NEW
Font size
WorksheetsPranatacara
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ....
Panata adicara
Pambagyaharja
Panata acara
Pambiwara
”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara iki kalebu perangan ....
salam pambuka
atur pakurmatan
atur pangayubagya
tetepungan
atur puji syukur
Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan ....
Pambuka
Purwaka Basa
Surasa / Isi
Wasana Basa
Jinise teks pamedhar sabda iku akeh banget. Pamedhar sabda kang ngemu wigati nampa rawuhe tamu diarani ....
atur wilujeng
atur pasrah
atur pambagyaharja
atur pakurmatan.
Jejibahane pranatacara kang paling abot yaiku nalika ....
nutup adicara
nata lan nulis rantamane adicara
nata lakune adicara
maca adicara
”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara iki mathuke digunakake ing perangan … .
pambuka
atur pakurmatan
atur panutup
rantaman adicara
Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben/wasis yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo… .
artikulasi
lafal
wirama gendhing
intonasi
Pamedhar sabda inggih menika….
tiyang ingkang remenipun ngendika
tiyang ingkang ahli ngendika
tiyang ingkang asring ngendika ing sangajengipun tiyang kathah
tiyang ingkang mboten nindakaken ayahan medhar sabda
Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi….
tut wuri handayani
adigang adigung adiguna
ajining raga gumantung saka busana
olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara
10. Rikala sesorah Sikep sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken inggih menika, kejawi ...
Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar watawis kalih jobin
Jumeneng kanthi kapitadosan dhiri
Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku
Polatan katingal suméh, namung katingal kadamel-damel
15. Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun ..
anteb saha manteb
tanggap swasana
pocapan cetha
jumeneng jejeg
Wonten ing salebeting acara menika wonten pranatacara ugi wonten sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Tegesipun pranatacara lan sesorah menika wonten persamaan saha ugi wonten perbedaan. Ing ngandhap menika babagan pranatacara saha sesorah ingkang leres inggih menika….
Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi
Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara.
Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab
Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan
Dipuntingali saking basanipun, pranatacara wonten ing pahargyan temanten menika kedahipun boten ngginakaken basa padintenan, utawi kedah ngginakaken basa ingkang endah, utawi dipunsebut….
Basa alus
Basa kiasan
Basa paramasastra
Basa rinengga
Mas Singgih kadhapuk dados pranatacara wonten ing acara pengetan dinten kamardikan benjang siyang. Langkung rumiyin mas Singgih nyerat peranganing teks pranatacaranipun. Ing ngandhap menika ingkang boten kaserat dening mas Singgih awit boten kalebet perangan teks pranatacara inggih menika....
Salam pambuka
Atur pambagyaharja
Atur kasugengan
Ancasing gati
Pranatacara migatosaken andhap ing-gilipun suwanten, cepet alonipun suwanten, sora lan lirihipun suwanten. Prekawis punika ateges migatosaken ....
wicara
wirama
wirasa
wiasta
Kula minangka pambiwara wonten ing adicara kalenggahan punika, mbok bilih wonten tutur atur ingkang kelantur kula nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Andharan kasebat tuladha atur….
atur pambagya
atur panuwun
atur panutup
atur panampi
Para pepundhen ingkang dahat kinabekten. Para tamu kakung miwah putri ingkang … kepareng kula matur ing ngarsa panjenengan sadaya kinen ngaturaken pambagyaharja ing ari kalenggahan menika. Tembung ingkang trep kagem njangkepi ukara ing nginggil inggih menika….
kula ajrihi
kinurmatan
kula tresnani
paring ngelmu
Dados pranatacara kedah gadhah patrap wibawa, tegesipun....
gadhah subasita ingkang sae
kedah mantep ing manah, boten wigah-wigih
boten ajrih satemah percaya diri
saged mapanaken diri kaliyan kawontenan
Ginanipun pranatacara ing satunggaling acara inggih menika...
acaranipun tumata
dipun-gatosaken para tamu
acaranipun gayeng
acaranipun boten ,mboseni
Sangunipun pranatacara wonten olah jiwa, olah raga, olah busana, olah basa, olah swara. Ingkang kalebet olah basa inggih menika...
andhap inggilipun swara boten namung ajeg
pilihaning tembung sae
busananipun sae, resik
solah bawa trapsila lan empan papan
