wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT Basa Jawa

Total questions: 53

Worksheet time: 44mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen sing tliti!

Budaya Jawa ing Jaman Globalisasi


Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya Jawa. Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.

Trus, apa globalisasi iku? Tembung globalisasi asale saka tembung globe utawa global. Tegese mendunia utawa universal. Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono uga ing babagan budaya.

irah-irahane wacan ing dhuwur sing trep yaiku ….

a)

Budaya Jawa Ing Jaman Globalisasi

b)

Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya

c)

Wujud budaya Jawa

d)

Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna

2.

Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya Jawa. Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.

Trus, apa globalisasi iku? Tembung globalisasi asale saka tembung globe utawa global. Tegese mendunia utawa universal. Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono uga ing babagan budaya.

isi teks paragraf kapindho yaiku ….

a)

Wujud budaya Jawa

b)

Tegese tembung globalisasi

c)

ngasilake budaya

d)

dhampak maneka warna

3.

Tegese tembung “globalisasi” yaiku ….

a)

globalisasi ora bakal nuwuhake dhampak maneka warna

b)

globalisasi ngasilake budaya becik

c)

Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.

d)

asale saka tembung globe utawa global, tegese mendunia utawa universal

4.

ing ngisor iki sing kalebu titikane (ciri-ciri) globalisasi yaiku ….

a)

Tipise wates antar negara, tegese kedadean ing sawijining negara gampang banget diweruhi dening wong ing negara liyane.

b)

Pawarta saindenging jagad, suwe (lambat) banget sumebare.

c)

Saya mundure dol-tinuku utawa perdagangan antarane negara siji lan sijine.

d)

Anane pasar tradisional

5.

Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku ....

a)

Negara sing maju nduweni kuwasa sing luwih gedhe

b)

Komunikasi tansaya gampang, amarga kabukake ruwang sosial.

c)

Nuwuhake sipat konsumtip lan boros

d)

Barang gaweane luwar negri bisa ngalahake barang gaweane jrone negri

6.

bocah-bocah kabeh, sing ing tembe bakal dadi saka gurune bangsa, kudu bisa nyaring pangaribawa saka manca negara mau. Pamrihe supaya bangsa Indonesia mbesuke ora bakal kelangan jati dhiri. Dampak negative prastawa globalisasi kang bakal kedaden yaiku ….

a)

Tekade wong kanggo nyambut gawe

b)

Komunikasi tansaya gampang

c)

Lunture kabudayan lan nilai-nilai luhur bangsa

d)

Anane pasar global

7.

cangkriman yaiku unen-unen kang kudu ….

a)

dijlentrehna

b)

diwaca

c)

diringkes

d)

dibatang

8.

ing ngisor iki sing kalebu titikane (ciri-ciri) cangkriman yaiku ….

a)

Kudu dibadhek (digoleki wangsulane)

b)

Ora kanggo sayembara

c)

Swasanane dadi sepi

d)

Nduweni teges global

9.

Cebloke mengisor, sing digoleki …. Batangane yaiku gentheng bocor

a)

mengisor

b)

mendhuwur

c)

mengarep

d)

memburi

10.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Pencokanmu wesi miring,

Yen lumaku si pucung ngumbar swara


batangane cangkriman kasebut yaiku ….

a)

kalung

b)

gelang

c)

sepur

d)

perahu

11.

ing ngisor iki kang kalebu cangkriman wancahan yaiku ….

a)

Sega sakepel dirubung tinggi (salak)

b)

Wong adol tempe ditaleni (sing ditaleni iku tempene, dudu wong sing dodol tempe)

c)

Bapak pocung dudu watu dudu gunung, sangkamu ing plembang

d)

wiwawite, lesmbadhonge (uwi dawa uwite, tales amba godhonge)

12.

SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju. Kanggo nambahi kawruh marang para siswa sekolah duwe ada-ada nganakake kegiatan kunjungan menyang salah sijine indhustri pangan sing manggone cedhak sekolahan.

Dina Setu bocah-bocah kelas 6 sida budhal kunjungan indhustri menyang pabrik tahu “Prasaja” kagungane pak Brata. Rini lan kanca-kancane seneng banget atine. Bocah-bocah kepengin ngerti carane gawe tahu lan kepriye carane masarake.

latar panggonan cerita saka paragraph 2 ing dhuwur yaiku ….

a)

Pabrik tahu

b)

Dina setu

c)

Kanca-kanca

d)

pak Barata

13.

SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju. Kanggo nambahi kawruh marang para siswa sekolah duwe ada-ada nganakake kegiatan kunjungan menyang salah sijine indhustri pangan sing manggone cedhak sekolahan.

Dina Setu bocah-bocah kelas 6 sida budhal kunjungan indhustri menyang pabrik tahu “Prasaja” kagungane pak Brata. Rini lan kanca-kancane seneng banget atine. Bocah-bocah kepengin ngerti carane gawe tahu lan kepriye carane masarake.


ide pokok paragrap siji yaiku ….

a)

Rini lan kanca-kancane seneng banget atine

b)

SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju

c)

indhustri pangan

d)

bocah-bocah kelas 6

14.

Ing pabrik tahu “Prasaja” bocah bocah katampa kanthi becik dening pak Brata, priyayi sing kagungan pabrik. Sadurunge ndeleng proses panggawene tahu bocah-bocah diklumpukake ing sawijining ruwangan. Ing kono bocah-bocah nampa sesorah saka pak Brata. Isine antara liya tetepungan lan kepriye usaha gawe tahu bisa sukses.

Ing pabrik tahu “Prasaja” bocah bocah katampa kanthi becik dening pak Brata, priyayi sing kagungan pabrik. Priyayi tegese …..

a)

guru

b)

pelayan

c)

bangsawan

d)

sopir

15.

1. Kegiatan sabanjure bocah-bocah dijak ndeleng proses prodhuksi tahu.

2. Bocah-bocah migatekake kanthi premati,

3. dheweke seneng,

4. amarga oleh kawruh anyar sing bakal didadekake pengalaman kanggo dina tembe.

5. Sapa ngerti mbesuk bisa dadi pengusaha sing sukses kaya pak Brata.


tembung ing dhuwur supaya dadi paragraf kang padu. yaiku ….

a)

3 – 4 – 5 – 1 – 2

b)

1 – 2 – 3 – 5 – 4

c)

2 – 3 – 4 – 5 – 1

d)

1 – 2 – 3 – 4 – 5

16.

Ing ngisor iki kang kalebu pangerten pidato sing trep yaiku ….

a)

Sawijine kegiyatan ngomong ing sangarepe wong akeh kanggo nyampekake panemune utawa aweh gambaran sawijine babagan

b)

Menehi panglipur marang liyan saengga pawongan kang ngrungoake mau senneg

c)

Menehi pangerten lan informasi

d)

Mangarisbawani liyan supaya wong liyo mau gelem ngeloki kekarepane

17.

Assalaamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bapak-Ibu pengasuh ingkang kula hurmati, Bapak-Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, saha para kanca panti asuhan ingkang dipun mulyakaken Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Mangga sasarengan muji syukur ing ngarsaning Allah ingkang sampun paring rahmad lan kasarasan. Shalawat sarta salam mugi tansah linuberaken dhumateng Rosulullah Muhammad SAW.

Bapak Ibu ingkang dhahat kinurmatan, kita sedaya kempal sesarengan wonten ing panti asuhan punika boten sanes supados kita nggadhahi masa depan ingkang sae. Pramila kita kedah kanthi tumemen ngangsu kaweruh ilmu pengetahuan lan ketrampilan saengga ing mangke saget gesang mandhireng pribadi.

………………………………………………………………………………………………………..

Bagian teks pidato kang kacetak kandhel kagolong ….

a)

Ucapan salam

b)

pambuka (ucapan syukur)

c)

Wosing sesorah

d)

Panutup (simpulan)

18.

Bapak Ibu sarta para kanca ingkang kula hurmati, kula gadhah idhe, kangge nglatih wira usaha tumrap warga panti mriki inggih punika mbikak usaha damel piscok (pisang coklat). Dhasaripun, ing tlatah mriki kathah ngasilaken pisang, reginipun mirah, prosesipun gampil. Kanthi makaten sasampunipun dados piscok saget dipun sade wonten alun-alun, utawi kita titipake wonten wande. Etangan kula manawi setunggal piscok kasade Rp. 800,- saget pikantuk kauntungan Rp. 300,- Manawi sedinten saget nyade 300 iji, sampun kathah kauntungan ingkang saget kita kempalaken.


