NEW
Font size
WorksheetsUnggah-ungguh UKIN
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Unggah-ungguh basa Jawa yaiku tata cara utawa sistem gunakake basa Jawa kang leres lan laras sesambetan karo ....
Wekdal/Wektu
Lanang/wadon
Pamicara
sing ayu dhewe
Ing ngisor iki kang ora klebu jinising ragam basa ing unggah-ungguh basa yaiku...
Krama Alus
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Biasa
“Aku wingi ngombe es mula dina iki watuk”
Ukara iki menawa ana ing unggah ungguh basa bisa klebu ragam basa apa?
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
“Pak Lukita sajane gerah apa ta Yu? Kok sesasi pisan tindak rumah sakit”
Miturut unggah-ungguh basa Jawa, ukara ing ndhuwur iku klebu ragam basa apa….
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Ragam basa kang nduweni titikan ater-ater lan panambang dadi krama lan panyebutan uwong liya bisa "sampeyan" yaiku...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Karma alus
Rusman : Assalamuallaikum wr wb, kula nuwun pak badhe nyuwun pirsa Rizal punapa wonten dalem?
Pak Darno : Waalaikumsalam iya le, Rizal ana ing omah nanging iki mau nembe dikongkon biyunge tuku tabung gas. Ana apa?
Rusman : Menika kula badhe wangsulake buku Basa Jawa kagunganipun Rizal ingkang kula ampil kala wingi.
Pak Darno : Ooo ya le, kene daktampanane mengko yen Rizal wis mulih bisa dakcaosake bocahe.
Rusman : Inggih pak menika bukunipun Rizal. Menawi mekaten kula pamit rumiyin nggih pak. Matur nuwun wasalamuallaikum
Pak Darno : Ya le, ati ati ya
Miturut pacelathon ing nduwur Rusman anggone matur karo Pak Darno gunakake ragam basa apa?
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Rusman : Assalamuallaikum wr wb, kula nuwun pak badhe nyuwun pirsa Rizal punapa wonten dalem?
Pak Darno : Waalaikumsalam iya le, Rizal ana ing omah nanging iki mau nembe dikongkon biyunge tuku tabung gas. Ana apa?
Rusman : Menika kula badhe wangsulake buku Basa Jawa kagunganipun Rizal ingkang kula ampil kala wingi.
Pak Darno : Ooo ya le, kene daktampanane mengko yen Rizal wis mulih bisa dakcaosake bocahe.
Rusman : Inggih pak menika bukunipun Rizal. Menawi mekaten kula pamit rumiyin nggih pak. Matur nuwun wasalamuallaikum
Pak Darno : Ya le, ati ati ya
Tembung kang kacithak doyong lan ana garis ing ngisor menawa dadi tembung ngoko yaiku...
Mbah putrine
Mbah kakunge
Mbokne/Ibune
Budhene
Siti : Kula nuwun, leres menika ruang karyawan?
Tika : Inggih leres mbak, wonten punapa?
Siti : Tepangaken kula Siti karyawan enggal wonten Rumah Sakit Bhakti
Tika : Ooo ingkang karyawan enggal ta? Nggih mangga, kula Tika. Sampeyan dalemipun pundi mbak Siti?
Siti : Inggih mbak Tika, griya kula Nusukan. Menawi sampeyan mbak?
Tika : ............................................................
Pacelathon kang ana ing ndhuwur iku gunakake ragam basa apa?
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Siti : Kula nuwun, leres menika ruang karyawan?
Tika : Inggih leres mbak, wonten punapa?
Siti : Tepangaken kula Siti karyawan enggal wonten Rumah Sakit Bhakti
Tika : Ooo ingkang karyawan enggal ta? Nggih mangga, kula Tika. Sampeyan dalemipun pundi mbak Siti?
Siti : Inggih mbak Tika, griya kula Nusukan. Menawi sampeyan mbak?
Tika : ............................................................
Ukara kang trep kanggo ngisi wangsulane paraga Tika yaiku...
Dalemku Banyuagung
Dalem kula Banyuagung
Griyaku Banyu agung
Griya kula Banyuagung
“Kala wingi Bu Suminem priksa dhateng dokter banjur ….. asam lambung inggil mula …. kraos senep lan boten kepenak”
Coba tembung kang leres kanggo jengkepi ukura ing ndhuwur yaiku…
Sanjangipun, padharan
Sanjangipun, weteng
Sanjange, padharan
Sanjange, weteng
