wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unsur Kebahasaan Cerkak

Total questions: 10

Worksheet time: 2mins

Name
Class
Date
1.

Kang diarani unggah –ungguh basa yaiku…

a)

Tataran basa kang ora ngandhut tata krama

b)

Tataran basa kang ngandhut tata krama

c)

Tataran basa lisan kang ngandhut tata krama

d)

Tataran basa isyarat kang nganggo tata krama

2.

Manut jinise, unggah - ungguh Basa Jawa diperang dadi pira?

a)

2

b)

5

c)

4

d)

3

3.

Ragam unggah - ungguh Basa Jawa ing ngisor iki bener, kajaba...

a)

Ngoko Lugu

b)

Krama Inggil

c)

Ngoko Alus

d)

Krama Ndesa

4.

Basa ngoko kang ora kecampuran tembung - tembung krama tumrap wong sing diajak guneman diarani...

a)

Ngoko Alus

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Lugu

d)

Krama Inggil

5.

Basa kang digunakake marang wong sing sadrajat amarga durung raket yaiku ...

a)

Ngoko Alus

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Lugu

d)

Krama Lugu

6.

"Panjenengan sesok apa sida tindak?"

Ukara ing ndhuwur migunakake unggah ungguh...

a)

Krama Alus

b)

Ngoko Alus

c)

Ngoko Lugu

d)

Krama Lugu

7.

Ing ngisor iki panganggone ukara krama lugu sing bener yaiku ...

a)

Sampeyan purun tilem ngriki, mbak?

b)

Mas Hengki dipundhutake ageman enggal.

c)

Aku tuku sandhal biru.

d)

Siti diutus Bapak tuku sabun.

8.

"Bapak nembe kemawon ... kula mboten wantun nggigah."

Genepe ukara ing ndhuwur kang trep yaiku...

a)

Tilem

b)

Turu

c)

Sare

d)

Bubuk

9.

"Kula sampun ... menawi mboten saged ndherek."

Ganepe ukara ing ndhuwur yaiku ...

a)

Matur

b)

Ngomong

c)

Kandha

d)

Ngendika

10.

"Wau siyang ibu dipundherekake Mas Hadi dhateng peken."

Ukara ing ndhuwur nggunakake basa ...

a)

Ngoko Lugu

b)

Krama Lugu

c)

Krama Alus

d)

Ngoko Alus