wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

POST TEST UNGGAH UNGGUH

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Bakri : “Kowe mengko mangkat les jam pira Han?”

Hana : “Jam telu.”

Bakri : “Apa ora kesoren?”

Hana : “Tak kira ora, lha wong acarane wiwit jam telu seprapat.”

Pacelathon menika migunakake basa ragam...

a)

Ngoko alus

b)

Krama

c)

Krama lugu

d)

Ngoko lugu

e)

Krama inggil

2.

Para siswa sumangga dipunwaos ukaranipun kanthi pratitis!

“Inggih boten menapa Pak, Bapak gerah menapa?”

Ukara menika ngginakaken basa ...

a)

Ngoko alus

b)

Krama alus

c)

Krama lugu

d)

Ngoko lugu

e)

Ngoko

3.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Anak : “………………………………......................................................................

Ibu : “iki, arep nyang pasar, arep melu apa piye Nang?”

a)

Bu arep tindak ngendi?

b)

Bu ajeng tindak pundi?

c)

Bu badhe tindak pundi?

d)

Bu badhe lunga pundi?

e)

Bu arep lunga ning ngendi?

4.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Ana : “…………………………..................................................................................

Mbak Santi : “iya, ayo kene, melu kembulan karo mbak”

a)

Mbak, sampeyan badhe dhahar menapa?

b)

Mbak, njenengan arep dhahar apa?

c)

Mbak, kowe arep mangan apa?

d)

Mbak, sampean arep mangan menapa?

e)

Mbak, njenengan badhe mangan napa?

5.

Pak Handy      :  “Assalamualaikum Bu, Badhe nyuwun pirsa griyanipun Pak Joko

menika wonen pundi nggih Bu?”

Bu Sifah          :  “O inggih... griyanipun Pak Joko menika wonten ing perumahan

Medono Pak.”

Pak Handy      : “Blok menapa nggih bu? Lan nomor pinten?”

Bu Sifah          : “O…, Blok C nomor 4A Pak, ingkang warna ijem Pak.”

Pak Handy      : “Ohh inggih... menika satunggal komplek kaliyan Bu Siti nggih bu?

Bu Sifah          : “Inggih  Pak, Leres.”

Pak Handy      : “Oh, inggih sampun bu, Maturnuwun nggih bu.”

Bu Sifah          : “Sami-sami, Pak.”

Saking pacelathon ngginakaken basa ragam ...

a)

Ngoko alus

b)

Krama alus

c)

Krama lugu

d)

Ngoko lugu

e)

Ngoko

6.

Ida                   : “Sugeng Siang, Pak. Nyuwun pangampunten kula badhe nyilih buku

Bahasa Jawi kelas X.”

Pak Agus         : “Iya. Ko sik ya, tak jupukna bukune. Bukune pira sing dibutuhake?”

Ida                   : “30, Pak.”

Tembung ingkang kacethak miring ingkang trep inggih menika ...

a)

Ngampil

b)

Njupuk

c)

Ngasta

d)

Mundhut

e)

Njaluk

7.

“Panjenengan kok  dereng siram.  Menika sampun tabuh 7, Pak.  Panjenengan badhe  ........... tabuh pinten?  Ngendikanipun wonten undangan  rapat.”

Tembung  ingkang trep kangge jangkepi ukara kasebut inggih menika ...

a)

Lunga

b)

Tindak

c)

Kesah

d)

Budhal

e)

Bidhal

8.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Ibu : “Pak, iki lho unjukane wis ibu siyapke”

Bapak : “………………………….............................................................

a)

Inggih, matur nuwun Bu.

b)

Ya Bu, matur nuwun.

c)

Inggih, kaleresan nuwun

d)

Iya bu

e)

Inggih bu

9.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Siswa : “…………………………........................................

Bu Guru : “Lha, ora nggatekake mesthi mau. Kok nganti ora ngerti tugase!”

a)

Ibu nyuwun pirsa, tugase wau napa nggih?

b)

Ibu badhe tanglet, tugas wau napa nggih?

c)

Ibu nyuwun pirsa, tugasipun wau menapa nggih?

d)

Ibu badhe taken, tugase napa nggih?

e)

Bu badhe nyuwun pirsa, tugase apa nggih?

10.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Kula…...................dhateng…..............simbah.

a)

Kesah, dalemipun

b)

Bidhal, daleme

c)

Budhal, griyanipun

d)

Tindak, griyane

e)

Kesah, griyane