wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Bahasa Jawa Kelas 5

Total questions: 60

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Tembung gatra ing istilah sastra tegese . . . .

a)

baris/larik

b)

lirik

c)

suku kata

d)

bait

2.

Tibaning swara ing geguritan arane . . . .

a)

guru gatra

b)

guru wanda

c)

guru lagu

d)

guru larik

3.

Titikane geguritan gagrag anyar yaiku . . . .

a)

ora kaiket paugeran tertentu

b)

diwiwiti kanthi ukara sun gegurit

c)

isih ngugemi anane guru wilangan

d)

guru lagu pinathok

4.

Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kejaba . . . .

a)

intonasi

b)

ekspresi

c)

klambi

d)

lafal

5.

Kisah pengalaman pribadi, klebu karangan kang sipate . . . .

a)

anonim

b)

fiksi

c)

nyata

d)

sinandi

6.

Swasana sing digambarake ing kedadeyan sajroning crita diarani latar . . . .

a)

swasana

b)

wektu

c)

panggonan

d)

pawogan

7.

Paraga kang duwe watak apik diarani . . . .

a)

antagonis

b)

protagonis

c)

tritagonis

d)

figuran

8.

Aksara swara iku ana . . . .

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

9.

Semar, Gareng, Petruk, lan bagong iku sinebut . . . .

a)

punakawan

b)

limbukan

c)

bambangan

d)

embanan

10.

Yen arep nulis remen nyate iku nganggo pasangan . . . .

a)

nga

b)

na

c)

nya

d)

ta

11.

Wedhuse ketabrak becak nganti babak ....

a)

belur

b)

luhung

c)

rukun

d)

kaping papat

12.

wong sing duwe gegayuhan ora imbang karo kekuatane paribasane yaiku ....

a)

Kebo nusu gudhel

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Rubuh-rubuh gedhang

d)

Cecak nguntal cagak

13.

Bocah kuwi kudu duwe paugeran . tembung Paugeran tegese ....

a)

tataran

b)

tatanan

c)

manut grubyuk

d)

ela-elu wae

14.

Ana ing desa kuwi sesawangane tasih katon edi ....

a)

peni

b)

luhung

c)

sutis

d)

linuwih

15.

Dadi bocah kuwi aja kadang konang merga ora berkah uripe. tegese paribasan kadang konang yaiku ....

a)

Ngakoni mung karo sedulur

b)

Ngakoni karong wong tuwa

c)

Ngakoni sedulur mung karo sing sugih

d)

Ngakoni sedulur karo kulawargane

16.

Dadi wong kuwi kudu gedhe gegayuhane. tembung gegayuhan tegese yaiku ....

a)

sakarepe dewe

b)

sapenake dewe

c)

kekarepan

d)

kadunungane

17.

Marang wong tuwa kuwi kudu tansah darma ....

a)

susila

b)

sesanti

c)

sudira

d)

bekti

18.

dadi bocah kuwi kudu sing teberi. tembung taberi tegese yaiku ....

a)

seret

b)

sregep

c)

slenget

d)

kesed

19.

Uwong kuwi kudu gatekakake paugeran sing adi ....

a)

linuwih

b)

wulung

c)

luhung

d)

wismana

20.

bapak macul . ukara kasebut pola ukarane yaiku ....

a)

jejer - katerangan

b)

jejer - wasesa

c)

jejer - lesan

d)

jejer - wursita

21.

bapak ngarit suket. Ing ukara kasebut lesane yaiku ....

a)

bapak

b)

ngarit

c)

suket

d)

ngarit suket

22.

Ibu nggoreng bandeng esuk mau. ukara kasebut pola ukarane yaiku ....

a)

jejer - wasesa - lesan - panerangan

b)

jejer - wasesa - lesan - katrangan

c)

lesan - jejer - wasesa - katrangan

d)

jejer - katrangan - wasesa - lesan

23.

ing ngisor iki sing pola ukarane katrangan - jejer - wasesa - lesan yaiku ....

a)

Wau enjing simbah dhahar tigan.

b)

Tigan dipun dhahar simbah.

c)

Bapak wau enjing tindak Semarag.

d)

Wau sonten tigan dipundhahar bapak.

24.

Ahsan sore iki tuku kendhang. ukara kasebut pola ukarane yaiku ....

a)

jejer - wasesa - lesan - katrangan

b)

jejer - panerangan - wasesa - lesan

c)

jejer - katrangan - wasesa - lesan

d)

katrangan - jejer - wasesa - lesan

25.

ing ngisor iki sing pola ukarane jejer - katrangan - wasesa - lesan yaiku ....

a)

Pak Rheza esuk mau nyangkok wit pelem

b)

bapak durung adus esuk mau

c)

Akeh wong padha ora mangkat kerja

d)

bocah-bocah tuku lotis ing pasar

26.

wacane aksara Jawa ing dhuwur yaiku ....

a)

Ajeg basuh tangan

b)

Ajeg wisuh tangan

c)

Ajeg wasuh tangan

d)

Ajeg ngasuh tangan

27.

Wacane aksara ing dhuwur yaiku ....

a)

Niken nyiram kembang

b)

Niken Nyirami kembang

c)

Niken Nyiangi kembang

d)

Niken tumbas kembang

28.

Wacane tulisan ing dhuwur yaiku ....

a)

Bapak menek srundheng

b)

Bapak menek srumbung

c)

Bapak menek kendheng

d)

Bapak menek gendheng

29.

