NEW
Font size
WorksheetsLatih Uji Ujian Sekolah Basa Jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 3hrs 30mins
Geguritan kanthi judhul "Kali Luk Ula" ngisor iki bisa dirasa lan digambarake dudu kali sawutuhe. Bab iku pengarang nggunakake ...
Kali Luk Ula
Dening : Turiyo Ragil Putra
kali luk ula kali
tuking jiwa
kali lesunge raga
kali napase kawula
wedhi krikil watu sarahan
tangeh bobote yen kanggo sembranan
gaya bahasa
diksi
kreasi
purwakanthi
Kali luk ula/kali tuking jiwa//
Tembung tuking, linggane tuk. Tegese tuk yaiku ....
tutuk
sumber
entuk
nyawa
Pethikan patang gatra geguritan ngisor iki nggambarake apa?
wedhi wis dadi susu tumrap bayi-bayi
krikil dadi ganjel weteng kawula sing kaungkil-ungkil
watu dadi pangane titah sing wajib nyembah ratu
kali luk ula kali tuking pangupajiwa
Kahanane kali Luk Ula kang mrihatinake
Wedhi krikil ing kang dadi pangane warga
Kali Luk Ula dadi sumber panguripane warga
Ratu kang majibake kawula tansah manembah
Benteng Vanderwijk ing geguritan ing ngisor iki dadi seksi bisu prastawa apa?
Benteng Vanderwijk
Dening : S Zuhriah
Cahyaning pasuryan kang lagi madhangi
Benteng Vandewijk tansah wani
Dadi seksi bisu kang mangerteni
Pangorbanane prawira nagri Kang gugur katembus pluru
Getih mbalabar siniram awakmu
para pejuwang kang gugur nalika perang
kumpeni Walanda dadi panguwasa Jawa
sumunare cahya srengenge mlebu jroning beteng
pembangunan ing tanah Jawa jaman Walanda
Amanat kang kinandhut saka teks geguritan ngisor iki yaiku ...
Sepisan mprastiwi sing penting usaha
Bakale ngesuk dadi crita
Kringetku bakal nduwe makna
Suksesku nggawe bungah biyung lan keluwarga
usaha kang wekel, bakal nabet lan kasil mujudake pepenginan
kabeh ang wekel nyambut gawe bakal gawe bungahe wong tuwa
sukses kang ana iku amarga dongane wong tuwa
pangurbanan kang gedhe bakal oleh piwales
Watak kang digambarake paraga Jaki yaiku ....
Cupet nalar ndadekake seneng kesuh
Pinter aweh tugas, gari awake dhewe nganggur
Seneng prentah kanca tanpa nyontoni
Teges lan kena dipercaya minangka pimpinan
Piwulang kang bisa dituladha saka pethikan naskah sandiwara kasebut yaiku ....
Rembugan bisa ngudhari perkara kang katone ruwet
OSIS kudu siap rapat ngrembug lomba HUT sekolah
Kegiyatan sekolah dadi tanggung jawabe OSIS
Dadi pemimpin iku kudu prentah anggotane
Nitik andharan pacelathon ngisor iki, nedahaken menawi paraganipun ....
Tosan : "Eh ... San, kowe ta, takkira sapa. Dhewekan wae pa?"
Tari : "lya dhewekan, Iha kuwi mburi rombonganmu pa kok sajak ndridhil?"
Sembada : "Dudu kuwi wong bareng mlaku mau."
Tari : "o, takkira supportermu. Tiwas rada geter je!"
kekalihipun dereng sami wanuh
umur-umuranipun sami/sabarakan
Tosan Aji langkung sepuh tinimbang Sembada
Tosan Aji langkung enem tinimbang Sembada
Piwulang saking pethikan pacelathon ngisor iki yaiku ....
Rosam : "Lho ..... Tari, kok njanur gunung kadhingaren teka menyang omahku. Ana
perlu apa ya?"
Tari : "lya, tekaku mrene iki dadi dutane kanca sakelas kango niliki kahananmu. Ngapa ta kowe ora mlebu sekolah, ora ana kabar nganti 2 dina? Kuwi jenenge mbolos!"
perlunipun paring cecala dhumateng kanca menawi wonten rubeda
ngraketaken pasedherekan ingkang tebih
preduli dhumateng kawontenanipun tiyang sanes
kedah mbangun raos gotong royong ing panggesangan
Latar sandiwara kasebut dumadi ana ing ....
dalan
kantin
sekolahan
perpustakaan
Perangan cecek-cecek ngisor iki isine jenenge sapa?
Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa/lbu Sutrisno Harjo Wardaya hangaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka wara), bilih panjenganipun Bapa/lbu..............................hanetepi darmaning asepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih Rara Riris Retno Rumiyah, jinatukrama kaliyan Bagus Agus Alamsyah, putra kakungipun Bapa/lbu Catur, ingkang pidalem ing Kalisari.
wong kang kagungan dalem/hajat
para tamu
wong tuwane penganten kakung
penganten kakung lan putri
Pethikan teks tanggap wacana (sesorah) ngisor iki klebu perangan apa?
Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa/lbu Sutrisno Harjo Wardaya hangaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka wara), bilih panjenganipun Bapa/lbu............hanetepi darmaning asepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih Rara Riris Retno Rumiyah, jinatukrama kaliyan Bagus Agus Alamsyah, putra kakungipun Bapa/lbu Catur, ingkang pidalem ing Kalisari. Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adat widiwidana ingkang sampun lumampah ing ngriki, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala.
pambuka
panutup
isi
donga
Kang diarani serat sedhahan (kintaka wara) yaiku....
layang wara-wara
layang ulem
layang nikah
layang resmi
Isine teks tanggap wacana ngisor iki nuduhake apa?
Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa/lbu Sutrisno Harjo Wardaya hangaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka wara), bilih panjenganipun Bapa/lbu.hanetepi darmaning asepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih Rara Riris Retno Rumiyah, jinatukrama kaliyan Bagus Agus Alamsyah, putra kakungipun Bapa/lbu Catur, ingkang pidalem ing Kalisari.
duwe gawe mantu
duwe gawe ngundhuh mantu
duwe gawe supitan
duwe gawe wisuda sekolah
ijab manut tatanan nagari iku tegese
anggone ijab ing sajroning negara maju
anggone ijab amung disekseni tangga teparo kang cedhak
anggone ijab ditetepake dening wong tuwane sakloron
anggone ijab dicathet ing akta nikah dening petugas KUA
Tanggap wacana (sesorah) ngisor iki ditindakake ing acara apa?
Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa/lbu Sutrisno Harjo Wardaya hangaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka wara), bilih panjenganipun Bapa/lbu.hanetepi darmaning asepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih Rara Riris Retno Rumiyah, jinatukrama kaliyan Bagus Agus Alamsyah, putra kakungipun Bapa/lbu Catur, ingkang pidalem ing Kalisari. Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adat widiwidana ingkang sampun lumampah ing ngriki,
lamaran penganten
ijab/nikah penganten
ngundhuh mantu
panggih penganten
Perangan tanggap wacana ngisor iki isine apa?
Nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas lebda ing pitutur, keblating panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten
atur pakurmatan
atur puja puji syukur
atur panuwun
atur pangapura
Ing perangan tanggap wacana, pethikan teks ing ngisor iki diarani apa?
Nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas lebda ing pitutur, keblating panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten
pambuka
salam pambuka
isi
panutup
Bab kang paling pokok menawa arep nulis teks pidhato yaiku ..
ngumpulake bahan
nglelimbang tujuane pidhato
ngandharake gagasan
gawe cengkorongan
Nalika pidhato, anggone ngadeg jejeg mitayani, kuwi tegese ....
ngadeg siyaga kanthi kapitayan
ngadeg sendheyan tembok
ngadeg ndhoyong
ngadeg kebak kapitayan
Kekebanmu mbok, isis kaya angin sumilir
Geneya aku wingi nekad nggebyur datan mikir
Rasa pangrasa kang kawedhar saka gatra guritan kasebut yaiku ....
wani
wedi
getun
bungah
Kekebanmu mbok, isis kaya angin sumilir
Geneya aku wingi nekad nggebyur datan mikir
Piwulang saka gatra geguritan ing ndhuwur yaiku ....
Sakabehing tumindak kudu dikantheni pambudidaya kang tumemen
Wong tuwa tansah aweh panyengkuyung marang anan-anake supaya mulya uripe
Pandonga lan idi palilah saka wong tuwa tansah diantu dening anak-anake
Tumindak kudu dikantheni pikir wening, idi palilah lan panyengkuyunge wong tuwa
Sepisan mprastiwi sing penting usaha
Bakale ngesuk dadi crita
Kringetku bakal nduwe makna
Suksesku nggawe bungah biyung lan keluwarga
Amanat kang kinandhut saka teks ageguritan kasebut yaiku .
