wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN UNGGAH UNGGUH BASA

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.
  1. “Pak Bima mau (ngomong) manawa garapane bisa diklumpukake ana ing kantor guru.”. Tembung kang

dikurung supaya trep unggah-ungguhe miturut ragam ngoko alus diowahi

a)

matur

b)

ngendika

c)

sanjang

d)

ngandhani

2.

Panjenengan sampun purna anggenipun dhahar? Ukara kasebut manawa didadekake ngoko alus sing bener

a)

Sampeyan sampun rambung anggone mangan?

b)

Njenengan sampun rampung anggone dhahar?

c)

Kowe wis rampung anggone mangan?

d)

Panjenengan wis rampung anggone dhahar?

3.

Simbah : “Sampeyan menapa badhe …. ringgit, Nak?”

Pak Narya : “Inggih, Mbah.”

Cecek-cecek kuwi lumrahe diisi tembung….

a)

midhangetaken

b)

ningali

c)

mirsani

d)

nonton

4.

Kula badhe dhahar tela cilembu. Tembung sing kacithak kandel kuwi supaya trep diowahi dadi….

a)

mangan

b)

maem

c)

nedha

d)

ngunjuk

5.

Ngoko alus bisa digunakake pacelathon…. marang….

a)

siswa marang guru

b)

siswa marang siswa

c)

bocah marang simbah

d)

andhahan marang pimpinan

6.

“Lha Panjenengan wae durung siram. Iki wis jam pitu lho Pak. Panjenengan arep lunga jam pira?

Ngendikane ana undangan rapat.”. Tembung sing ora trep yaiku….

a)

ngendikane

b)

durung

c)

lunga

d)

jam

7.

“Pak, kae lho kopine wis takcawisake ana meja. Enggal panjenengan unjuk.” Tembung sing kacethak kandel

kuwi tegese….

a)

digawakake

b)

dicepakake

c)

diwenehake

d)

digawekake

8.

Bapak : “Ayo wis wengi, padha turu sesuk mangkat esuk!”

Anak : “……” Lumrahe anak mangsuli nganggo ukara….

a)

Inggih Pak.

b)

Boten Pak.

c)

Siap Pak

d)

Iya Pak

9.

Krama Inggil mangan :

a)

nedha

b)

mangan

c)

nedhi

d)

dahar

10.

Ngoko lugu ngasta

a)

jupuk

b)

mbekto

c)

nggawa

d)

nenteng

11.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama andhap

b)

Ngoko alus

c)

krama

d)

Krama inggil

12.

Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko lugu

b)

Krama andhap

c)

Krama inggil

d)

Ngoko alus

13.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

krama

d)

krama alus

14.

Kadingaren pakdhe, dalu-dalu tindak ngriki.

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama madya

b)

Krama inggil

c)

Ngoko lugu

d)

krama

15.

Susi : “Mbak, njenengan mau wis dhahar durung ta?”

Dina : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”

Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Susi ing pacelathon kasebat, inggih menika ....

a)

ngoko alus

b)

krama

c)

krama alus

d)

ngoko

16.

Ukara ingkang leres menawi lare matur dhateng tiyang sepuh, inggih menika ....

a)

“Kula benjing ajeng tindak kaliyan Bu Dhe dhateng Sala.”

b)

“Sik ta Pak, menawi sanes bapak sing njupuk, lajeng sinten?”

c)

“Pak Lurah, sowan kula mriki dipunutus bapak nyaosaken layang menika.”

d)


“Kula pun ngertos kok Pakdhe, wong ibu wingi sampun matur bab menika dhateng kula.”

17.

“Ayo Bu, bareng karo aku wae, yen kowe arep menyang Puskesmas”, pangajake Dira marang bu RT.

Ukara ingkang leres inggih punika...


a)

“Mangga Bu, sareng kula mawon yen ibu ajeng tindak dhateng puskesmas”.

b)

“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, manawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.

c)

“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi ajeng tindak dhateng puskesmas”.

d)

“Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.

18.

Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”

Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....

a)

wangsul

b)

kondur

c)

tindak

d)

kesah

19.

Ngendikanipun tiyang sepuh dhateng para putra, ingkang trep kaliyan unggah-ungguh, inggih menika ....

a)

“Wid, apa kowe ora pirsa menawa simbah arep teka sore iki?”

b)

“Nok, anggonmu kondur jam pira? Mengko arep dhahar neng omah apa neng sekolah?”

c)

“Ndhuk, adhimu undangen mrene, ibu arep matur”.

d)

“Le, bapak-ibu arep tindak rada suwe, adhimu dikancani, aja padu ya!”

20.

Ingkang ngginakaken basa ngoko, inggih menika ....

a)

lare enem dhateng tiyang sepuh ingkang sampun rumaket

b)

lare enem dhateng tiyang sepuhipun

c)

nalika tiyang enem mertamu

d)

tiyang sepuh dhateng lare enem