wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMIDI UNDHA-USUK (PPL 2)

Total questions: 5

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

A. Krama Lugu

B. Krama Alus

C. Krama Madya

D. Ngoko Lugu

E. Ngoko Alus

Ing nginggil ingkang klebet undha-usuk basa Jawi, kajawi...

a)

A

b)

B

c)

C

d)

D

e)

E

2.

Ragam basa ngoko lugu dipunginakaken kangge...

a)

Piyantun sepuh dhateng tiyang nem

b)

Tiyang nem dhumateng piyantun sepuh

c)

Piyantun ingkang dereng tepang

d)

Piyantun ingkang kagungan pangkat/jabatan

e)

Yoga dhumateng tiyang sepuhipun

3.

"Nalika aku isih adus, Bapak mulih." Ukara kasebat menawi dipundadosaken ragam basa krama alus inggih menika...

a)

Wekdal kula adus, Bapak kondur

b)

Wekdal kula siram, Bapak kondur

c)

Wekdal kula siram, Bapak wangsul

d)

Nalika aku isih siram, Bapak kondur

e)

Nalika aku isih adus, Bapak kondur

4.

Aku : "Ibuk, Bapak kalawau sampun dhahar menapa dereng?

Ibu : "Durung Le, Bapak durung ... "

Tembung ingkang trep dipunginakaken kangge njangkepi ceceg-ceceg ing nginggil inggih menika...

a)

Maem

b)

Nedhi

c)

Dhahar

d)

Nedha

e)

Mangan

5.

Lisa : "Mbak Yen, Panjengan wingi wis tindak Posyandu durung?"

Yeni : "Durung Mbak, aku sik mriksakake anakku menyang Rumah Sakit."

Lisa : "Lho, kenangapa putrane?"

Yeni : "Watuk Mbak, wis rong minggu durung mari-mari."

Lisa : "Doktere ngendikan kepriye Mbak?"

Yeni : "Alhamdulillah ora apa-apa Mbak, watuk alergi."

Lisa : "Alhamdulillah yen ora apa-apa. Muga-muga putrane ndang waras Mbak."

Pirembagan ing nginggil ngginakaken ragam basa....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

e)

Krama Madya