NEW
Font size
WorksheetsBasa Jawa
Total questions: 30
Worksheet time: 1hrs 2mins
Pemanasan global yaiku kahanan ing ngendi utawa suhu bumi tambah suwe tambah panas. pemanasan global kuwi nyebabake dampak negatif kayata lapisan ozon tambah tipis saengga sinar ultraviolet bisa mlebu bumi kanthi langsung tanpa alangan. kajaba Saka iku pemanasan global nyebabake banyu laut munggah amarga kutub es sing owah. anane pemanasan global uga karana akehe gas karbondioksida sing ono ing atmosfer bumi. kahanan kasebut ndadeake lapisan ozon tambah tipis. kadare gas karbondioksida sing ono ing bumi ora sebanding karo cacahe Wit witan sing ono ing bumi. Kamangka anane wit-witan kasebut bisa ngurangi duwure karbondioksida. ora kuwi, alas-alas uga bisa akeh sing dibuka kanggo lahan pertanian, industri, perkebunan utawa alih fungsi dari hutan produksi.
irah-irahan Kang trep kanggo teks ing dhuwur yaiku...
Akibat saka pemanasan global
Pemanasan global lan ilange alas
Lapisan ozon sansaya tipis
Dhuwure gas karbondioksida
Dhuwure angka bencana amarga kerusakan lingkungan nyatane ora gawe masyarakat ngelereni anggone ngrusak alam. sifat serakahe manungso ndadekake alam kelangan daya kanggo urip sesandhingan karo manungsa. kaya sing kita deleng saben dina, akeh warga sing tetep mbuang uwuh ing Kali saengga iline banyu ora lancar. Ora iku wae akeh perusahaan sing babat alas nganti gundul akhire bumi nesu, lan menehi bencana marang manungsa. Kayata banjir, lemah longsor lan ana uga polusi.
Kanthi ndeleng lingkungan saiki lan ngawruhi piye manungsa anggone mulasara alam, apa kita bakal menang wae? Yen kita isi gelem urip kepenak ing bumi iki, mestine kita njaga kelestarene alam.
Pesen seng disampekno marang pewaca, yaiku...
Kaya sing kita deleng saben dina akeh warga sing tetep mbuwang uwuh ing kali
Sifat serakah manungsa ndadekake alam kelangan daya kanggo urip sesandhingan karo manungso
Dhuwure angka bencana amarga karusakan lingkungan ora gawe masyarakat nglereni anggone ngrusak alam
Yen kita isih gelem urip kepenak mesthine kita melu njaga kelestarene alam
Wangsulan: yang kita isih gelem urip kepenak ing bumi iki, mestine kita melu njaga kelestarene alam.
Ukara pitakon kang trep kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku...
Kena apa kita kudu njaga kelestarene alam?
Apa sebabe kelestarene alam kudu kita jaga?
Kepriye carane supaya kita bisa urip ing bumi iki?
Opo sing bisa kita tindakake kanggo Jaga alam?
Tembang Gambuh
Apa gunane padu
Malah mundhak duwe akeh mungsuh
Mrana Mrene ora ono sing nyenengi
Nandyan bagus apa ayu
Kanca ora gelem awor
Watake tembang pangkur yaiku...
Wani, rumaket, kulina
Galak, nantang, nesu, lan muntab
Grapyak, sumanak, renyah
Seneng, tresna asih, grapyak
Tembang pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga tan kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Tegese tembung ratri ing tembang dhuwur yaitu...
Isuk
Awan
Sore
Bengi
Tembang Sinom
Punika serat kawula
Katura sira wong kuning
Sapisan salam pandonga
Kapindho takon pawarti
Jare sirarsa laki
Ingsun mung sewu jumurung
Amung ta wekasi wang
Gelang alit munggwing driji
Lamun sida aja lali kalih kula
Guru wilangan lan guru lagu tembang Sinom...
9u, 8a, 81, 81, 7o, 8u, 7a, 8i, 12a
8a, 8u, 8i, 8a, 7u, 8a, 7u, 8a, 12i
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
8u, 8a, 8o, 8i, 7a, 8u, 7i, 8o, 12u
Tegese: katone nulungi nanging malah nggarai rekasa
Paribasan:...
