wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

sesorah

Total questions: 25

Worksheet time: 38mins

Name
Class
Date
1.

Para pemuda dalah pemudi karangtaruna Desa Mekarwangi, mangga kita sesarengan gugur gunung kangge ngresiki lingkungan kita supaya dusun Mekarwangi ketingal endah, asri lan boten wonten pambuwangan toya utawi lepen-lepen ingkang mampet amargi kathah para warga ingkang mbucal rereged wonten pambuwangan toya kados lepen alit.

Katitik saka isine, pethikan sesorah ing ndhuwur kalebu jinise teks….

a)

A.    narasi

b)

B.    deskripsi

c)

C.   eksposisi

d)

D.   argumentasi.

2.

   Ing perangan pidhato, pethikan teks ing ngisor iki diarani ....

Kula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblating panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.

a)

   pambuka

b)

salam panutup

c)

isi  

d)

panutup

3.

Perangan pidhato ngisor iki isine ....

Kula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblating panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten

a)

    atur puja puji syukur

b)

atur kinabekten

c)

atur pakurmatan

d)

atur pangapura

4.

Kula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblating panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.

 

   Ing perangan pidhato, pethikan teks ing ndhuwur diarani ....

a)

panutup

b)

isi

c)

salam pambuka

 

d)

pambuka

5.

Salajengipun, kula sakanca nyuwun pamit, tuwin nyuwun tambahing pangestu dhumateng Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik kelas VII lan VIII kangge anglajengaken lampah, nerasaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, amrih kaleksanan gegayuhan kula sakanca ing benjangipun. Sajatosipun awrat sanget kangge kula sakanca badhe nilaraken pawiyatan menika. Kajarag kahanan saha kersaning Gusti Ingkang Maha Agung, bilih wonten pepanggihan temtu ugi wonten pepisahan.

Isine pethikan teks sesorah ing dhuwur yaiku ....

a)

Ngaturake rasa abot nampani pengumuman kelulusan ujian nasional.

b)

Njaluk pamit lan tambahing donga arep nampa jazah.

c)

Ngaturake abot rasane ngadhepi pepisahan karo guru lan adhi kelas

d)

Njaluk pamit marang warga sekolah arep nerusake sekolah sing luwih dhuwur

6.

Salajengipun, kula sakanca nyuwun pamit, tuwin nyuwun tambahing pangestu dhumateng Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik kelas VII lan VIII kangge anglajengaken lampah, nerasaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, amrih kaleksanan gegayuhan kula sakanca ing benjangipun. Sajatosipun awrat sanget kangge kula sakanca badhe nilaraken pawiyatan menika. Kajarag kahanan saha kersaning Gusti Ingkang Maha Agung, bilih wonten pepanggihan temtu ugi wonten pepisahan.

Basa sesorah kasebut nganggo ragam basa Jawa apa?

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

7.

Boten dangu malih kula sakanca badhe nilaraken SMP Negeri 4 Kebumen. Pramila saking menika kula sakanca ngaturaken agunging panuwun dhateng Bapak saha Ibu Guru Karyawan SMP N 4 Kebumen ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca ngantos saged lulus. Mugi amal sae Bapak saha Ibu katampi wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT saha linintu kanthi kesehatan saha kamirahan ingkang samesthinipun. Kula sakanca ugi nyuwun agunging samodra pangaksami amargi sampun asring damel duka saha kuciwa Bapak Ibu.

Pethikan sesorah ing ndhuwur kalebu perangan

a)

A.    Pambuka                                                 

                                             

b)

B.    Isi

             

c)

C.   Panutup

d)

D.   Irah-irahan  

8.

Boten dangu malih kula sakanca badhe nilaraken SMP Negeri 4 Kebumen. Pramila saking menika kula sakanca ngaturaken agunging panuwun dhateng Bapak saha Ibu Guru Karyawan SMP N 4 Kebumen ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca ngantos saged lulus. Mugi amal sae Bapak saha Ibu katampi wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT saha linintu kanthi kesehatan saha kamirahan ingkang samesthinipun. Kula sakanca ugi nyuwun agunging samodra pangaksami amargi sampun asring damel duka saha kuciwa Bapak Ibu.

Gagasan bakune pethikan sesorah ing dhuwur yaiku….

a)

A.    Ngaturaken panuwun marang Bapak Ibu Guru Karyawan.                                            

      

b)

B.    Ndherek mangayubagya.

                                     

                                       

             

c)

C.   Nggayuh cita-cita.

d)

D.   Puji syukur marang Gusti Allah.     

9.

Purwaka basa (pambukaning sesorah) ing teks sesorah iku isine

a)

salam pambuka, ngaturake panuwun, lan ngonjukake puji sokur

b)

salam pambuka, asung pakurmatan, lan ngaturake panuwun

c)

salam pambuka, asung pakurmatan, lan ngonjukake puji sokur

d)

gaturake pangapura, panuwun, lan salam panutup

10.

Manawa pamiyarsa sesorah iku luwih tuwa tinimbang pamicara sesorah, luwih becik migunakake basa ...

a)

ngoko alus

b)

krama inggil

c)

ngoko krama

d)

krama madya

11.

