wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASESMEN SUMATIF UNGGAH-UNGGUH BASA

Total questions: 10

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

Kagatosna ukara-ukara menika!

I.                “Wah…elok tenan pemandangan ing kene iki!”

II.              “Gandheng wis rampung latihane, adhimu kae terna mulih ya!”

III.            “Ayo sasi ngarep yen wis ora ana Corona, dolan menyang Malioboro.”

IV.           “Kepiye karepmu dene dikon mangkat sekolah kok lenggak-lenggok wae”.

V.             “Wonten Pak, mangga mlebet, lenggah rumiyin! Kula matur Bapak”.

           Ukara ingkang kalebet ukara pangajak inggih menika....

a)

II, III

  

b)

I, IV

c)

III, V

d)

IV,V

e)

II, V

2.

Kagatosna  pacelathon menika!

Farrel              :”Kula nuwun,….Kula nuwun….”

Bu Dwi            :”E, Mas Farrel. Kadingaren sore-sore mrene. Mangga lenggah!”

Farrel               :”….”

Bu Dwi            :”Ora dadi ngapa, rak ya padha slamet ta?”

Wangsulanipun Farrel ingkang trep miturut unggah-ungguh basa, inggih menika ….

a)

“Nyuwun pangapunten sowan wonten griyanipun ibu.”

b)

Nyuwun pangapunten sowan wonten dalemipun ibu.”

c)

“Nyuwun ngapura sowan wonten dalemipun ibu.”

d)

“Nyuwun ngapura sowan wonten griyanipun ibu.”

e)

“Nyuwun pangapunten tindak dalemipun ibu”.

3.

Kagatosna pacelathon menika!

Tira     : “Ran sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”

Rani     : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”

Tira     : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah merga lara”

Rani     : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku”

Tira     : “ Ya, kebeneran aku ngko arep ngajak Sinta”

Rani     : “Ya, tak tunggu tekamu. Kae bel sekolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas”

Wosing pratelan menika, inggih menika ….

a)

Sinau bareng

b)

Kerja kelompok

c)

Ulangan basa Jawa

d)

Ora mlebu sekolah

e)

Mlebu kelas

4.

“Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipunkengnken …. Rumiyin, sebab Bapak kalawau sampun …. wonten kantor”

Tembung ingkang trep kangge njnangkepi ukara menika, inggih menika ….

a)

Dhahar, nedha

b)

Nedha, dhahar

c)

Maem, dhahar

d)

Dhahar, maem

e)

Maem, nedha

5.

Kagatosna pacelathon menika!

Tira     : “Ran sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”

Rani     : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”

Tira     : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah merga lara”

Rani     : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku”

Tira     : “ Ya, kebeneran aku ngko arep ngajak Sinta”

Rani     : “Ya, tak tunggu tekamu. Kae bel sekolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas”

Pratelan pacelathon menika, migunakaken ragam unggah-ungguh basa….

a)

Krama lugu

 

b)

Krama alus

c)

Krama Inggil

d)

Ngoko alus

e)

Ngoko lugu

6.

Kagatosna pacelathonipun Wawan kaliyan kangmasipun menika!

        Wawan            :”Mas, panjenengan wis dhahar dereng?”

        Mas Arman     :” Ya dhik. Aku mau wis sarapan.”

Ukara ingkang dipunginakaken dening Wawan kaliyan Mas Arman, minangka tuladhanipun unggah-ungguh basa....

a)

ngoko lugu

  

b)

krama lugu

c)

krama alus

d)

ngoko alus

e)

Krama inggil

7.

Kagatosna pacelathon menika!

Bu Rahayu      :”Mas Arman, omahmu ing ngendi?”

       Arman             :”….”

        Ukara kangge mangsuli pitakonanipun Bu Rahayu, inggih menika ....

a)

Omah kula Banyuraden

b)

Dalem kula Banyuraden

c)

griya kula Banyuraden

 

d)

griyaku Banyuraden

e)

dalemku Banyuraden

8.

Wau ndalu Pak RT tindak wonten griyamu saperlu kepanggih bapakmu. Kowe nyaosi suguhan dhateng Pak RT.

Kados pundi aturmu nalika nyuguhi tamu (Pak RT)?

a)

“Mangga dipunmimik saha dipundhahar, Bapak!”

b)

“Mangga dipunmimik saha dipunmaem, Bapak!”

c)

“Mangga dipununjuk saha dipunmaem, Bapak!"

d)

“Mangga unjuk lan dahar, bapak!”

e)

“Mangga dipununjuk saha dipundhahar, Bapak!"

9.

“Apa sing kokandharaken kuwi bapak wis weruh?”.

Ukara menika menawi dipun”ngoko alusaken” inggih menika ….

a)

Apa sing kokaturaken bapak wis pirsa?

b)

Apa sing kokdhawuhake bapak wis pirsa?

c)

Apa sing panjenengan dhawuhake bapak wis pirsa?

d)

Apa sing sampeyan aturake bapak wis sumerep?

e)

Punapa ingkang panjenengan dhawuhaken bapak sampun pirsa?

10.

Dangu sanget kula mboten nate kepanggih kaliyan kanca kula ingkang asmanipun Baruna. Piyambakipun kala rumiyin kanca sekelas kula. Sasampunipun sami purnawiyata dumugi sampun sami kagungan putra, blas dereng nate kepanggih.

Basa ingkang trep kaginakaken nalika kepanggih kaliyan Baruna inggih menika ….

a)

Ngoko Alus

b)

Ngoko Lugu

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

e)

Krama inggil