NEW
Font size
Worksheetsbahasa jawa
Total questions: 25
Worksheet time: 1hrs 15mins
Bima ora weruh yen ibune wis teka. Ukara kasebut nggunakake ragam basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bima mboten sumerep yen ibunipun sampun dhateng. Basa kang digunakake....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ora padha karo kanca-kancane kang katon sumyah gumbira. Tembung sumyah gumbira kagolong tembung....
camboran
saroja
entar
lugas
Tembung sumyah gumbira tegese yaiku....
seneng banget
susah
bingung
Dgela
Praupane peteng kaya ana bab sing didhelikake. Tembung praupane peteng kagolong tembung....
camboran
saroja
entar
lugas
Tembung praupane peteng tegese yaiku....
seneng banget
susah
bingung
gela
Mendhung peteng ing praupane Sodin banjur owah dadi udan brebel-brebel, mbrebes mili. Tembung owah dadi udan tegese yaiku....
udan
banyu
tangis
kringet
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring,
sing disaba si pucung mung turut kutha.
Tembang ing dhuwur guru gatrane ana … .
5
4
3
6
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring,
sing disaba si pucung mung turut kutha.
Cangkriman tembang ing dhuwur wangsulane yaiku … .
gajah
sepur
iket/udheng
kalung
Tembang macapat iku kaiket ing telung paugeran, kejaba… .
guru gatra
guru swara
guru wilangan
guru pada
Dedalane guna lawan sekti
Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku … .
10 i
9i
8a
12i
Ing ngisor iki ukara kang guru wilangane ana 12 yaiku … .
Mbangun turut marang wong tuwa
Sapa jujur mbesuke bakal luhur
Wis wajibe si murid sregep sinau
Saben dina rama ibu kang njaga
Guru lagu i iku tuladhane yaiku … .
sawengi-wengine
pencokanmu lambung kering
sapa kang sregep makarya
temen margane swarga iku
Ing ngisor iki tuladhane tembung saroja yaiku ... .
babak bundhas
dawa tangane
nagasari
. untu garu
Ing ngisor iki tuladhane tembung entar, kejaba ...
dawa tangane
kandel kupinge
jembar bawera
dawa ususe
Saben sore simbah lungguh ing teras ngarep.
Ukara kasebut yen diowahi nganggo tembung krama inggil ....
Saben sore simbah lenggah ing teras ngajeng.
Saben sonten simbah lungguh ing teras ngajeng.
Saben sonten simbah lenggah ing teras ngajeng.
Saben sonten simbah lenggah ing griya ngajeng
Sampun jam sekawan ibu dereng rawuh saking kantor.
Tembung rawuh ngoko aluse ....
dugi
mulih
teka
wangsul
Ukara kang ana ing wacan sing kalebu parikan yaiku ….
Kembang pakis uripe ing cedhak wit luntas, wis lumrahe sing wasis pinilih ketua kelas.
Mula ora salah menawa dheweke kepilih dadi ketua kelas.
Ora pareng ngandha wong liya mundhak dadi ora apik, tur maneh awake dhewe durung mesthi luwih apik saka dheweke.
Muga-muga wae Wijaya Putra besuk bisa mimpin kelas iki kanthi apik, bisa ndadekake kelas iki apik ing sekolah.
Bocah wadon kae ayune kaya widodari, pikirane lantip, nanging embuh amarga apa gandane arum jamban. Arum jamban ing ukara iku tegese ….
wangi banget
nuwuhake ganda arum kang ora ana enteke.
banger banget
gandane arum wangi nengsemake ati
Bocah kuwi ayu tenan, rambute ngandhan-andhan, tangane nggandewa pinenthang, bangkekane ….
jambe sinigar
nawon kemit
ndamar kanginan
mucuk eri
Basa kang endah utawa basa sastra, endahe karana dipaesi/direngga-rengga utawa dirumpaka diarani….
basa krama
basa rinengga
basa bagongan
basa krama desa
Kebo picak kalebu ....
cangkriman awujud pepindhan
cangkriman awujud blenderan
cangkriman sinawung ing tembang
cangkriman awujud wancahan
Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi ....
Pidhato kenegaraan karo pidhato perpisahan.
Pidhato ing sekolahan karo pidhato ing manten.
Pidhato pengetan Hardiknas karo pidhato presiden.
Pidhato resmi karo pidhato ora resmi.
Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato.
pambuka
isi
panutup
dudutan
Dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup iku kalebu perangan ... pidhato.
Pambuka
Isi
Panutup
dudutan
