Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 17mins

Name
Class
Date
1.

Istilah agunging samodra pangaksami tegese ….

a)

gedhene banyu samodra

b)

gedhene pangapura

c)

lubere banyu segara

d)

gedhe kaluputan

2.

bombong raosing manah kula dene ing adicara rapat koordinasi dinten menika sedaya ketua RW saged …

a)

teka

b)

dugi

c)

dhateng

d)

rawuh

3.

Pepanggihan Karang Taruna dinten menika kangge ngrancang adicara pameran, mila mangga kita ngrancang jadwalipun….

a)

gotong-royong

b)

sesarengan

c)

sami-sami

d)

nyawiji

4.

"bapak Ibu saha para sedherek ingkang kula kurmati. Bilih maos saged nambah seserepan utawi kawruh."

Ukara ing nginggil tuladha perangan sesorah….

a)

pambuka

b)

atur syukur

c)

isi pidato utawa wigatosing.

d)

panutup

5.

"Makaten atur kula, pungkasaning atur wilujeng makarya. Mbok bilih wonten kalepatan kula, nyuwun agunging pangapunten. Matur nuwun."

Ukara kuwi sesorah perangan ….

a)

pambuka

b)

isi

c)

panutup

d)

pandonga

6.

"Kula minangka sulihipun kelas I dumugi kelas V ngaturaken panampi atur pepisahan saking kelas VI punika. Awit kadang kelas VI ingkang sampun kula anggep sedherek piyambak badhe nilaraken sekolah punika. Nanging kados pundi malih, saben wonten pepanggihan mesthi badhe wonten pepisahan."

Perangane sesorah ing dhuwur diarani ….

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

surasa basa

d)

panutup

7.

Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ….

a)

Segara beldhes

b)

Bocor malah kebak

c)

Sega sekepel dirubung tinggi

d)

Wong adoi krambil dikepruki

8.

Cangkriman iku unen-unen sing kudu …

a)

dibedhek

b)

diwaca

c)

ditulis

d)

dirasa

9.

Andin : “Ing masa pandemi covid-19 iki kok kon nindakake 3M, karepe apa ta, Sa?”

Elsa : ‘Kanggo nekan nulare covid-19 kon nindakake 3M, yaiku Memakai masker, Mencuci tangan, sarta Menjaga jarak.”

Andin : ” oo … , ngono ta. Matur nuwun, saiki aku wis mudheng.”

Elsa : “Ya ngono kuwi, yen gelem takon dadine mudheng.”

Andin Ian Elsa ngrembug babagan ….

a)

tegese 3M

b)

singkatan 3M

c)

tujuane nindakake 3M

d)

gunane gelem takon

10.

Tari Saman

Saman iku jeneng jogedan dhaerah sing asale saka Provinsi Nangroe Aceh Darussalam. Seni dhaerah sing ngutamaake obahan mawa syair iki digelarake karo piranti musik pengiring arupa rebana utawa kendhang. Tari Saman dadi piranti hiburan ing acara- acara sing sifate kedhaerahan utawa kenegaraan. Keplokan mawa nepuk dhadha Ian pupu saka para pangayo (penari) ngetokne suwara khas Ian unik ing sajroning pagelaran joged

Ing jaman dhisik, jogedan sing uga dicampur karo iringan syair kanthi basaArab iki digelarake ing sawijining panggung ing ngisor Meunasah (omah panggung minangka papan lembaga tradhisional warga Aceh, yaiku papan kagiyatan pawiyatan, sosial, ekonomi, Ian keagamaan). Keunikan mawa kabécikan obah kompak sing digelarake para pangayo kerep gawe wong kang padha ndeleng gumun. Ora aneh yen Tari Saman iki uga dikenal nganti mancanagara.

Wacan ing ndhuwur ngrembug babagan ….

a)

Drama Saman

b)

Tari tradhisional

c)

Tari Saman

d)

Jogedan dhaerah

11.

Budaya Jawa kudu tansah ….

a)

dilalekake       

b)

ditinggalake

c)

diilangi

d)

diuri-uri

12.

Kebo picak matane pira ?

a)

8

b)

6

c)

4

d)

2

13.

Lala     : “Mit, ayo bedhek-bedhekan cangkriman!”

Mita     : “Aku dhisik yo…?”

Lala     : “Iyo….”

Mita     : “Segara beldhes batangane apa?”

Lala     : ….

a)

Segane pera sambele pedhes

b)

Klambine teles kebes

c)

segarane ambles

d)

sega dicampur sambel pedhes

14.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku si pucung ngumbar swara

Batangane ….

a)

kapal mabur

b)

gajah

c)

sepur

d)

montor

15.

Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati, batangane ….

a)

Andha

b)

Alas

c)

Lawang

d)

Omah

16.

wit thoyung, batangane .....

a)

yen dijiwit atho biyung

b)

kopi pahit wetenge kembung

c)

ana uwit ditoto karo payung

d)

lare alit kelangan biyung

17.

Ing tengah-tengah pasar ana apane?

a)

Bakul

b)

S

c)

Dalan

d)

Dagangan

18.

bapak pucung, bisa nggereng bisa mbengung

ngambah jumantara

kaya manuk rajawali

wira-wiri nggawa barang lan manungsa

batangane .....

a)

Sepur

b)

Sabuk

c)

Ula

d)

Kapal Mabur

19.

Ing ngisor iki kang klebu piranthi komunikasi tradhisional yaiku...

a)

Telegram

b)

Telpun

c)

Kenthongan

d)

HP

20.

Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran. Batangane...

a)

Nyegrek pelem

b)

Menek wit krambil

c)

Ngundhuh krambil

d)

Jupuki krambil

21.

Wong wudunen kuwi sugih pari, batangane...

a)

Perih

b)

Lara

c)

Paringisan

d)

Seneng

22.

Struktur pidhato kaperang dadi….

a)

2

b)

4

c)

3

d)

1

23.

Cilik dadi kanca, gedhe dadi mungsuh, yaiku….

a)

andha

b)

geni

c)

sumur

d)

genteng

24.

Bapak pucung roda papat bisa mbengung,

Wujud kothak dawa,

Nguntal barang sakabehing,

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha.

Batangane tembang ing dhuwur yaiku….

a)

trek

b)

kapal mabur/pesawat

c)

montor

d)

andha

25.

Perangan pidhato sing ngandharake dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup, yaiku….

a)

dudutan

b)

isi

c)

panutup

d)

pambuka