Tulung menthung
Adigang, adugung, adiguna
Nabok nyilih tangan
Madu balung tanpa isi
Jaman saiki jejere dadi wong tuwa iku gampang² angel. gampang menawa putra-putrine gampang diatur, gampang dikandhani utawa dituturi dening wong tuwa. nanging yen anak anak sing angel dituturi, mung tumindak sageleme dhewe wekasane dadi sengsarane wong tuwa. arepa di kaya ngapa mesthi pribasane anak polah....kang tegese wong tuwa kang nemu reribet amerga saka polahe anake. yen anak anak tumindake ala, wong tuwa sing bakal melu nanggung repote, nanggung akibate.
Paribasan ing nduwur dijangkepi nganggo ukara...
Biyung kepradhah
Bapa kepradhah
Polahe kaya bebek
Kaya gabah dinteri
Cangkriman: ora mudhun mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong wangsulan: kates
cangkriman ing dhuwur kalebu jenise cangkriman...
Wantah
Blenderan
Pepindhan
Sinawung tembang
Batangan: wong anil utawa bersiul Cangkriman: Yen amba ora bisa metu, nanging yen ciyut malah...
Terusane cangkriman ing dhuwur yaiku...
Metu dhewe
Bisa metu
Mlebu maneh
Bisa mlebu
Cangkriman: Lawa lima kalong telu
Batangan:...
Lima
Telu
Wolu
Loro
Assalamualaikum wr.wb
Nuwun dhumateng para bapak/ibu undangan, dalasan para rawuh sedaya ingkang dhahat kinurmatan
Langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngonjukake puji syukur dhumateng ngarsanipun gusti ingkang Maha Agung, awit saking nugrahanipun kita sedaya tansah pinaringan Rohmad Kang wujud kang wujud kasarasan ingkang njalari kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal wonten ing ngriki kanthi pinaringan karahayon. para bapak, ibu dalasan para rawuh sedaya. ing wekdal punika kula Sunartana keparengan matur ingkang badhe ngelataraken menapa ingkang dados kajatipun bapak Hargandono. Dene kajatipun Pak Hargandono ngaturi rawuh panjenengan sedaya Inggih punika dipun suwuni pandunga wilujeng anggenipun Pak Hargandono miwiti utawi mbikak usaha kang awujud minimarket ingkang mapan wonten ing dhusun Karanganyar punika. Bapak, Ibu dalasan Poro rawuh sedaya. Ing wekdal punika keparengan kula nyuwun sawab berkahipun Bapak Balya Najib kersa paring berkah pandungo ing pangajab mugi-mugi acara saget lumampah kanthi rancag
Wasana cekap semanten anggen Kula matur, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami
Wassalamualaikum wr.wb
Tema pidato ing dhuwur...
Jamur merang
Syukuran
Sunatan massal
Usaha mini market
Kula kinten cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan saha kekirangan. mugi-mugi panjenengan sedaya saget ndherek kegiyatan punika kanthi rancag. Wasana kula aturaken sugeng mirsani andharan sangking kadang kula.
Perangane pindhato ing ndhuwur arane...
Isi
Panutup
Pambuka
Salam pangurmatan
Sampun kita mangertosi Raden Ajeng Kartini miyos naliko tanggal 21 April 1879 ing Jepara. pramila saben tanggal 21 April kita pengeti Hari Kartini kangge ngemutaken perjuanganipun ngangkat derajadipun wanita ngantos saget sami kaliyan drajading priya.
Basa ngokone tembung miyos lan ngemutaken...
Seda, ngemutaken
Sekolah, pengeling-eling
Lair, ngelingake
Urip, iling
Tembang kinanthi
Teka ndadak melu-melu
kaya budine wong ceblik
Lali yen kalengkang ningrat
Ing bawana amurwani
Mustikaning jagad raya
dhemen lalen sangga runggi
Guru lagu tembang kinanthi...
I, a, i, a, i, u
A, i, a, u, i, u
U, a, i, a, i, u
U, i, a, i, a, i
Pak Paidi kuwi kena diarani kebo kabotan Sungu, anake songo durung ono sing nyambut gawe
Kebo kabotan sungu tegese...