pangurbanan kang gedhe bakal oleh piwales
sukses kang ana iku amarga dongane wong tuwa
kabeh kang wekel nyambut gawe bakal gawe bungahe wong tuwa
usaha kang wekel, bakal nabet lan kasil mujudake pepenginan
Kringetku bakal nduwe makna
Tembung kringetku ing gatra kasebut maknane apa?
luh
duwe usaha werna-werna
usaha
sakabehing pambudidaya
Sepisan mprastiwi sing penting usaha
Bakale ngesuk dadi crita
Kringetku bakal nduwe makna
Suksesku nggawe bungah biyung lan keluwarga
gambaran sikepe panggurit ing pethikan teks geguritan kasebut yaiku ....
semangat
nglokro
susah
seneng
Panyawangku kandheg ing pang-pange pring ori
Gemrisik gegodhongan nyawiji dadi siji
Aweh rasa anyep jroning wengi
Kang nggurit prasasti
Majas kang kinandhut ing geguritan kasebut yaiku
sarkasme
personifikasi
hiperbola
metafora
Ancasipun P. Bumidirja rawuh dhateng panjer inggihmenika
Pados papan enggal kangge tetanen
Ngawula dhateng Ki Gedhe Panjer
Gesang kados dene kawula alit ing Panjer
Lolos saking kepunganipun Walandi ingkang dipunsengkuyung Mataram
Raos awrat ingkang dipunraosaken Ki Gedhe Panjer inggih menika ..
Pasrah dhateng Mataram
Masrahaken siti kangge tetanen
Nyengkuyung kersanipun P. Bumidirja
Maringaken wewengkon Panjer dhateng P. Bumidirja
Kawitanipun lakon kethoprak dipunpundhut saking
mancanegari
film misteri
cariyos babad
wayang
Tuladha lakon kethoprak kang dibesut saka manca negara tuladhane yaiku ...
Pilihan jawaban
Adege Kebumen
Harya Penangsang
Sampek Eingtay
Sri Huning
Tedhak siten punika upacara adat Jawa kangge lare ingkang ngancik umur 7 lapan. Wekdal punika lare nembe ajar mlampah. Tedhak siten tegesipun mandhap dhateng lemah/bumi. Upacara tedhak siten mengku kajeng nyaketaken manungsa kaliyan bumi. Ancase (tujuwane) nganakake upacara tedhak siten yaiku ...
Supaya tambah anake.
Guyub rukun mbangun desa.
Nyaketake manungsa karo bumi.
Nyaketake manungsa karo manung
Upacara sepisan, lare katuntun ibunipun mlampah lan ngidak jadah 7 warni. Jadah dipuntata saking warni padhang dumugi peteng. Punika perlambang bilih lare badhe ngadhepi gesang saking margi ingkang padhang dumugi kahanan ingkang peteng.
Warna jadah kang diidak saka padhang tumeka peteng. Bab iku mralambangake ...
Ora ana lampu pepadhange.
Jadah kang putih abang biru tekan ireng.
Mlaku saka njaba tekan njero omah.
Lakune urip tekan patine.
Tanpa tutur katula-tula katali. Menawa ditulis mawa aksara Jawa dadine kepriye?
Ukara kasebut unine apa?
Nuku labuh nglebet maring negara
Kudu labuh mlebet marang negari.
Kudu labuh nglebet maring negara
Kudu labuh lebet maring negari
Ja sira nganti nyingkur. Yen ditulis mawa aksara Jawa dadi kepriye?
Ukara kasebut yen diganti ganggo aksara latin yaiku ...
Sukrasana wujud buta bajang
Sukrasana wujude buta bajing
Sukrasana wujud buta bajing
Sukrasana wujude buta bajang
Napak tilas ngagem basa Jawa. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku
Welas : “Sapa sing ora mlebu dina iki?”
Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama yaiku ...
Sinten sing mboten tindak dina punika.
Sinten ingkang mboten mlebet dinten punika.
Sinten sing ora mlebet dinten punika.
Sinten ingkang mboten tindak dinten punika.
Aja ngalem aja mada lamun bisa,
yen uga jaman mangkin,
iya samubarang,
yen ora sinenengan,
denpoyok kapati-kati,
nora prasaja,
sabarang kang denpikir
Ing larik sepisan tembang kasebat mrayogekaken supados kita ....
Ngalem ingkang sae lan nacad ing awon.
Sampun (aja) ngalem lan nacad ing samubarang kalir.
Sampun (aja) ngalem lan nacad ingkang awon.
Ngalem ingkang awon, lan nacad ingkang sae.
