wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Wulangan II. Novel Basa Jawa (SMA Kelas XI, Semester 1)

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

1. Ing ngisor iki titikane karangan novel yaiku...

a)

A. alure novel mung siji

b)

B. critane ringkes ora ngayawara

c)

C. basane novel padhet lan mentes

d)

D. tema sajroning novel ora mung siji

e)

E. nyritakake saperangan lelakon uripe sawijining paraga

2.

2. Gagasan baku kanggo landhesan nganggit crita sing bisa dijupuk saka pengalaman, panliten, gagasan utawa pengangen-angen diarani...

a)

A. alur

b)

B. latar

c)

C. tema

d)

D. amanat

e)

E. penokohan

3.

3. Ing ngisor iki sing dimaksud latar yaiku...

a)

A. katrangan papan, wektu, lan swasana kedadeyan kang ana sajroning crita

b)

B. tokoh sajroning crita nyakup paraga antagonis, protagonis, lan tritagonis

c)

C. sipat utawa wewategane para paraga, tuladhane becik, welas asih, julig, sregep, sabar lan sapanunggalane

d)

D. lakuning crita saka wiwitan nganti pungkasan, jinise yaiku alur maju, mundur, klimaks, anti klimaks, lan kronologis

e)

E. gagasan baku kanggo landhesan nganggit crita sing bisa dijupuk saka pengalaman, panliten, gasasan utawa pengangen-angen

4.

Nalika sing ana sesambungane karo tata-cara srawung sajroning masarakat diarani...

a)

A. nilai spirit

b)

B. nilai sosial

c)

C. nilai moral

d)

D. nilai budaya

e)

E. nilai estetika

5.

5. Nilai kang kamot ing pethilan novel kuwi yaiku...

a)

A. nilai spirit

b)

b. nilai sosial

c)

C. nilai moral

d)

D. nilai budaya

e)

E. nilai estetika

6.

6. Kang kalebu unsur instrisik novele yaiku...

a)

A. tema, Alur, pangripta

b)

B. latar, sudhut pandang, lelewaning basa

c)

C. lelewaning basa, pengalaman, pendhidhikan

d)

D. majas, tema, teks

e)

E. pangripta, lelewaning basa, alur

7.

7. Ing ngisor iki kang kalebu novel anggitane Suparto Brata, kajaba...

a)

A.

b)

B.

c)

C.

d)

D.

e)

E.

8.

8. Perangan kang dadi inti perkara kang diadhepi paraga ing jero crita diarani...

a)

A. antiklimaks

b)

B. klimaks

c)

C. purwaka

d)

D. wusana

e)

E. pungkasan

9.

9. Yen arep nyritakake pethilan teks novel prayogane luwih dhisik nyatet alur critane, pamrihe supaya bisa...

a)

A. cetha lafale

b)

B. runtut ceritane

c)

C. becik intonasine

d)

D. luwih urip critane

e)

E. kepenak dirungokake

10.

10. Mapane pangripta jejer minangka paraga ing crita utawa mapan ana jabaning crita diarani...

a)

A. alur

b)

B. tema

c)

C. latar

d)

D. amanat

e)

E. sudhut pandang

11.

11. Kang ora kalebu unsur ekstrinsik novel yaiku...

a)

A. ekonomi

b)

B. agama

c)

C. pendhidhikan

d)

D. sosial

e)

E. lelewaning basa

12.

12. Ing ngisor iki cara kanggo nemtokake sipate paraga, kajaba...

a)

A. pocapane

b)

B. tindak tanduke

c)

C. gambaran saka pangripta

d)

D. klangenane paraga ing crita

e)

E. katrangan saka paraga liyane

13.

13. Crita kang ngandharake saka wiwitan, konflik, banjur pungkasaning crita diarani alur...

a)

A. maju

b)

B. mundur

c)

C. campuran

d)

D. flashback

e)

E. retrokognisi

14.

14. Kowe, anda, sampeyan kuwi kalebu sudhut pandang...

a)

A. kapisan

b)

B. kapindho

c)

C. katelu

d)

D. kapapat

e)

E. kalima

15.

15. Nilai kang ana sesambungane karo kaendahan sajroning crita utawa karya sastra diarani...

a)

A. nilai sosial

b)

B. nilai budaya

c)

C. nilai estetika

d)

D. nilai moral

e)

E. nilai spirit