Uripe susah amarga kakehan anak
Keluwargane mulyo amarga akeh anak
Nemu kabegjan amarga akeh anake
Urip kapenak amarga akeh anake
Yen ono wong ngrasani elek liyan luwih becik sumingkira. Wong Sing ngrasani alane liyan iku mujudake tumindak kang ala. Ngrasani iku sawijine tumindak kang bisa njalari lara atine wong sing dirasani. lumrahe wong nyatur utawa ngrasani kuwi ngadhakake kekurangan utawa cacade Wong sing dicatur kanthi tujuwan kanggo ngejlokne wong sing dirasani. mulane aja sok ngrasani wong liya. Yen diajak ngeasani ojo gelem, ugemana tetembungan ana catur mungkur. Yen ono wong rerasan ojo nyedak. becike sumingkira wae supoyo aman. dadi wong kuwi ojo seneng metani alane liyane.
Paribasan sing ono ing wacan dhuwur yoiku...
Ngrasani eleke liyan sumingkira
Ana catur mungkur
Alane wong nyatur ngrasani
Wong rerasan sumingkira
Wangsulan: banyu kali
Cangkriman: ...
Yen amba ora bisa metu nanging yen ciyut malah bisa metu
Pak Demang klambi abang disuduk manthuk-manthuk
Dipedhanga, dimriyema, dibedhila ora mati nanging yen dicegati malah mati
Ing dhuwur lawang ono cecak, yen cecake lungo lawang iku biso dadi kewan sing bisa mabur
Cangkriman kanggo gambar img ndhuwur sing trep yaiku...
Dipijet wudele mripate mendelik
Dicokot pucuke sing kelong bongkote
Dikethok kok malah dhuwur
Dideleng gampang dicekel angel
Jejering wong tuwa kuwi aja nganti emban cindhe lan emban siladan marang para putra lan putrine. Wong tuwa sing becik kuwi kudune bisa tumindak adil marang putra-putrine. Kanthi mangkono wong tuwa bakal diajeni dening putra-putrine jalaran yoga anjaga yogi. Kejaba saka kuwi wong tuwa kudu tansah njaga aja nganti putra-putrine ana kang kena masalah. Arepa dikayangapa yen putra-putrine nemoni masalah, ala becike anak wong tuwa mesthi bakal kecangking merga anak polah bapa kepradhah, Semono uga kosok baline jejering anak kuwi kudu bisa mikul dhuwur mendhem njero. Marang wong tuwa kekarone, aja nganti ucul saka kudangan. Saben satindak laku kudu ngati-ati amarga yitna yuwana lena kena.
Paribasan anak polah bapa kepradhah tegese...
Wong tuwa kudu tumindhak adil marang anak-anake
Wong tuwa kena masalah amarga tingkah polahe anak
Dadi anak kudu bisa njaga jenenge wong tuwa
Tindak lakune anak dadi tanggung jawabe womg tuwa
Cangkriman yaiku unen-unen, tetembungan utawa ukara Kang kudu dibedhek isine utawa karepe.
Ciri-cirine cangkriman yaiku...
Wujude mung ukara pitakon wae
Tembung unen-unen utawa ukara kudu dibedhek
Tembung utawa unen-unen kuwi ora kudu dibedhek
Isine cangkriman kaya pelajaran saben dinane
Sing diarani pidhato, sesorah utawa medhar sabda yaiku...
Ngomong ing ngarepe wong tartamtu kanthi tujuan jelas
Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi tujuan tartamtu
Ngomong ing ngarepe bocah-bocah kanggo ngelelipur
Ngomong ing ngarepe penonton kanggo narik kawigaten
Irah-irahan pidhato: njaga lingkungan
Isi pidhato sing trep karo irah-irahan ing ndhuwur...