Isi teks pidato ing dhuwur yaiku ….

a)

piscok saget dipun sade wonten alun-alun

b)

kathah kauntungan ingkang saget kita kempalaken.

c)

idhe, nglatih wira usaha tumrap warga panti yaiku mbikak usaha damel piscok (pisang coklat)

d)

kathah ngasilaken pisang, reginipun mirah, prosesipun gampil

19.

ing ngisor iki kang kalebu titikane (ciri-ciri) basa pidato ora resmi yaiku ….

a)

Intonasi datar

b)

nganggo ukara jangkep..

c)

digunaake ing kahanan resmi

d)

tembunge ora baku

20.

ing ngisor iki kang kalebu titikane (ciri-ciri) basa pidato resmi yaiku ….

a)

migunaake tembung baku

b)

intonasi swara munggah-mudhun

c)

kerep nganggo ukara ora jangkep..

d)

digunaake ing kahanan ora resmi

21.

Assalamualaikum Wr. Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kula tresnani.


……………………………………………………………, jalaran kita tansah pinaringan rahmad, taufik, saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan sehat walafiat lan rahayu wilujeng.

ukara pambuka pidato ing paragraph 2 supaya jangkep yaiku ….

a)

Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkang kinurmat

b)

Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung.

c)

mbokbilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani kula nyuwun agunging samodra pangaksami

d)

Assalamualaikum Wr. Wb.

22.

Mas, … mengko kondur jam pira?

Kanggo njangkepi ukara ngoko alus ing dhuwur supaya becik yaiku ….

a)

kowe

b)

aku

c)

panjenengan

d)

awakmu

23.

Pak Budi numpak sepur. ukara ngoko lugu kasebut diowah dadi ukara krama inggil sing bener yaiku …..

a)

Pak Budi mancal sepur

b)

Pak Budi mbalap sepur

c)

Pak Budi mundut sepur

d)

Pak Budi nitih sepur

24.

Bu Zahro ngasto tas. ukara krama inggil kasebut diowah dadi ukara ngoko lugu sing bener yaiku ….

a)

Bu Zahro nggawa tas

b)

Bu Zahro tumbas tas

c)

Bu Zahro tuku tas

d)

Bu Zahro nemu tas

25.

Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi tujuwan tartamtu diarani ....

a)

Cangkriman

b)

Sesorah

c)

Wangsalan

d)

Geguritan

26.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur bakune sesorah yaiku .... (wangsulan luwih saka 1)

a)

Adangiyah

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Panutup

27.

Bapak saha ibu ingkang kinurmatan ing ngriki kula ngaturaken sugeng siang lan matur nuwun dene panjenengan sadaya sampun kersa ngrawuhi adicara pengetan ambal warsa anak kula ingkang nami Bagus Satriya.

Perangan pidato ing dhuwur iku kalebu ….

(a)  

28.

Pambukaning sesorah/pidhato isine wujud .... (jawaban luwih saka 1)

a)

salam pambuka

b)

pakurmatan

c)

salam panutup

d)

puji syukur

29.

bilih wonten kekirangan saha wonten tetembungan ingkang kirang kula nedi lumunturing sih samodra pangaksami.

Perangan sesorah ing ndhuwur kalebu ....

a)

salam pambuka

b)

dudutan

c)

pangapura

d)

atur puji syukur

30.

Pitik walik saba meja = ......

a)

nanas

b)

sulak/ kemocing

c)

andha

d)

celengan

31.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

32.

Lawa lima kalong telu, pira? = ......

a)

loro

b)

siji

c)

wolu

d)

telu

33.

Ceblok ing ngisor digoleki ing dhuwur = .....

a)

andha

b)

sumur

c)

geni

d)

genteng bocor

34.

Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......

a)

geni

b)

omah

c)

lemah

d)

sapu

35.

Duwe rambut ora nduwe endhas = ......

a)

jagung

b)

pari

c)

sulak

d)

nanas

36.

Mboke diidhak idhak anake dielus-elus =......

a)

sulak

b)

nanas

c)

salak

d)

andha

37.

Gajah numpak becak ketok apane ? = .......

a)

gedhe

b)

ngapusi

c)

awake

d)

becake

38.

Jenenge padha karo rasane = ......

a)

keset

b)

legi

c)

asem

d)

pait

39.

Cangkriman yaiku...

a)

Unen-unen sing kudu di bedhek utawa dibatang

b)

Unen-unen sing gambarake percakapan

c)

Unen-unen sing due aturan maksud lan tujuane kanggo sing maca

d)

Unen-unen sing penak digawe tetembangan

40.

Ing ngisor iki sing klebu wujude cangkriman yaiku....

a)

cangkriman sing wujude wancahan (cekakan), cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban)

b)

cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban), cangkriman sing wujude geguritan

c)

cangkriman sing wujude plesetan, cangkriman sing sinawung ing parikan

d)

cangkriman sing sinawung ing tembang, lan cangkriman sing awujud geguritan

41.

Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.


Ing ndhuwur kuwi tuladhane cangkriman kang awujud ....

a)

pepindan

b)

irib-iriban

c)

sinawung ing tembang

d)

wancahan/cekakan

42.

Ing ngisor iki sing kalebu Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) yaiku....

a)

tulus kerda , tuwok rawan ,wit thoyung

b)

Bosok malah enak

c)

Wong adol krambil dikepruki.

d)

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

43.

Ing ngisor iki sing klebu Cangkriman sing wujude plesetan yaiku...

a)

dikethok malah dhuwur

b)

sego sakepel dirubung tinggi

c)

burnas kopen

d)

Ana gajah numpak becak, ketok apane?

44.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngoningone sang bupati

yen lumaku si pucung lambeyan grana.


batangane cangkriman kuwi...

a)

sepur

b)

sabuk

c)

gajah

d)

jun/wadah banyu

45.

Cangkriman " bocah cilik nggendhong omah", batangane ...

a)

bekicot (siput), keong

b)

kodok

c)

jaran

d)

kucing

46.

Pakbomba, paklawa, pakpiut.

Cangkriman wancahan ing dhuwur batangane...

a)

Untu krowok larane ora karu-karuan

b)

Tapak kebo Amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut

c)

Tebu ditata mlebu lori

d)

Yen dijiwit aduh biyung

47.

Bapak pucung amung sirah lawan gembung,

Padha kinunjara,

Mati sajroning ngaurip,

Mijil baka si pucung dadi dahana.


Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...

a)

sepur

b)

jun/wadah banyu

c)

pentol korek

d)

salak

48.

Wong wudunen sugih pari, pari opo?

a)

paringatan

b)

parinan

c)

paringisan

d)

pari panen

49.

Ana tulisan Arab, macane saka endi?

a)

saka tengen

b)

saka Arab

c)

saka alas

d)

saka kiwa

50.

Coba pasangna cangkriman ing ngisor iki miturut jenise

a)

Plesedan/ blenderan

1.

Wong dodol klapa dikepruki

b)

Irib-iriban

2.

Dikethok malah dadi dhuwur

c)

Irib-iriban

3.

Sega sekepel dirubung tinggi

d)

Plesedan/ blenderan

4.

Tulisane arab, macane saka ngendi?

e)

Plesedan/ blenderan

5.

Gajah ngidak endhog ora pecah

51.

Wira Usaha

Wira usaha yaiku usaha kanthi mandiri kanggo nyukupi kabutuhan urip. Wira usaha minangka proses nggawe lapangan kerja kanggo masyarakat lan bantu nyuda jumlah pengangguran. Kita ngerti menawa jumlah pengangguran ing Indonesia saya suwe saya akeh, apa maneh ing umur produktif ing antarane 18-25 taun. Dheweke kudu bisa kreatif lan inovatif golek gaweyan. Kabeh wong bisa duwe wirausaha menawa ana kekarepan kuat saka njero saben kita. Saiki uga ana akeh wirausahawan enom sing wis sukses nggawe lapangan kerja lan bisa entuk bathi sing akeh banget.

Coba sebutna pesan moral saka paragraf ing ndhuwur!

4 lines
52.

Assalamualaikum Wr Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, Bapak Ibu Guru, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sareng-sareng muji syukur kunjuk dateng ngersanipun Gusti, dene sampun paring kenikmatan utaminipun arupi kesehatan. Alhamdulillah.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kawula hormati, wonten ing wekdal punika kula selaku wakil saking kelas setunggal ngantos kelas enem badhe ngaturaken laporan “kagiyatan pangempalan sumbangan bencana alam”

Kawontenan laporan badhe kula aturaken inggih punika :

Penyumbang Sumbangan arupi : sedaya siswa SD Merdeka lan Bapak Ibu Guru: Arta sedaya ngempal Rp. 1.350.500,00Sumbangan obat-obatanPakaian bekas ingkang taksih layak dipunagem

Sedaya sumbangan sampun dipun kentunaken dhateng Posko Bencana

Makaten atur kula selaku ketua pengumpul sumbangan bencana, wonten kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr Wb.

Bab sing diandharake ing pidato kasebut yaiku …

a)

kegiyatan perpisahan kelas enem

b)

kegiyatan ngumpulake dhana kanggo bencana

c)

kegiyatan ngumpulake pakean bekas

d)

kegiyatan ngumpulake dhuwit

53.

Gaewa tuladha wasana basa / panutup pidhato !

4 lines