wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BAHASA JAWA KD 3.5

Total questions: 35

Worksheet time: 1hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Carane omong ing sangarepe wong akeh kanggo ngandarake gagasan utawa ngandharake sawenehe bab diarani ....

a)

sesorah/pidato

b)

omong-omong

c)

rerembukan

d)

rapat penting

2.

Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi loro, yaiku ....

a)

pidato resmi lan pidato setengah resmi

b)

pidato ora resmi lan pidato lengkap

c)

pidato resmi lan pidato ora resmi

d)

pidato kenegaraan lan pidato manten

3.

Gatekno ciri-ciri basa pidato ing ngisor iki!

1. Digunakake ing kahanan resmi

2. Intonasi datar

3. Ukarane ukara jangkep

4. Migunakake tembung baku

Miturut ciri-cirine, basa iku kanggo pidato ....

a)

resmi

b)

setengah resmi

c)

ora resmi

d)

kenegaraan

4.

Pidhato manten lan pidhato ing Karang Taruna iku kagolong jenise pidato ...

a)

resmi

b)

ora resmi

c)

kekeluargaan

d)

perkumpulan

5.

Ing ngisor iki sing klebu jenise pidato resmi yaiku ....

a)

pidato kenegaraan

b)

pidato karang taruna

c)

pidato mantenan

d)

pidato pembukaan toko

6.

Gatekno ciri-ciri basa pidato ing ngisor iki!

a. digunaake ing kahanan resmi

b. intonasi swara munggah mudhun

c. ukarane ukara jangkep

d. tembunge ora baku

Sing kalebu cirine basa pidato ora resmi yaiku ....

a)

a lan b

b)

b lan c

c)

a lan c

d)

b lan d

7.

Struktur teks pidato sing bener yaiku ....

a)

pembukaan-isi-penutup

b)

pembukaan-unen-unen-penutup

c)

penutup-pembuka-isi

d)

isi-pembuka-penutup

8.

Perangan teks pidhato kang miwiti andharan, isine wujud salam pambuka, pakurmatan, lan puji syukur diarani ....

a)

isi pidato

b)

pembuka pidato

c)

penutup pidato

d)

pembuka lan penutup pidato

9.

Perangan teks pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan, diarani ....

a)

pembuka pidato

b)

isi pidato

c)

penutup pidato

d)

acara pidato

10.

Perangan teks minangka panutuping andharan, isine dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup, diarani ....

a)

pambuka pidato

b)

isi pidato

c)

penutup pidato

d)

kerangka pidato

11.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, para siswa tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karahayon.

Perangan pidato ing ndhuwur kuwi diarani ....

a)

pambuka pidato

b)

isi pidato

c)

kerangka pidato

d)

penutup pidato

12.

Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, ing kalodhangan menika kula namung saged paring panjurung mugimugi para siswa mangke sageda gadhah krenteg kangge nindakake wira usaha. Amargi kanthi wira usaha saged ningkataken ekonomi kulawarga.

isi pidato ing ndhuwur yaiku ....

a)

ngajak Bapak ibu guru lan kepala sekolah nindakake wirausaha

b)

njelasake wira usaha sing dilakoni kanti ajeg

c)

penjelasan bab tata cara wira usaha sing bener

d)

ngajak Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa supaya nduweni krenteg nindakake wira usaha

13.

Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah. Wasana ... menawi wonten lepatipun atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Ukara sing bener kanggo njangkepi penutup pidato kuwi ....

a)

kula nyuwun dunga dumateng panjenengan

b)

kula badhe ngaturaken bab wira usaha ingkang sampun kula lampahi

c)

kula nyuwun agunging pangaksami dumateng panjenengan

d)

cekap semanten atur kula

14.

Supaya wong sing mirengake pidhato bisa ketarik, wong kang pidhato kudu nggateake bab-bab ing ngisor iki, yaiku ....

a)

vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan runtute isi pidhato kudu cetha

b)

vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan improviasi kudhu cetha

c)

impromtu, memoriter, intonasi, lan ekspresi kudu cetha

d)

impromtu, vokal/swara, intonasi, lan ekspresi kudu cetha

15.

