WorksheetsGeguritan 8
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Geguritan iku nang basa Indonesia diarani
pantun
puisi
lagu
sajak
cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...
diwaca alon kanthi iramane trep
maca karo kesuh-kesuh
macane aja gemrungsung
dhuwur cendheke swara manut ukara
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?
R. Tantiningsih
R. Tanti
R.A. ningsih
R.A. Kartini
Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....
Isine mentes
Nganggo basa padinan
Cacahe larikan ora katemtokake
Migunakake tembung-tembung kang pinilih
Maca geguritan kudu nggatekake wiraga, kang tegese…
Solah bawa nalika maca geguritan
Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan
Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan
Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritan
Ing ngisor iki endi kang minangka titikane geguritan, yaiku…
Tetembungane sithik
Migunakake tembung baku
Ora perlu nganggo lelewaning basa
Tetembungane mentes, ringkes, pantes
Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama.
Dene kang dikarepake wirama yaiku…
Gedhe cilik ukara
Rasa pangrasane pocapan
Munggah mudhune swara
Dawa cendheke tetembungan
Asil karya sastra sing ora kaiket aturan guru gatra, guru, wilangan, lan guru lagu diarani .....
Gancaran
Tembang
Geguritan
Drama
Amanat utawa pesen sajrone geguritan yaiku .....
Nemtokake tema sajrone gegurotan kanthi cara nggathukake ukara
Tatacara ngudhari utawa negesi tembung-tembung sing utama sajrone geguritan sing dikarang
Piwulangan apa wae sing kepengin diandharake dening panggurit marang pamaca lumantar geguritane
Carane ngonceki isine geguritan sarana negesi tembung-tembung sing utama lan nggoleki bakune gagasan
Geguritan kasebut ditujokake kanggo .....
Guru
Sliramu
Wong sing ditresnani
Gusti
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun
Sapu sada
Adiwiyata murih rahayu
Jumat asri
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng
Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia
Katon Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat
Katon sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....
Bisa ngarang
Pinter nembang
Ngerti pengarange
Paham isine
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Sapa sing nulis geguritan ing duwur?
R. Widiyati
Jeng Kitut
Bunda Etik Kusweni
Astuti
Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .
dawane ukara
pathokan
rasaning swasana ati
pocapan kang cetha
Tembung geguritan dumadi saka tembung ‘’gurit’’ kang tegese….
Wirasa
Pujangga
Tulisan
Pathokan
Syarate maca geguritan ing ngisor iki, kajaba….
Wiraga
Wirasa
Wirama
Wiwitan
Salah siji titikane geguritan yaiku endah.
Geguritan bisa endah amarga ana purwakanthi.
Apa tegese purwakanthi?
perulangan
persajakan
pengindahan
penggurit
Jinise purwakanthi kuwi ana 3.
Ing ngisor iki endi sing ora kalebu jinise purwakanthi?
purwakanthi sastra
purwakanthi swara
purwakanthi lumaksita
purwakanthi ukara
Purwakanthi sastra yaiku ...
perulangan huruf vokal
perulangan huruf konsonan
perulangan kata
perulangan kalimat
Purwakanthi swara yaiku ...
perulangan huruf vokal
perulangan huruf konsonan
perulangan kata
perulangan kalimat
Purwakanthi lumaksita yaiku ...
perulangan huruf vokal
perulangan huruf konsonan
perulangan kata
perulangan kalimat
Aku mung bocah nggunung
Kemulku sarung sarapanku jagung
Aku ora pinter gawe kidung
Pethikan geguritan kasebut ngemu purwakanthi apa?
purwakanthi sastra
purwakanthi swara
purwakanthi lumaksita
purwakanthi ukara
