NEW
Font size
WorksheetsPRETES UNGGAH-UNGGUH BASA
Total questions: 10
Worksheet time: 3mins
Budi … dhumateng Bu Indra menawi tugasipun sampun dipunkempalaken wonten kantor.
Kandha
Matur
Ngendikan
Dhawuh
Ngomong
Eyang mengko arep nginep kene, saiki bapakmu omongana. Tembung kang dicithak miring diowahi dadi tembung…
Turu, kandhanana
Nyare, dhawuhana
Nyare, aturana
Nyipeng, dhawuhana
Turu, dhawuhana
Kowe yen dikongkon ibu kudu manut, supaya ibu ora nesu.
Tembung kang dicithak miring krama inggile yaiku…
Dikengken, muring
Diutus, duka
Dikengken, duka
Diutus, muring
Dikongkon, Duka
Menawi panjenengan sowan wonten … Pak Mat, mangga pinarak wonten … kula.
Omahe – omah
Griyanipun – omah
Griyanipun – griya
Dalemipun-dalem
Dalemipun-griya
Bapak : “Ayo wis wengi, padha turu sesuk mangkat esuk!”
Anak : “……”
Lumrahe anak mangsuli nganggo ukara….
Iya Pak
Ora Pak
Inggih Pak
Boten Pak
Siap Pak
Kula badhe dhahar tela cilembu. Tembung sing kacithak kandhel kuwi supaya trep diowahi dadi….
maem
nedha
mangan
nginum
ngunjuk
“Bubar siram ibu arep tindak pasar.” Ukara iki kalebu ukara sing nggunakake basa ….
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
kramantara
“Kula ajeng teng Semarang, sampeyan ajeng teng pundi?” Ing ukara iku tembung ajeng lan teng kalebu tembung…
ngoko
madya
krama lugu
krama alus
kasar
“Mangga katuran pinarak ing griya kula.” Tembung griya kagolong ragam
ngoko
ngoko alus
krama lugu
krama alus
kramantaraberte
Panjenengan sampun purna anggenipun dhahar? Ukara kasebut manawa didadekake ngoko alus sing bener yaiku….
Njenengan sampun rampung anggone dhahar?
Sampeyan sampun rambung anggone mangan?
Panjenengan wis rampung anggone dhahar?
Kowe wis rampung anggone mangan?
Samang mpun rampung anggone mangan?
