Worksheetssiap ujian
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, saengga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi diarani .....
Artikel Eksposisi
Artikel Prediktif
Artikel naratif
Artikel Deskriptif
Kang diarani guru lagu ing tembang macapat yaiku tibaning swara vocal utawa dhong – dhing ing .......................
wiwitane gatra
pungkasane gatra
wiwitane tembung
pungkasane tembung
Tembung ‘methethet’ iku kalebu tembung rangkep ...............
dwi wasana
dwi purwa
salin swara
semu
Kalawau kula sampun sanjang menawi mboten saged tumut.
Ukara iki migunakake unggah – ungguhing basa ......
Krama lugu
Krama alus
krama inggil
Ngoko alus
Drama kang lumrahe nyritakake babagan kasekten, urip ing kraton, uripe dewa – dewi, kedadean kang ora tinemu nalar, lan liya – liyane diarani ............
drama tragedi.
drama komedi
drama fiksi
melodrama
Trаgedi yаiku drаmа kаng ngаndhаrаke lelаkon sing sedhih, nrenyuhаke lаn ndаdekаke wong kаng nonton dаdi trenyuh, wedi lаn nelаngsа.
Nrenyuhake duweni teges ing bahasa Indonesia yaiku..
menyenangkan
menghibur
mengharukan
membingungkan
Ing ngisor iki struktur teks anekdot kang komplit lan urut yaiku
Abstraksi - Orientasi - krisis - reaksi - koda
Orientasi – Abstrak – Krisis – Reaksi – Koda.
Abstraksi - Orientasi - krisis - koda - reaksi
Abstraksi - Orientasi - reaksi -krisis - koda
Ing pagelaran wayang kulit iku ana piranti kang nggambarake bumi yaiku ....
Kothak
kelir
debog.
blencong
Tugase ............ ing pagelaran wayang kulit yaiku nembangake tembang – tembang sajroning pagelaran wayang kulit.
dalang
niyaga
wiyaga
waranggana
Ing upacara panggih temanten ana tatacara kang diarani.................. yaiku penganten sakloron nggawa godhong suruh sing matemu rose kang dilintheng diboboti jambe, ditaleni lawe putih. Godhong suruh kuwi mau banjur padha dibalangake dening penganten sakloron.
sinduran
gantalan
bot timbang
kacar kucur
1. Wayang kang nyritakake kaluwarga Bharata (Pandhawa lan Kurawa) wiwit cilik nganti perang Bharatayuda Jayabinangun yaiku ….
Kadhewatan
Ramayana
Arjuna Sasra
Mahabharata
Banjir Bandhang
Dening : Sendhang Mulyana
Banjir bandhang
Kabeh kang dipantha – pantha
Lan digantha – gantha
Ilang katerjang
Jerit tangis ngiris ati
Apa iku bebendhu saka Gusti
Sebab manungsa wis pada ngawur
Lan nglalekake kitab suci
Alas ditebas tanpa welas
Gunung – gunung gundhul konal – kanul
Isin
Nggrantes
Nesu
Saka geguritan ing ndhuwur, isa diweruhi yen Gusti maringi bebendhu marang manungsa amarga ….
Manungsa padha njerit nangis ngiris ati
Manungsa padha tumindak ngawur lan adoh saka kitab suci
Manungsa padha nebas alas tanpa rasa welas
Manungsa ngrasa isin, nggrantes, lan nesu
Perangan naskah drama kang awujud guneman antara paraga siji lan sijine diarani ….
monolog
dialog
prolog
epilog
Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus kang mboten trep yaiku ….
Agemanipun ibu ingkang werni abrit, dene rasukan kula ingkang werni cemeng.
Jam tangan gadhahane bapak risak.
Eyang gerah waja sampun tigang dinten.
Dalemipun Budhe caket margi ageng.
Layang saka Any mentas wae takwaca, layang sing gumlethak ana meja sinauku. Layang iku bisa ngurangi rasa lungkrahku. Sewengi muput ana ndalan, Bandhung – Malang lumayan nggawe lencune awak.
Sudut pandang kang digunakake pengarang ing pethilan cerkak kasebut yaiku ….
wong ka 1
wong ka 2
wong ka 3
wong ka 4
Karangan singkat kang ndudut ati amarga lucu lan nengsemake, bisaane ngenani wong penting utawa kondhang lan adhedhasar kedadeyan nyata diarani …
drama
cerkak
anekdot
novel
Ing ngisor iki kang kalebu seni pertunjukan yaiku ….
Sendratari Ramayana
Ukir – ukiran
Upacara larung saji
Tanggap wacana
1. Paraga geganep kang dadi panengah konflik antarane paraga protagonis lan paraga antagonis diarani ….
A. Tritagonis
B. Sutradara
C. Figuran
D. Protagonis
E. Antagonis
sutradara
Tritagonis
Figuran
Antagonis
Ing ngisor iki kalebu seni pertunjukan tradhisional khas Jawa Timur yaiku ….
ludruk
ketoprak
dhagelan
wayang wong
Gatekna pacelathon ing ngisor iki !
Rina : ”Bu,nyuwun pangapunten kalawingi kula mboten saget mlebet les.”
Bu Guru : “Ana acara apa kok ora mlebu ?”
Rina : “kalawingi wonten sedherek saking Surabaya … dhateng … kula Bu.”
Bu Guru : “O yaw is, ra apa –apa, tugase takona kancamu ya.”
Rina : “Nggih Bu, matur nuwun .”
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukarane Rina kasebut yaiku
rawuh ...griya
rawuh ..... dalem
dugi.... griya
dugi ... dalem