Sawijine kautaman ngangsu kawruh yaiku digampangake serta dibimbing nuju dalan benar. peranan tenaga pendhidhik uga penting saengga wong sing ngangsu kawruh Saka dheweke luwih disenengi Allah SWT ketimbang ganjarane wong ibadah sewu taun. sebageyan ilmu sing kita duweni mujudake titipan Allah SWT mula kita ora oleh sombong karo pengetahuan sing nduweni
Kaya sing kita kawruhi menawa pandemi covid-19 isih njangkit di Indonesia. angka korban positif saya ningkat saben dinane. aku ora bosen-bosen ngelingake kanca-kancaku kabeh supaya tetep njaga protokol kesehatan sing disaranake para ahli medis. protokol kesehatan sing dimaksud yaitu njaga jarak, nggawe masker, lan tansah wisuh utawa mijiki tangan. Saliyane iku aku uga ngajak kanggo ndongakake agar sedulur kita sing kataman covid 19
Ora kroso waktu wis kelakon kanthi cepet. dino iki kita nyiapake diri ninggalake gerbang perpisahan tumuju lakon panguripan anyar. perpisahan duduk akhir. Kabeh kang kita sinaoni ing sekolah dadi pedoman kang kita cekel salawase urip. ing ngendi ana pertemuan ing kono ono perpisahan. Muga-muga perpisahan iki ora dadi pedote kekancan seng wis suwe kita lakoni
Allah nresnani wong sing resik lan njogo karesikan. kita nyadari menawa lingkungan iku panggonan nggantungake urip kita kabeh. Mula saka iku kita menjaga lingkungan supaya bumi bisa ngasilake keuntungan kanggo kita dudu kerugian utawa bencana. Siji ing antarane yaiku kita kudu bisa njaga karesikan lingkungan. kanthi njaga karesikan lingkungan supaya nyiptakake panguripan sing layak
Bangsa Indonesia pancen dumadi saka pirang-pirang pulo lan suku. Saben-saben suku nduweni adat istiadat kang maneka warna. bedane adat lan suku kudu biso mahanani kukuhe sawijine bangsa. Senajan bangsa Indonesia dumadi saka pirang-pirang suku, nanging aja nganti nuwuhake anane cecongkrahan. Senajan akehe suku, bangsa lan budaya, nanging yen wargane gelem manunggal, sayuk saeka kapti, lan saiyeg saeka praya, prayata bisa njalari lumakune panguripan ing buni nuswantara kukuh bakuh. karukunan ing antarane sapepadha bisa mahanani kekuwatan lan kasantosan. Kosok baline yen kita tansah cecongkrahan, ora gelem rukun bisa ndadeake ringkihe sawijine bangsa.
Paribasan kanggo wacan ing ndhuwur yaiku...
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Sadumuk bathuk sanyari bumi
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Desa mawa cara, negara mawa tata
Kurang luwih 5 hektar sawah ing wilayah Tulungagung katrajang banjir bandhang. Tandhuran pari sing wes meh panen keleban banyu amarga udan deres rong bengi kang ora terang-terang. Nganti tito wanci iki katone udan kok isih ngrecih wae. Kalamun udan ora terang-terang diperkirakake kerugiyane para among tani saya luwih akeh jalaran tanduran pari kasebut mesti rusak.
Kedadeyan iki aweh pepeling marang kita kabeh, ayo padha bareng-bareng nyegah banjir kanthi cara duwenana rasa pedhuli marang lingkungan sakiwa tengene dhewe. Aja padha negori wit-wittan ing alas kanthi sembarangan. Kedadeyan banjir iki amarga rusake alas ing tlatah Tanggung Gunung. Amarga alase ditegori dening wong-wong kang ora tanggung jawab akhire nalika udan teka bebaya banjir kang ora bisa diselaki.
Cara partisipasi masyarakat kanggo nyegah banjir miturut wacan ing ndhuwur yaiku...
Mbuwang uwuh utawa reseg ing panggonan samestine
Nganakake program penghijauan ing pereng gunung sing gundhul
Ora negori wit-witan sing alas kanthi sembarangan
Negori wit-witan kanthi cara tambal sulam
Kurang luwih 5 hektar sawah ing wilayah Tulungagung katrajang banjir bandhang. Tandhuran pari sing wes meh panen keleban banyu amarga udan deres rong bengi kang ora terang-terang. Nganti tito wanci iki katone udan kok isih ngrecih wae. Kalamun udan ora terang-terang diperkirakake kerugiyane para among tani saya luwih akeh jalaran tanduran pari kasebut mesti rusak.
