WorksheetsTryOut 5 Bahasa Jawa
Total questions: 28
Worksheet time: 1hrs 24mins
Cacahe tembang macapat ana .....
2
3
7
11
Guru gatra yaiku .....
Tibane swara ing pungkasane gatra
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane swara saben sawanda
Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...
Tengahan
Gedhe
Cilik
Kuna
Tembang macapat duweni teges?
Maca cepet
Maca papat papat
Tembung
Lagu
Tembang macapat iku disebarake dening...
KGPAA Mangkunegara IV
Walisanga
Pakubuwana IX
Hamengkubuwana VI
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Maskumambang
Balabak
Citramengeng
Girisa
Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen basa jawa, kejaba....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Geguritan
Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Unen-unen sing isine arupa menungsa diumpamake kewan utawa barang yaiku....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku....
Diwenehi ati ngrogoh rempelo
Nututi layangan pedhot
Pupur sawise benjut
Kebo nusu gudel
"Kaya asu karo kucing"
Unen-unen ing dhuwur kalebu....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
"Nglungguhi klasa gumelar"
Unen-unen ing dhuwur kalebu....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
wong kang weweh marang wong sugih, wusanane ora ana gunane
paribasan sing cocok kanggo arti kasebut...
Nguyahi segara
Nututi layangan pedhot
nuthuk elor kena kidul
Mbalung usus
Pitik walik saba meja = ......
nanas
sulak/ kemocing
andha
celengan
Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude diarani....
cangkriman
plesedan
unen-unen
paribasan
Tujuan Sesorah kanggo nompo rawuhe para tamu kasebut ...
Atur Panglipur
Atur Pambagyo
Atur Pawarta
Pangajak
(1) Isi/Suroso
(2) Purwaka
(3) Panutup
(4) Salam Panutup
(5) Salam Pambuka
Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...
2-5-1-3-4
5-2-1-3-4
5-2-4-3-1
2-5-1-3-4
Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ...
intonasi saben ukoro kudu bener
intonasi ukoro ora kudu bener
tempo anggone maca ora kudu bener
pamedhote ukoro ora kudu bener
Apa tegese tembung sesorah ....
wacan
cerita
puisi
pidato
Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat nyuwun pangapunten.
Pethikan ukara ing dhuwur diucapake ana ing .....
pambukane sesorah
panutupe sesorah
isine sesorah
isine surat
Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan ....
supaya pamiyarsa betah mirengake
supaya sing dingendikakake gampang ditampa
supaya katon bregas mrebawani
supaya padha seneng
Basa rinengga yaiku....
Basa sing dipaesi utawa basa kang endah
Basa Jawa kang alus banget
Basa kang angel dingerteni
Basa Jawa kang nduweni teges akeh
Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.
Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....
Narasi
Eksposisi
Deskripsi
Argumentasi
Teks sing nggambarake objek,panggonan utawa kedadean nganti njlimet/rinci, nganti sing maca kaya nyawang utawa ngalami dewe objek sing digambarake panulis, kalebu teks ... .
deskripsi
narasi
argumentasi
persuasi
Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ....
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
Struktur teks deskripsi ana telu yaiku
identifikasi, klasifikasi, lan deskripsi bagean
identifikasi, asimilasi lan komunikasi
identifikasi, struktur, lan narasi
identifikasi, struktur bagean, lan narasi cerita
Gatotkaca Satriya saka....
Madukara
Pringgadani
Astina
Sawojajar
Pembarepe Pandhawa yaiku ....
Arjuna
Puntadewa
Werkudara
Nakula
