wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Guyon Maton

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Saiki ing layar televisi asring ditayangake acara Stand-up comedy ‘dhagelan ngadeg’, yaiku acara lawak kang ....

a)

Pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg dhewekan tanpa kanca

b)

. pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg karo group lan kanca

c)

pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing pangggung kanthi improvisasi

d)

pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing pangggung kanthi ngapalake naskah.

e)

pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg lan ngapalake naskah

2.

Sajrone pasrawungan, wong kang pinter crita biasane akeh kancane, jalaran ....

a)

critane bisa agawe guyu

b)

sing diajak jagongan mesthi krasan

c)

wektu sak jam krasa mung sedhela

d)

ketrampilan agawe guyu dibutuhake

e)

pakaryane ngomong ing ngarepe wong akeh

3.

Guyon yen kebablasen sok-sok malih dadi tangisan, jalaran ....

a)

yen guyon kudu nganggo wewaton

b)

bebrayan Jawa nduweni paugeran

c)

guyon iki kerep kasebut guyon maton

d)

gawe lara atine liyan pungkasane dadi tukar padu

e)

bab guyon, mesthi ana wewatone

4.

Guyon maton mujudake adat kebiasan masyarakat Jawa kanggo....

a)

nerak norma-norma ing masyarakat

b)

mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan

c)

ndudut ati lan ora mboseni katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni

d)

ngguroni masyarakat Jawa babagan norma-norma

e)

pralambang kang nglatih lantiping pikir.

5.

Para pamicara kerep migunakake teks anekdot sajrone nindakake ayahane, kanggo ....

a)

nabet ing atine para panyemak

b)

nyemoni para priyayi

c)

guyon karo para panyemak

d)

guyon karo wong penting/pejabat publik

e)

sarana guyon maton

6.

Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran ....

a)

akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor.

b)

sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor.

c)

teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor.

d)

teks anekdot drajate pada wae yen kabandhing karo teks humor.

e)

teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok.

7.

Bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku ....

a)

Teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan

b)

Teks anekdot isine nyritakake lelakone wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakone wong biasa

c)

. Teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate minangka sarana kritik sosial.

d)

. Teks anekdot kadhapuk adhedhasar khayalan utawa imajinasi, yen teks humor kadhapuk adhedhasar prastawa kang nyata.

e)

Teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonane migunakake lelewaning basa.

8.

Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, “Ooo .... sepurane, rokokku ceblok”. Punggelan teks kasebut miturut struktur teks anekdot kalebu perangan ….

a)

jaturan

b)

pawadan

c)

prakara

d)

tangapan

e)

wasana

9.

Teks anekdot dimanfaatake dening masyarakat, minangka sarana kanggo ....

a)

nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang pertahanan lan keamanan

b)

nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang kesenian, budaya, lan hiburan

c)

nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang politik, sosial, lan lingkungan.

d)

nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ilmu pengetahuan lan tekhnologi

e)

nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ekonomi, agama lan kepercayaan

10.

Ajaran moral sajeroning teks anekdot mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis, jalaran....

a)

diwedharake pengarang lumantar para paraga

b)

pituduh iku bisa ditrepake ing bebrayan

c)

minangka kaca benggala

d)

kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin

e)

masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik.

11.

Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku ....

a)

migunakake basa baku utawa standar

b)

migunakake basa campuran baku lan ora baku

c)

migunakake basa kang trep karo unggah-ungguh basa

d)

migunakake paribasan, bebasan, lan saloka.

e)

migunakake basa standar kaya Jogja-Solo

12.

Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu ....

a)

dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kang trep.

b)

dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kang trep

c)

dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kang trep

d)

dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah.

e)

dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna.

13.

Milih sumber teks anekdot kudu ati-ati, kudu nyiriki ….

a)

pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah polahe para priyay

b)

ariwarti, kalawarti, radhio, televisi, internet, lan media massa liyane

c)

bab-bab kang kaanggep sakral dening masyarakat

d)

ngajak tumindak becik lumantar pasemon

e)

jenenge paraga lan papan dumadine prakara

14.

Tuladha ukara pitakon retoris kang trep kanggo mbukak teks anekdot, yaiku ....

a)

Sapa jenenge tokoh kang paling kok tresnani?

b)

Sapa kang durung kenal karo tokoh iki?

c)

Sapa tokoh kang paling gedhe lelabuhane?

d)

Sapa arane tokoh kang dikecrek polisi?

e)

Sapa asmane tokoh kang paling cedhak karo masyarakat?

15.

Tembung utawa ukara tinamtu kang perlu oleh kawigaten, nalika maca teks anekdot perlu diucapake kanthi ....

a)

nadha kang dhuwur

b)

nadha kang bisaa

c)

nadha endhek banget

d)

kang bisa nrenyuhake

e)

kang kepenak dirungokake