi : wau dalu jenengan sare tabuh pinten pak?

Pak Bagas : kula wau dalu sare jam 12 bengi pak

........

wangsulane pak Bagas iku isih kurang trep/kurang bener, sing trep kudune piye?

a)

kula wau dalu sare jam 12 dalu pak

b)

kula wau dalu tilem jam 12 bengi pak

c)

kula wau dalu tilem tabuh 12 dalu pak

d)

jam 12 bengi pak

43.

yen lagi omong-omongan karo wong sing luwih tuwa, awake kudu nggawe basa krama. apa bedane basa krama lugu karo krama alus?

(a)