wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA KELAS XI

Total questions: 50

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Tema kang cocok kanggo cerkak ing dhuwur yaiku....

a)

kekancan

b)

kamanungsan

c)

lingkungan

d)

pakulinan

e)

pakurmatan

2.

Saking pethikan cerkak Mili, piweling ingkang saged dipendhet inggih punika ...

a)

nyuwun pangapunten nalika klentuning tumindak.

b)

nglenggana nyuwun pangapunten nalika tumindak klentu.

c)

duka marang liyan nalika andamel klentu ing tumindak.

d)

mongsal-mangsuli unen nalika nyuwun pangapunten.

e)

manas rumiyin menawi badhe nyuwun pangapunten.

3.

Saka pethikan crita cekak Aku Durung Kalah, bisa dijupuk pitutur luhur saka paraga Pak Wiryo yaiku tansah ...

a)

kurmat kaliyan paraga bapake aku lan paraga aku minangka langganan puthu.

b)

mbudidaya sregep sadeyan puthu supados saged mundhut griya enggal.

c)

amemuji sukur mring Gusti amargi sadeyan puthu gancar sanget.

d)

lila legawa menawi bandha donya dipundhut amargi boten gadhahanipun.

e)

ngajeni mring liyan, lare alit dumugi sepuh  kanthi cara basa krama alus.

4.

Jam setengah siji kaya adat sabenere, wong loro leren ing ngarep banteng Vredeburg, poncot kidul Malioboro, sinambi ngetung pengasilane.

Ukara ing dhuwur nuduhake latar….

a)

Wektu lan kahanan

b)

Wektu

c)

Wektu lan papan

d)

Papan lan kahanan

e)

Papan

5.

Kahanan desaku esuk iki katon sepi nyenyet jalaran mau bengi udan deres lan srebgebge durung jumedul.

Ukara ing dhuwur klebu….

a)

Latar papan

b)

Latar papan lan kahanan

c)

Latar kahanan

d)

Latar papan, kahanan, lan wektu

e)

Latar wektu lan kahanan

6.

Tresno kuwi pawakane gedhe dhuwur, pakulitane resik, lan uga wonge sregep.

Paraga Tresno digambarake lumantar….

a)

Pikirane

b)

Fisike

c)

Pacelathone

d)

Tumindake

e)

Wong liya

7.

Ing ngisor iki titikane cerkak, kajaba….

a)

Rampung diwaca sanalika lungguh

b)

Wose lelakon manungsa

c)

Paraga sithik

d)

Alure mung siji

e)

Nyeritakake akeh prastawa

8.

Ing ngisor iki kang ora klebu carane gawe sinopsis yaiku….

a)

Gawe dhudhutan cerita

b)

Monolog ditulis garis utamane

c)

Ngrantam unsur intrinsik dadi paragrap

d)

Nyathet unsur intrinsik cerita

e)

Maca cerkak asline

9.

Rerangken crita nggambarake prastawa saka ngarep gunakake alur….

a)

Campuran

b)

Majemuk

c)

Maju

d)

Mundur

e)

Sorot balik

10.

Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik cerkak yaiku.....

a)

Alur

b)

Setting

c)

Tema

d)

Biografi pengarang

e)

Penokohan

11.

Rerangkening prastawa/ kedadeyan ing crita diarani …

a)

Alur

b)

Latar

c)

Penokohan

d)

Sinopsis

e)

Gancaran

12.

Papan panggonan, wektu kedadeyan lan swasana/ kahanan lingkungan sosial iku kalebu jinising....

a)

Latar

b)

Alur

c)

Penokohan

d)

Tema

e)

Amanat

13.

Ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe diarani ….

a)

Latar

b)

Sinopsis

c)

Gancaran

d)

Alur

e)

Penokohan

14.

Ajaran moral utawa pesen kang bakal dijlentrehake pengarang marang wong kang maca diarani....

a)

Amanat

b)

Sudut pandang

c)

Tema

d)

Alur

e)

Penokohan

15.

Nilai-nilai sajroning cerkak kang ana sesambungane karo tuntutan agama lan kapitayan diarani ….

a)

nilai politis

b)

nilai moral

c)

nilai estetis

d)

nilai etika

e)

nilai religi

16.

Sajrone cerkak, perkara kang dadi punjere crita diarani ….

a)

sudut pandang

b)

alur

c)

penokohan

d)

konflik

e)

rerampungan

17.

Nilai-nilai kang bisa kapethik saka pratelan cerkak dhuwur…

a)

sosial

b)

budaya

c)

moral

d)

pendhidhikan

e)

agama

18.

Watake paraga ibune Sumiyem digambarake lumantar…

a)

Pacelathon (dialog)

b)

Gambarake papan panggonan paraga

c)

Gancaran

d)

Tindak-tanduk paraga

e)

Gambarake tandha-tandha fisik paraga

19.

