wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Tembang Pangkur

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Tembang pangkur nggambarake kahanan manungsa nalikane... .

a)

katresnan

b)

seda

c)

lair ing donya

d)

mungkurake kadonyan

2.

Guru lagu lan guru wilangan tembang pangkur gatra telu yaiku... .

a)

8a

b)

8u

c)

7a

d)

7u

3.

Mingkar mingkuring angkara

Akarana karanan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji.

Tembung siwi tegese yaiku... .

a)

anak

b)

priyangga

c)

manungsa

d)

guru

4.

Paugeran tembang pangkur ingkang trep yaiku... .

a)

8a, 11i, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

8a, 11a, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

8a, 11i, 8u, 7i, 12u, 8a, 8i

d)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

5.

Mingkar mingkuring angkara

Akarana karenan marda siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih ketarta pukartining ilmu luhung

Kang tumrap ing tanah jawa

Agama ageming aji

Ing gatra kalima ngemu teges... .

a)

supaya mangerteni pitutur luhur

b)

supaya mangerteni panguripan iku ngelmu luhur

c)

supaya panguripan dadi ngelmu luhur

d)

mbolak-mbalike pitutur luhur

6.

Mingkar mingkuring angkara

tegese tembung 'angkara' yaiku... .

a)

utama

b)

sedhih

c)

seneng

d)

murka

7.

Pitutur luhur kang kandhut ing gatra pitu, agama ageming aji yaiku... .

a)

manungsa kudu seneng pitulungan

b)

agama iku pitutur luhur

c)

agama minangka cagak urip kang luhur

d)

manungsa prayogane tumindak becik

8.

Pitutur luhur tembang pangkur pada kaloro yaiku... .

a)

supaya aja dadi wong kang nungkak krama

b)

supaya miguru marang kabecikan

c)

dadi manungsa supaya bisa ngadohi sipat angkara murka

d)

pitutur kang nggambarake bab urip namung sepisan

9.

Kekerane ngelmu karang

Kekarangan saking bangsaning gaib

Iku boreh paminipun

Tan rumasuk ing jasad,

Amung aneng sajabaning daging kulup

Yen kapengkok pancabaya

Ubayane mbalenjani.

Dudutan sing bisa dijupuk saka tembang pangkur ing dhuwur yaiku... .

a)

piwulang ngenani ilmu sejati kang nggawe rarasing ati

b)

piwulang ngenani alane ilmu karang (ilmu kadigdayan, ilmu tenung)

c)

piwulang ngenani pamahaman marang sukma

d)

pitutur supaya ora tumindhak sakarepe dhewe

10.

Mangkono ilmu kang nyata

Sanyatane mung we reseping ati

Bungah ingaran cubluk

Sukeng tyas yen den ina

Nora kaya si punggung anggung gumunggung

Ugungan sadina-dina

Aja mangkono wong urip

Amanat kang kakandhut sajroning tembang pangkur ing dhuwur yaiku... .

a)

agama dadi patokaning urip

b)

manungsa kudu duwe budi sing apik

c)

aja ngremehke wong liya

d)

sedaya ilmu kang nyata

11.

Si pengung nora nglegewa

Sangsayarda denira...

Ngandhar-andhar angendhukur

Kandhane nora...

Saya elok alangka longkanganipun

Si wasis waskitha ngalah

Ngalingi marang...

Jangkepana tembang ing dhuwur iku... .

a)

cacariwis, priyangga, wong urip

b)

cacariwis, kaprah, si punggung

c)

angling, kaprawiran, ratri

d)

cacariwis, kaprah, si pingging

12.

Tembang pangkur yaiku... .

a)

Tembang macapat kang asale saka tembang mungkur kang tegese nuruti hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepéngin wéwèh marang sapadha-padha

b)

Tembang kang duweni watak galak lan wani

c)

Tembang macapat kang nyritakake manungsa wiwit saka lair nganti mangsa nom-noman

d)

embang macapat kang asalé saka tembang mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepéngin wéwèh marang sapadha-padha

13.

Tembung 'kemba' nduweni teges... .

a)

ragu

b)

kulina

c)

ora nyata

d)

isin

14.

Sinuba sinukerta, ukara iku tegese... .

a)

ora kena dikancani

b)

disenengi banget

c)

diajeni banget

15.

Nggugu kersane priyangga

Nora nganggo peparah lamun angling

Lumuh igaran balilu

Uger guru aleman

Nanging janma ingkang wus waspadeng semu

Sinamun samudana

Sesadoning adu manis

Tembang pangkur ing dhuwur yaiku pada... .

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

16.

Guru gatra tembang pangkur yaiku ana... .

a)

7

b)

8

c)

12

d)

9

17.

Watake tembang pangkur yaiku... .

a)

nelangsa

b)

sembrana

c)

seneng

d)

sereng

18.

Kang ngripta serat wedhatama yaiku... .

a)

Sri Susuhunan Pakubuwana IV

b)

Mangkunegara IV

c)

Paku Buwana III

d)

Paku Buwana IV

19.

Marma ing sabisa-bisa

Babasane muriha tyas...

Puruita kang patut

Lan traping...

Ana uga angger ugering...

Abon aboning panembah

Kang kambah ing siyang ratri

Jangkepana tembang pangkur ing dhuwur iku... .

a)

kumaki, tatakrama, pingging

b)

kumaki, angganira, pikun

c)

basuki, angganira, kaprabun

d)

basuki, tatakrama, kaprabun

20.

Sinawung resmining kidung iku pethilan tembang pangkur gatra... .

a)

3

b)

5

c)

2

d)

1