Wacane tulisan ing dhuwur yaiku ....

a)

Lungguh anteng sakomah

b)

Lingguh anteng sakomah

c)

Lingguh anteng saomah

d)

lungguh anteng ing omah

30.

wacane aksara ing dhuwur yaiku ....

a)

Pakdhe bandi tuku wedhus

b)

Pakdhe bandi ngingu wedhus

c)

Pakde Sandhi ngingu wedhus

d)

Pakdhe bandi ngopeni wedhus

31.

Ing ngisor iki sing dudu piranti pagelaran wayang kulit yaiku....

a)

Kelir

b)

Lepek

c)

Blencong

d)

Cempala

32.

Satriya Pandhawa iku wewatekane kaya ing ngisor iki, kejaba...

a)

Seneng tetulung

b)

Tresna asih ing sapepadha

c)

Culika, dur angkara

d)

Sabar narim

33.

Dhek jaman biyen, nonton wayang kulit iku manggone ana ing...

a)

Saburine kelir

b)

Sisih kiwane kelir

c)

Saburine dhalang

d)

Dadi siji karo niyaga

34.

Teks crita wayang iku duwe unsur intrinsik kejaba...

a)

Tema

b)

Paraga

c)

Amanat

d)

Judul

35.

Salah sawijing piranti pagelaran wayang sing gunane kanggo nancepake wayang yaiku...

a)

Kepyak

b)

Kelir

c)

Gedebog

d)

Cempala

36.

Tata cara gawe ringkesan crita wayang kang becik yaiku kejaba...

a)

Ana judhule

b)

Ana wiramane

c)

Ana amanat

d)

Ditulis kanthi ejaan bener

37.

Bareng Bale Sigala-gala kobong, Pandhawa bisa slamet sebab ngetutake...

a)

Abdi kinasih

b)

Hyang Nagaraj

c)

Garangan putih

d)

Patih Sengkuni

38.

Gurune Pandhawa lan Kurawa iku asmane...

a)

Yama Widura

b)

Jagal Abilawa

c)

Patih Sengkuni

d)

Resi Durna

39.

Wujude wilahan tipis, gunane meh padha karo cempala. Unine krana dithuthuk nganggo cempala. Apa arane piranti wayang kasebut?

a)

Kepyak

b)

Kelir

c)

Cempala

d)

Blencong

40.

Kepiye watake kadang Kurawa?

a)

Becik

b)

Lila legawa

c)

Angkara murka

d)

Seneng tetulung

41.

Ingkang atur sesorah sambutan inggih puniko ...

a)

ketua karang taruna

b)

ketua RT

c)

ketua panitia pentas seni

d)

ketua kelas

42.

Tembung suka bagya iku tegese ...

a)

seneng banget

b)

lancar

c)

sedih

d)

rekasa

43.

Tembung patunggilan tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...

a)

gotong royong

b)

kerjasama

c)

persatuan

d)

kemandirian

44.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih. Tembung penggalih iku padha tegese karo tembung ing ngisor iki, yaiku ...

a)

ati

b)

asta

c)

rikma

d)

soca

45.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

46.

" Saking asiling pirembagan wulan kepengker katetepaken benjing enjing badhe kerja bakti. "


Wulan kepengker tegese ...

a)

sasi ngarep

b)

sasi mburi

c)

sasi wingi

d)

sasi sukmben

47.

" Sedaya warga sami gumregut anggenipun gotong - royong kanthi raosing manah ingkang remen lan ikhlas"


Tegesipun tembung gumregut inggih punika ...

a)

cekat - ceket

b)

alon - alon

c)

gumregah

d)

gumebrug

48.

Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...

a)

adigang - adigung adiguna

b)

rawe - rawe rantas malang - malang putung

c)

kutuk marani sunduk

d)

rukun agawe santosa crah agawe bubrah

49.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

50.

Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ...

a)

intonasi saben ukoro kudu bener

b)

intonasi ukoro ora kudu bener

c)

tempo anggone maca ora kudu bener

d)

pamedhote ukoro ora kudu bener

51.

Tembung wilujeng tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...

a)

Selamat

b)

Sengsara

c)

Suka - suka

d)

Mandiri

52.

Tembung wilujeng akarya ing Bahasa Indonesia yaiku ...

a)

Selamat

b)

Menjadi

c)

Memberi

d)

Mandiri

53.

Tembung wilujeng murakabi ing Bahasa Indonesia yaiku ...

a)

Selamat

b)

Menjadi

c)

Memberi

d)

Memenuhi

54.

Adipati Karna iku adipati ing ...

a)

Ngastina

b)

Ngawangga

c)

Mandura

d)

Madukara

55.

Nalika lair Adipati Karna di larung banjur ditemu kusir ...

a)

Abiyasa

b)

Adirata

c)

Salya

d)

Sengkuni

56.

Pusakane Adipati Karna kang kawentar ampuh yaiku ...

a)

Cakra

b)

Pasopati

c)

Kuntowijayandanu

d)

Gada Rujakpala

57.

Raden Warsa Kusumo iku Putrane ...

a)

Prabu Durydana

b)

Adipati Karna

c)

Raden Janaka

d)

Prabu Kresna

58.

Adipati Karna iku atmajane Dewi Kunthi kaliyan Dewa Surya. Atmajane iku tegese ...

a)

bapake

b)

adhine

c)

anake

d)

kakange

59.

Perangipun rame sanget boten wonten ingkang mimpang. Mimpang tegese ..

a)

menang

b)

kalah

c)

ngrubut

d)

pasrah

60.

Ingkang dados kusiripun Raden Arjuna nalika tandhing inggih punika ...

a)

Prabu Baladewa

b)

Prabu Suyudana

c)

Prabu Kresna

d)

Prabu Puntadewa