Ana maneh Geopark sayekti,

Papan wiyar tandure cemara,

Ya Pandhan kuning arane,

Siyang pantara dalu,

Padhang jingglang resik tur asri,

Pecel bakwan mendhoan,

Kuliner rumuhun,

Sate gule mesthi ana,

Lonthong bumbu kacang peyek urang ugi,

Rineksa sesawangan.

Guru gatrane tembang kasebut ana pira?

a)

9

b)

8

c)

10

d)

12

12.

Ana maneh Geopark sayekti,

Papan wiyar tandure cemara,

Ya Pandhan kuning arane,

Siyang pantara dalu,

Padhang jingglang resik tur asri,

Pecel bakwan mendhoan,

Kuliner rumuhun,

Sate gule mesthi ana,

Lonthong bumbu kacang peyek urang ugi,

Rineksa sesawangan.

Guru wilangan gatra pungkasan/terakhir tembang kasebut yaiku?

a)

8a

b)

8i

c)

10a

d)

10i

13.

Ana maneh Geopark sayekti,

Papan wiyar tandure cemara,

Ya Pandhan kuning arane,

Siyang pantara dalu,

Padhang jingglang resik tur asri,

Pecel bakwan mendhoan,

Kuliner rumuhun,

Sate gule mesthi ana,

Lonthong bumbu kacang peyek urang ugi,

Rineksa sesawangan.

Latar panggonan tembang kasebut yaiku....

a)

geopark

b)

pandan kuning

c)

karang bolong

d)

karangsambung

14.

Gatekna pacelathon iki!

Wahyu        : “Mbah, kula badhe nyuwun pirsa ngengingi lakon Kidang Kencana. Kula wonten PR supados nyariyosaken lakon wayang Kidang Kencana.”

Mbah Harto : “Nanging yen mung dicritani mengko mundhak ora mantep anggonmu nggarap PR. Iki mbah duwe kaset wayang Sinta murca, mengko setelen dhewe ing omah. Sesuk yen wis rampung balekna ya.”

Wahyu        : “Nggih, Mbah. Matur nuwun.”

Paraga Wahyu nganggo ragam basa apa?

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

15.

Gatekna pacelathon iki!

Wahyu        : “Mbah, kula badhe nyuwun pirsa ngengingi lakon Kidang Kencana. Kula wonten PR supados nyariyosaken lakon wayang Kidang Kencana.”

Mbah Harto : “Nanging yen mung dicritani mengko mundhak ora mantep anggonmu nggarap PR. Iki mbah duwe kaset wayang Sinta murca, mengko setelen dhewe ing omah. Sesuk yen wis rampung balekna ya.”

Wahyu        : “Nggih, Mbah. Matur nuwun.”

Paraga Mbah Harto nganggo ragam basa apa?

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

16.

Kethoprak mujudake kesenian tradhisional kang asale saka Jawa Tengah, DIY, lan Jawa Wetan. Kethoprak kalebu crita sandiwara kang asale saka tembung sandi kang tegese wadi, lan wara kang tegese kabar utawa piwulang. Mula sandiwara bisa ditegesi piwulang kang sinandi/ora diceplosake. Crita kethoprak bisa dijupuk saka crita karangan, crita rakyat kayata crita babad/legendha, crita manca, lan crita sejarah/perjuwangan.

Wilayah propinsi kang dadi pangrembakane kesenian kethoprak, kejaba ...

a)

Madura

b)

Jawa Wetan

c)

  Jawa Tengah

d)

Yogyakarta

17.

Tuladha lakon kethoprak kang ngandhut crita sejarah ….

a)

   Jaka Tarub

b)

    Kamandaka Adu Jago

c)

Perang Sidobunder Karanganyar

d)

  Joko Kendhil

18.

Kamandaka, Jaka Tarub iku tuladha lakon kethoprak babagan….

a)

Epos

b)

babad

c)

sejarah

d)

crita

19.

Piwulang sinandi kang dijupuk saka lakon kethoprak bisa dadi ….

a)

pitutur luhur

b)

tontonan

c)

perjuangan

d)

kasenengan

20.

Paraga kang kawentar ing lakon kethoprak “Lutung Kasarung” ….

a)

kethek

b)

kamandaka

c)

raden jono

d)

sulastri

21.

Unine apa?

a)

Wedhuse ana 15

b)

Wedhuse ana 17

c)

Weduse ana 15

d)

Wedhuse ana 13

22.

unine apa ...

a)

aku lair 10 Agustus

b)

aku lair 10 April

c)

aku lair 12 April

d)

aku lair 12 Agustus

23.

unine apa...

a)

aku lair 14 Agustus

b)

aku lair 12 Agustus

c)

aku lair 12 April

d)

aku lair 14 April

24.

piguna (manfangate) nonton kethoprak, kejaba...

a)

nglestarekake budaya Jawa

b)

nampa pitutur luhur

c)

sinau unggah-ungguh

d)

ben pinter

25.

sandiwara saka tembung sandi kang tegese wadi, wara tegese kabar utawa piwulang. sandiwara tegese ...

a)

piwulang kang ora langsung utawa ora diceplosake (kang sinandi)

b)

piwulang kang langsung diandharake pituture

c)

piwulang kang ana

d)

piwulang ing sandi