Pidhato kanthi cara maca teks diarani ....

a)

naskah

b)

ekstemporan

c)

memoriter

d)

impromptu

16.

Naliko pidhato ana 4 methode sing bisa digunakake apa wae ....

a)

naskah, deskripsi, eksposisi,narasi

b)

impromptu, memoriter, naskah, ekstemporan

c)

persuasi, naskah, deskrisi, ekstemporan

d)

memoriter, sesanti, deskripsi, impromptu

17.

Yen arep pidhato, becike gawe ....

a)

struktur teks pidato

b)

naskah pidhato

c)

gagasan baku

d)

cengkorongan

18.

Katulis latine ....

a)

supaya penyune lestari

b)

supaya penyu lestari

c)

supaya penyu 2 disate

d)

supaya payu disate karo teri

19.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

a)
b)
c)
d)
20.

Nalika sesorah sesorah marang wong luwih tuwa nganggo basa .…

a)

ngoko

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

ngoko andhap

21.

Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku .…

a)

wigatining atur

b)

pangarep-arep

c)

pambuka

d)

salam pambuka

22.

Sumangga kula dherekaken raos puji sukur dhumateng Gusti igkang Maha Kuwaos.

Pratelan ing dhuwur klebu perangane sesorah ana ing .…

a)

uluk salam

b)

isi

c)

pambuka/purwaka

d)

panutup

23.

Gatekna bab-bab ing ngisor iki!

(1) ndhingkluk

(2) tangan ngapurancang

(3) nyawang tamu

(4) nguwasani pemirsa

Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer .…

a)

(4)

b)

(3)

c)

(2)

d)

(1)

24.

Tujuan sesorah kanggo nompo rawuhe para tamu kasebut ....

a)

atur panglipur

b)

atur pambagyo

c)

atur pawarta

d)

pangajak

25.

Busana kang dinggo nalika nindhakake sesorah kudu ....

a)

resik, sopan

b)

mewah

c)

sopan, reged

d)

reged, ora rapi

26.

(1) Isi/Suroso

(2) Purwaka

(3) Panutup

(4) Salam Panutup

(5) Salam Pambuka

Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ....

a)

2-5-1-3-4

b)

5-2-1-3-4

c)

5-2-4-3-1

d)

2-5-1-3-4

27.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.

Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah.

a)

pangajeng-ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

28.

Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ....

a)

intonasi saben ukoro kudu bener

b)

intonasi ukoro ora kudu bener

c)

tempo anggone maca ora kudu bener

d)

pamedhote ukoro ora kudu bener

29.

Pangucape tembung lan ukara ing sesorah kedu cetha diarani .…

a)

lafal

b)

intonasi

c)

ekspresi

d)

tempo

30.

Apa tegese tembung sesorah ....

a)

wacan

b)

cerita

c)

puisi

d)

pidato

31.

Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat nyuwun pangapunten.

Pethikan ukara ing dhuwur diucapake ana ing ....

a)

pambukane sesorah

b)

panutupe sesorah

c)

isine sesorah

d)

isine surat

32.

Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan ....

a)

supaya pamiyarsa betah mirengake

b)

supaya sing dingendikakake gampang ditampa

c)

supaya katon bregas mrebawani

d)

supaya padha seneng

33.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Ing sajroning tanggap wacana diarani ….

a)

salam pembuka

b)

pangarep-arep

c)

pambuka

d)

panyapa

34.

Pidhato sing becik yaiku ....

a)

suwe

b)

akeh wong sing ngrungokake

c)

singkat lan cetha

d)

nganggo basa ngoko

35.

Mangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, inggih awit sih wilasanipun kita pinaringan kanikmatan, satemah saged kempal ing pahargyan PEPISAHAN SISWA KELAS VI tamatan warsa 2015/2016 ing dinten Kemis Wage 9 Juni 2015 ing SD Pamardi Putri kanthi widada nir ing sambekala.


Sesorah sawise ngucap salam banjur atur ....

a)

syukur

b)

pakurmatan

c)

panuwun

d)

pangapura