wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 0mins

Name
Class
Date
1.
Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... .
a)
ragam ngoko lan ragam krama
b)
ragam ngoko alus lan ragam karma inggil
c)
ragam krama lugu lan ragam karma inggil
d)
ragam ngoko lan krama inggil
e)
ragam krama alus lan krama inggil
2.
Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa...
a)
ngoko alus
b)
ngoko lugu
c)
krama
d)
krama lugu
e)
krama inggil
3.
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
a)
Ngoko alus
b)
Krama
c)
Krama inggil
d)
Krama andhap
e)
Ngoko lugu
4.
Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….
a)
Krama inggil
b)
Ngoko alus
c)
Krama andhap
d)
Krama
e)
Ngoko lugu
5.
Simbah saweg sare, ukara kasebut kalebu ukara...
a)
Krama alus
b)
Ngoko lugu
c)
Ngoko alus
d)
Krama lugu
e)
Ngoko
6.
Ukara ing ngisor iki kalebu basa ngoko alus, kajaba …
a)
Ing ngendi dalem Panjenengan?
b)
Slirane saiki apa wis kondur?
c)
Muga-muga mengko sore ora udan
d)
Pak Ronaldo ora sida tindak menyang Bondowoso
e)
Pak Broto wis ing dalem.
7.
Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …
a)
Krama alus
b)
Krama
c)
Ngoko
d)
Ngoko alus
e)
Krama lugu
8.
Miturut undha-usuke basa, krama alus nggunakake basa sing luwih alus lan ngajeni banget. Ing ngisor iki panggonane krama alus, kajaba …
a)
Kanca padha kanca sing wis akrab
b)
Wong sing sadrajad
c)
Wong sing padha pangkate
d)
Wong sing luwih dhuwur drajade (wong tuwa, guru)
e)
Wong luhur (durung akrab)
9.
Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ... .
a)
panguripan sabendina
b)
epos Ramayana-Mahabarata
c)
prastawa sejarah
d)
kedadean sajeone kraton
e)
kedadean apa anane
10.
Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ... .
a)
orientasi, komplikasi, resolusi, lan coda
b)
coda, orientasi, komplikasi, lan resolusi
c)
resolusi, coda, orientasi, lan komplikasi
d)
komplikasi, resolusi, coda, lan orientasi
e)
orientasi, komplikasi, coda, lan resolusi
11.
Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks cerkak diarani ….
a)
komplikasi
b)
resolusi
c)
coda
d)
orientasi
e)
klimaks
12.
Saiki ing layar televisi asring ditayangake acara Stand-up comedy ‘dhagelan ngadeg’, yaiku acara lawak kang ....
a)
pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg dhewekan tanpa kanca.
b)
pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg karo group lan kanca.
c)
pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing pangggung kanthi improvisasi.
d)
pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing pangggung kanthi ngapalake naskah.
e)
pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg lan ngapalake naskah.
13.
Bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku ....
a)
Teks anekdot isine nyritakake lelakone wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakone wong biasa.
b)
Teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan.
c)
Teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate minangka sarana kritik sosial.
d)
Teks anekdot kadhapuk adhedhasar khayalan utawa imajinasi, yen teks humor kadhapuk adhedhasar prastawa kang nyata.
e)
Teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonane migunakake lelewaning basa.
14.
Teks anekdot dimanfaatake dening masyarakat, minangka sarana kanggo ....
a)
nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang politik, sosial, lan lingkungan.
b)
nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang pertahanan lan keamanan.
c)
nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang kesenian, budaya, lan hiburan.
d)
nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ilmu pengetahuan lan tekhnologi.
e)
nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ekonomi, agama lan social.
15.
Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku....
a)
gancaran ’‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
b)
gancaran ’prosa’, cerkak ’cerpen’, lan sandhiwara ’drama’
c)
tembang ‘nyanyian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
d)
pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
e)
babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
16.
Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake....
a)
uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk.
b)
uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan
c)
uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung
d)
uripe manungsa lumantar kesenian tradhisional
e)
uripe manungsa lumantar sutradhara
17.
Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang....
a)
pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
b)
jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
c)
pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
d)
basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
e)
dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
18.
Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku....
a)
social conflict lan psychological conflict
b)
psychological conflict, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane.
c)
social conflict, pasulayan ing sanjerone batin sawijining pawongan..
d)
antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa.
e)
amarga rebutan warisan.
19.
Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake ....
a)
indra pangrungu (audhio)
b)
antawacana (dhialog)
c)
indra pangecap utawa pangrasa
d)
audhio visual elektronik
e)
perkakas kang canggih
20.
Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku ....
a)
para pamaraga/pemain kudu bisa nembang
b)
para pamaraga/pemain kudu bisa nari
c)
para pamaraga/pemain kudu bisa bela dhiri
d)
para pamaraga/pemain kudu bisa nabuh gamelan
e)
para pamaraga/pemain kudu bisa dadi sutradhara
21.
Manajemen tontonan ndhuweni peranan, yaiku …
a)
netepake rancangan, ngorganisir, lan ngendhaleni
b)
netepake rancangan, ngorganisir, lan nandhingake
c)
netepake rancangan, ngoreksi, lan ngendhaleni
d)
netepake koordinasi, ngorganisir, lan ngendhaleni
e)
netepake jadwal, ngorganisir, lan ngendhaleni
22.
Diwulang kok ngembang duren, ndhlongop wae”. Unen-unen kasebut diarani…
a)
Paribasan
b)
Wangsalan
c)
Pepindhan
d)
Cangkriman
e)
Parikan
23.
Jroning artikel kang mujudake perangan sing digunakake panulis minangka dadi pancatan anggone nulis artikel diarani
a)
Pambuka
b)
Isi
c)
Panutup
d)
Irah-irahan
e)
Dudutan
24.
Artikel kang isine menehi panemu kanthi alesan sing cetha kanthi tujuane kanggo mrambawani wong kang maca supaya luwih yakin diarani artikel
a)
Eksposisi
b)
Narasi
c)
argumentasi
d)
Deskripsi
e)
Eksposisi
25.
Nalika maca sawijine wacan kudu bisa mangerteni watak lan sesipatane paraga kang ana ing crita, dadi anggone maca kudu trep (upamane apa rasa nesu, sedhih, mangkel, ngrintih lan liya -liyane) kang diarani
a)
Wirasa
b)
Ekspresi
c)
Olah vocal
d)
Obah mosik
e)
Intonasi swara
26.
Jroning crita wayang kuwi ana unsur intrinsic lan unsur ekstrinsik. Seng diarani unsur ekstrinsik yaiku
a)
Unsur kang ana ing sanjabanecrita
b)
Unsur kang ana ing sajroning crita
c)
Piwulang/pitutr saka sawijine crita
d)
Gegayutan karo watake saben paraga
e)
Unsur kang ora ana gegayutane crita
27.
Babagan kang nerangake papan, wektu, lan swasana jroning crita wayang diarani
a)
Latar
b)
Tema
c)
Amanat
d)
Paraga
e)
Alur
28.
Nalika maca teks sawijine crita wayang, bab-bab sing kudu digatekake yaiku
a)
Solah bawan kudu digawe-gawe
b)
Pangucapane tembung kudu bener
c)
Anggone ngucapake kudu karo obah
d)
Nalika maca ora perlu banter-banter
e)
Anggone ngucapake kudu dibolan-baleni
29.
Nalika nyritakake crita wayang anggone nryitakake kudune variatif, tegese
a)
Anggone nyritakake ora monoton
b)
Anggone nyritakake dibolan-baleni
c)
Olehe nyritakake runtut, ora mbulet
d)
Sing diceritakake temane ora mung siji
e)
Basa sing digunakake gampang dingerteni
30.
Ukara-ukara ing ngisor iki sing mujudake tuladhane basa lisan yaiku
a)
Kowe aja gampang percaya karo tembung jarene
b)
Mumpung isih enom kudu sing sregep tandang gawe
c)
Sepira gedhe sengsara yen tinampa among dadi coba
d)
Nalika kancamu mrene, aku kepeksa ora bisa nemoni
e)
Ben ndang rampung garapane, kabeh kon ngrewangi
31.
