wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal bahasa jawa kelas 4 semester 1

Total questions: 40

Worksheet time: 1hrs 20mins

Name
Class
Date
1.

Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh.

Dasanamane tembung goroh yaiku ....

a)

dolanan

b)

gumede

c)

gawean

d)

ngapusi

2.

Tahu lan tempe ngandhung zat gizi kang arane ....

a)

vitamin

b)

protein

c)

mineral

d)

karbohidrat

3.

Rina ...Bu Guru nabung

a)

didhawuhi

b)

dikongkon

c)

dipeksa

d)

ditimbali

4.

Gambar wayang ing nduwur arane ....

a)

semar

b)

gareng

c)

petruk

d)

bagong

5.

Maskumambang, Pucung, Mijil, Sinom iku kalebu tembang ....

a)

dolanan

b)

gedhe

c)

parikan

d)

macapat

6.

... sing didhawuhi ngawa buku ?

a)

kapan

b)

apa

c)

sapa

d)

yo gene

7.

Pak Lik aturana ... wedang kopi

a)

ngombe

b)

dhahar

c)

maem

d)

ngunjuk

8.

ing ngisor iki sing jenenge Gong yaiku ....

a)
b)
c)
d)
9.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

10.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

11.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

12.

diparingi hadiah bapak ngucapake ... .

a)

matur nuwun

b)

kula nuwun

c)

tindak pundi

13.

Apa irah irahane tembang ing duwur?

a)

Kupu kuwi

b)

Kupu Kupu

c)

Menclok Cegrek

d)

Saparan paran

14.

Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....

a)

Baratayudha

b)

Ramayana

c)

Mahabharata

d)

Badar

15.

Basa kramane ngomong

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

16.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

17.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

18.

Kesenian Reog Ponorogo asale saka tlatah . . . .

a)

Ponorogo

b)

Banyuwangi

c)

Semarang

d)

Solo

19.

Gamelan iki jenenge . . . .

a)

kenong

b)

gambang

c)

gong

d)

saron

20.

Tugase Dhalang yaiku....

a)

Tukang nglakokne wayang

b)

Tukang nabuh gamelan

c)

Sing gaweyane nembang

d)

Tukang nggawe wayang

21.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese ....

a)

Cecongkrahan ndadekake kuwat, nanging rukun ndadekake korat-karit.

b)

Rukun kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa koratkarit.

c)

Cecongkrahan kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit

d)

Rukun ndadekake kuwat, nanging cecongkrahan ndadekake korat-karit.

22.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ...

a)

katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng

b)

katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah

c)

katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih

d)

katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng

23.

Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....

a)

kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe

b)

kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan

c)

kanthi tanpa solah bawa lan patrap

d)

kanthi solah bawa sing digawe-gawe

24.

Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani ...

a)

ngowahi gancaran

b)

prosa/crita

c)

ngarang gancaran

d)

parafrase

25.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ...

a)

alus lan nrenyuhake

b)

endah lan aji

c)

kasar lan mangkelake

d)

suci lan nyenengake

26.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Rukun tegese ...

a)

urip sing salaras

b)

kuwat

c)

tukar padu

d)

korat-karit

27.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Santosa tegese ...

a)

kuwat

b)

slamet

c)

tukar padu

d)

greget tumindak bebarengan

28.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Crah tegese ...

a)

tukar padu

b)

kuwat

c)

korat-karit

d)

slamet

29.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Bubrah tegese ...

a)

korat-karit

b)

slamet

c)

urip sing selaras

d)

tukar padu

30.

Meri tegese ...

a)

kepengin duweke wong liya

b)

greget tumindak bebarengan

c)

cantholan gong

d)

kumpulan omah

31.

Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud ....

a)

gancaran (prosa)

b)

pada (bait)

c)

imbal wacana ( dhialog)

d)

geguritan (puisi)

32.

Sakabehe ukara ing p gg teks pacelathon iku nggunakake ....

a)

ukara kandha (kalimat langsung)

b)

ukara crita (kalimat ora langsung)

c)

ukara pakon (kalimat perintah)

d)

ukara panjaluk (kalimat permohonan)

33.

Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku ....

a)

ngoko lugu lan ngoko alus

b)

krama lugu lan krama alus

c)

basa ngoko lan basa krama

d)

krama lugu lan krama inggil

34.

Budhe badhe .... pundi? Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku...

a)

tindak

b)

lunga

c)

kesah

d)

wangsul

35.

Salah sawijine titikan teks pacelathon yaiku ...

a)

katulis kanthi wujud dhialog

b)

mung nggunakake ukara crita

c)

diparagani dening pawongan siji

d)

nggunakake ukara sing ngambrawara.

36.

Diutus tegese ...

a)

dikandhani

b)

dikongkon

c)

gampang

d)

bali

37.

Lingsem tegese ...

a)

isin

b)

cilik

c)

entek

d)

gampang

38.

Didhawuhi tegese ...

a)

dikandhani

b)

dikongkon

c)

seneng

d)

gampang

39.

Remen tegese ...

a)

seneng

b)

tuku

c)

lagi

d)

entek

40.

Wangsul tegese ...

a)

bali

b)

lagi

c)

seneng

d)

cilik