Kedadeyan iki aweh pepeling marang kita kabeh, ayo padha bareng-bareng nyegah banjir kanthi cara duwenana rasa pedhuli marang lingkungan sakiwa tengene dhewe. Aja padha negori wit-wittan ing alas kanthi sembarangan. Kedadeyan banjir iki amarga rusake alas ing tlatah Tanggung Gunung. Amarga alase ditegori dening wong-wong kang ora tanggung jawab akhire nalika udan teka bebaya banjir kang ora bisa diselaki.
Irah-irahan sing trep kanggo wacan ing ndhuwur...
Bareng-bareng nyegah banjir
Kedadeyaj banjir ing Tulungagung
Banjir amarga rusake alas
Banjir kanggo pepeling kita
Wangsulan: keplayu saka paprangan utawa ora duwe rasa tanggung jawab
Paribasane: ...
Jer basuki mawa beya
Tinggal glanggang colong playu
Sebaya mukti sabaya mati
Yitna yuwana lena kena
Tembang pangkur
Marang dulur anom ira
Reksanen mrih bisa welas asih
Lamun ta tumeka padu
Sing tuwa becik ngalah
Aja malah gumedhe lan kemalungkung
Padu klawan dulur kaya
Rebut balung tanpa isi
Watake tembang pangkur ing ndhuwur yaiku...
Sakpenake lan kurang greget. Lumrahe kanggo geguyonan lan pitutur
Sedhih lan kentekan pangarep-arep mula manthuk kanggo nelakake crita kang nggrantesak ati
Susah, sedhih, lan melas asih. Mula cocok kanggo nelakake rasa kesedhihan kang ngenesake
Sereng, kajen, nantang, manthuk kanggo pitutur sereng lan crita perang
Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kula hurmati ibu wali kelas lan kanca-kanca sing tak tresnani.
Ayo kita ucapake puji syukur marang Allah SWT amarga berkah lan ridhane kita bisa kumpul bareng ing dina iki.
Kanca-kanca sing bahagya
Wis semesthine kita ngerti manawa karesikan lingkungan ing sakupeng kita kudu dirawat lan dijaga. Manawa lingkungan resik, insyaAllah bencana bisa kita cegah. Njaga keresikan lingkungan uga bisa nyegah sawernane penyakit sing sumbere bisa saka ngendi wae. Kita kudu nduweni kesadharan kanggo mbuwang uwuh ing panggone nglaksanake piket ing kelas saben dina, lan ngresiki lingkungan sekolah seminggu sepisan supaya lingkungan resik lan sehat. Cukup samene pidhato saka aku. Aku njaluk ngapura menawa akeh kekuranganku
Wassalamualaikum wr.wb
Kesimpulan isi pidhato ing ndhuwur...
Njaga karesikan lingkungan bisa nganggo cara mbuwang uwuh ing panggone, piket saben dina ing kelas, ngresiki lingkungan sekolah seminggu sepisan. Kanthi njaga karesikan awak ora gampang kena penyakit
Karesikan lingkungan ing sakupenge kita kudu dirawat lan dijaga supaya awak tetep sehat lan ora gampang kena lelara
Menawa lingkungan resik, bencana bisa kita cegah lan kesehatan tetep bisa kita jaga
Regu piket sing ana ing kelas bisa kaleksanan kanthi kompak menawa anggotane orabpadha iren karo anggota liyane
Saka cuplikan pidhato kasebut, ciri-ciri pidhato resmi lan ora resmi yaiku...
Pidhato resmi bisa nggunakake basa ngoko, mung kari ndheleng sapa sing diadhepi. Ing pidhato ora resmi nggunakake basa prasaja lan ukarane ora ngambra-ambra
Pidhato resmi nggunakake basa resmi nanging prasaja lan gampang dimengerteni. Basa ing pidhato ora resmi nggunakake basa baku kecampur basa rinengga kang prasaja
Pidhato resmi migunakake basa baku. Ukara sing digunakake jangkep manut wewaton. Basa ing pidhato ora resmi bisa nggunakake tembung umum, dhialek lan nggunakake ukara sing dipahami dening sing ngrungokake
Pidhato resmi nggunakake basa resmi lan monoton uga gampang dimengerteni. Basa ing pindhato ora resmi nggunakake basa baku lan dhialek sing gampang dimangerteni