Penganggone basa jawa ngoko lugu jroning ukara ing ngisor iki sing paling trep yaiku
a)
Eyangku neng kene wis seminggu, saiki arep mulih menyang Banyuwangi
b)
Bapak sidane ora gelem tuku sepedhahe montor jalaran durung bisa numpaki
c)
Aku mau ing sekolahan dikongkon maju guruku ora gelam, akhire guruku nesu.
d)
Wedhusku sing meteng saiki wis manak, anake loro gedhe-gedhe tur sehat
e)
Aku arep takon, apa kowe sida lunga menyang Surabaya suk dina Selasa ngarep?
32.
Sakjane wingi sore dhik Riski njaluk…. Buku gambar, nanging wektu kuwi ibu pas durung….dhuwit, mulane saiki aku….nukokake buku gambar ing took
a)
Dipundhutake; kagungan;diutus
b)
Ditumbasake; gadhah; ngutus
c)
Dipundhutake; kagungan; ngengken
d)
Dipuntumbasaken; gadhah; ngutus
e)
Tumbas; gadah; ngutus
33.
Saben-saben aksara Jawa kuwi duweni sipat silabik, tegese
a)
Cacahe winates banget
b)
Durung oleh pasangan
c)
Awujud wanda menga
d)
Ora kena disandhangi
e)
Kudu oleh sandhangan
34.
Ukara-ukara ing ngisor iki endi sing kalebu basa rinengga?
a)
Wis teka wektu kang dienteni, akhire kabeh padha mulih dhewe-dhewe
b)
Tindakira sang subamangga katon repepeh-repepeh kadya senopati
c)
Sadurunge ditemokake manten lanang lan manten wedok dirias dhisik
d)
Akeh dhayoh sing padha ora kumanan panggonan merga papan ciyut
e)
Yen durung bisa maca kudune ngaku wae supaya diblajari maca dhisik
35.
Ing ngisor iki kang minangka paugeran panulisane aksara murda yaiku
a)
Tembung sing ditulis murda kuwi tembung serapan saka basa manca
b)
Tembung sing ditulis murda kuwi mung aksara ing wiwitane ukara wae
c)
Tembung-tembung sing ana aksara murdane kudu ditulis murda kabeh
d)
Panulise aksara murda saben ukara mung ditulis aksara sing ngarep wae
e)
Panulisane aksara murda mung cukup siji sing ngarep wae saben tembung
36.
Ing ngisor iki sing dadi paugeran penganggone aksara swara yaiku
a)
Aksara swara mung kena diwenehi sandhangan swara wae
b)
Kanggo nulis tembung sing wis rumasuk jroning basa Jawa
c)
Saben-saben aksara swara iku duwe pasangan dhewe-dhewe
d)
Merga kalebu murda, mula panulisane padha karo aksara murda
e)
Yen manggon ing mburine aksara sigeg, aksara swara kudu dipangku
37.
Cacahing wanda saben-saben gatra jroning tembang macapat diarani
a)
Guru gatra
b)
Guru wilangan
c)
Guru lagu
d)
Guru wanda
e)
Guru sastra
38.
Jinise tembang macapat sing guru gatrane paling akeh yaiku tembang
a)
Mijil
b)
Sinom
c)
Pangkur
d)
Megatruh
e)
Dhandhanggula
39.
Ing ngisor iki sing kalebu struktur batine geguritan yaiku
a)
Pamilihing tembung
b)
Perasaane panggurit
c)
Penganggone wirama
d)
Tatacarane nulis geguritan
e)
Penganggone baya bahasa
40.
Jroning tata urutan temu manten adat Jawa, nalikane manten lanang ngidak endhog pitik nganti pecah diarani upacra
a)
Papag toya
b)
Balang gantal
c)
Wiji dadi
d)
Bobot timbang
e)
Tanem jero