Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pitepungan karo Tembang Macapat

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

1.      Mangkono ngelmu kang nyata

Sanyatane mung weh reseping ati

Bungah ingaran cubluk

Sukeng tyas yen denina

Nora kaya si punggung anggung gumunggung

Ugungan sadina dina

Aja mangkono wong urip

Coba golekana guru wilangan lan guru lagune tembang ing ndhuwur!

a)

a.       8a, 11i, 7u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

b.       8a, 11u, 7u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

c.       8o, 11e, 7a, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

d.       8a, 11i, 7u, 7a, 12a, 8a, 8i

2.

2.      Sejatine tembang macapat bisa dienggo nyritakake apa wae?

a)

a.       Mung kanggo nyritakake lelakon pait kang kawuri

b)

b.      Nyritakake bab-bab kang dadi wewadine negara

c)

c. Nyritakake sekabehane samubarang waton jumbuh karo sasmitane tembang

d)

d.      Nyritakake elmu tanpa tulisan

3.

3.      Kepriye basa kang digunakake sajrone tembang macapat?

a)

a.       Becike nganggo basa rinengga supaya endah sastrane

b)

b.      Nganggo basa ragam krama alus

c)

c.       Becika nganggo basa padinan supaya gampang dimangerteni

d)

d.      Nganggo basa kedhaton supaya luhur

4.

4.      Mangkono ngelmu kang nyata

Sanyatane mung weh reseping ati

Bungah ingaran cubluk

Sukeng tyas yen denina

Nora kaya si punggung anggung gumunggung

Ugungan sadina dina

Aja mangkono wong urip

Apa pitutur luhur kang kinandhut sajrone tembang pangkur ing ndhuwur kasebut?

a)

a.       Dadi wong aja bodho supaya dialembana

b)

b.      Dadi wong kudu kepengin diina supaya oleh berkah

c)

c.       Dadi wong kudu sabar senajan ana sing ora seneng, lan ora oleh umuk

d)

d.      Dadi wong kudu pambekan supaya uripe luhur

5.

5.      Sapa asmane pujangga kondhang saka Kraton Surakarta Hadiningrat kang ngripta serat Witaradya?

a)

a.       Raden Ngabehi Yasadipura

b)

b.      Raden Ngabehi Pajangswara

c)

c.       Raden Ngabehi Kusumayuda

d)

d.      Raden Ngabehi Ranggawarsita

6.

6.      Apa sebabe tembung garba akeh kinandhut ing sajrone tembang macapat?

a)

a.       Jalaran saka endahe tembung garba

b)

b.      Jalaran kanggo njumbuhake watesan guru wilangan

c)

c.       Jalaran tembung garba bisa ndudut ati

d)

d.      Jalaran ora ana pilihan tembung kang endah saliyane tembung garba

7.

7.      Apa sasmitane tembang sinom?

a)

a.       Wong enom

b)

b.      Wong dhudha

c)

c.       Bocah ing guwa garba

d)

d.      Wong mungkur

8.

8.      Tembang macapat kalebu sastra Jawa klasik, mula lumrahe tembang macapat katulis ana ing apa?

a)

a.       Koran modheren kang ngemu kabar manca

b)

b.      Serat-serat riptane pujangga

c)

c.       Kitab suci agama Yahudi

d)

d.      Serat-serat kang isine gancaran

9.

9.      Endi andharan kang bener lan pener ing ngisor iki sesambungan karo watake tembang macapat?

a)

a.       Tembang pungkur watake kebak welas asih

b)

b.      Tembang megatruh watake kebak rasa panarima

c)

c.       Tembang pocung watake kebak rasa berkah

d)

d.      Tembang asmaradana watake kebak rasa tresna

10.

10.      Kepriye nembangake tembang macapat kang becik kuwi?

a)

a.       Nembang sora

b)

b.      Nembang laras antarane swara lan rasa

c)

c.       Nembang mawa polatan kang dereng

d)

d.      Nembang kanthi swara kaya dene guritan

11.

11.      Tembang kang nduweni sasmita pungkur lan mungkur yaiku...

a)

a. sinom

b)

b. megatruh

c)

c. pangkur

d)

d. pocung

12.

12.      Mingkar mingkuring angkara/ akarana karenan mardi siwi/ sinuba sinukarta/ mrih kretarta pakartining ngelmu luhung/ kang tumrap neng tanah jawa/ agama ageming aji// tembang kasebut kalebu tembang...

a)

a. megatruh

b)

b. sinom

c)

c. pangkur

d)

d. pocung

13.

13. apa wae bab kang kudu digatekake ing tembang macapat?

a)

a. guru basa, guru sastra, guru lagu

b)

b. guru wilangan, guru lagu, guru gatra

c)

c. guru lagu, guru basa, lumaksita

d)

d. guru sastra, guru lagu, guru swara

14.

14. awak dhewe bisa nemokake guru swara ana ing perangan...guru gatra

a)

a. ngarepe

b)

b. tengene

c)

c. tengahe

d)

d. pungkasane

15.

15. guru wilangan kadhapuk saka cacahe?

a)

a. aksara

b)

b. gatra

c)

c. wanda

d)

d. pada