Amanat utawa pesensaka pethikan cerkak ing dhuwur yaiku…

a)

Aja ngamuk anak amarga ditinggal ibuke lan ora oleh apa-apa

b)

Ibuk kudu nuntut anak supaya entuk warisan saka bapake

c)

Aja mung ngandelno warisan saka sapa wae lan kudu gemati marang anak.

d)

Warisan iku perlu kanggo nyambung urip lan anak kudu entuk warisan

e)

Anak kudu diamuk amarga ora entuk warisan saka bapake kang wing mati

20.

Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….

a)

Sumiyati putra kang bekti  marang ibune

b)

Sumiyati mung predhuli marang Winarto

c)

Sumiyati putra kang bhekti marang ibune

d)

Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati

e)

Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto

21.

Miturut pethikan cerkak ing dhuwur, omahe Jess yaiku ….

a)

Demak

b)

Pati

c)

Kudus

d)

Semarang

e)

Jakarta

22.

Miturut pethikan cerkak ing dhuwur, watake Jess yaiku ….

a)

Criwis

b)

Gampang nesu

c)

Sombong

d)

Ramah

e)

Kemayu

23.

Miturut pethikan cerkak ing dhuwur, pawakane Elang yaiku ….

a)

Kuru, cendhik, rambute lurus

b)

Kuru, dhuwur, rambute lurus

c)

Lemu, cendhik, rambute ngombak bakung

d)

Kuru, dhuwur, rambute ngombak bakung

e)

Lemu, dhuwur, rambute ngombak bakung

24.

Bebasan utawa unen-unen tumbu oleh tutup tegese cah sakloron kuwi cocog.

Sing dimaksud ukara kang kachitak kandel yaiku ….

a)

Elang lan Jess

b)

Elang

c)

Jess

d)

Wong tuwane Jess

e)

Budhene Elang

25.

Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur intrinsik cerkak yaiku ....

a)

Tema

b)

Agama

c)

Paraga

d)

Alur

e)

Amanat

26.

Ancase unsur intrinsik ing sajroning cerkak yaiku ….

a)

Kanggo ngritik

b)

Kanggo titenan novel 

c)

Supaya ceritane pantes

d)

Kanggo mbangun amprih

e)

Supaya ceritane ruwet

27.

Sing diunek-uneke mung meneng nglenggana kaluputane lan banjur njaluk pangapura amarga ora tau niliki Mbakyu minangka dulur tuwa.

Tegese tenbung kang kachitak kandel yaiku ….

a)

Ngelamun      

b)

Anteng

c)

Ngakoni

d)

Nerangke

e)

Jejeg

28.

Tema cerkak “Nglumpukake Balung Pisah” yaiku ….

a)

Pendhidhikan

b)

Agama

c)

Kuwarasan

d)

Kulawarga

e)

Tanggungjawab

29.

Bebasan nglumpukake balung sing pisah. Kulawaraga sing wis rongpuluh taun pisah bisa kumpul maneh.

Tegese ukara kang kachitak miring yaiku ….

a)

Goleki kaluwarga sing arang srawung

b)

Ngraketake maneh kaluarga sing ora akur

c)

Nglumpukake sedulur kang wis pisah adoh lan suwe

d)

Kaluwarga sing rukun lan padu maneh

e)

Kaluwarga sing wis raket lan bubrah maneh

30.

Saking pethilan cerkak kasebut wontenipun raos tetulung antawisipun tiyang setunggal lan sanesipun mratelaken bilih cariyos kasebut ngemot nilai ingkang sae inggih punika….

a)

moral

b)

etika

c)

pendhidhikan

d)

sosial

e)

etika

31.

Mbah Parti: Saka ngendi nduk?

    Bu Siti       : Niki lho mbah, kula wau saking ….. tumbas lisah

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing pachelathon dhuwur yaiku….

a)

Sabin

b)

Peken

c)

Sawah

d)

Pasar

e)

Lepen

32.

Mbah Parti: Lha kok tuku akehe semono arep dingo apa?

    Bu Siti      :  Wau wonten rencange kula mbah, badhe goreng tempe kok malah ngepasi lisahe telas Mbah. Panjenengan ….. tape mboten?

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing pachelathon dhuwur yaiku….

a)

gelem

b)

purun

c)

kersa

d)

dhahar

e)

ngunjuk

33.

Mbah Siti : Ya, aku gelem. Tape saka endi iku mau nduk?

    Bu Siti      : Niki wau lho mbah, saking …. wonten tokone bu Endang

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing pachelathon dhuwur yaiku….

a)

mundhut

b)

tumbas

c)

tuku

d)

diwenehi

e)

dicaosi

34.

Suwe banget aku ora ketemu karo kancaku sing jenenge Baruna. Dheweke iku biyen kancaku saklas. Sawise padha lulus nganti tekan wis padha duwe anake, sepisan wae aku durung ketemu. Basa kang trep digunakake lamun aku ketemu karo Baruna yaiku …

a)

Krama

b)

Krama Alus

c)

Ngoko

d)

Ngoko Alus

e)

Ngoko Andhap

35.

“Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe …. buku tulis kangge cathetan.”

Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku .... 

a)

mundhut, mundhut                                         

b)

mundhut, tumbas

c)

tumbas, tumbas                               

d)

mundhut, tuku

e)

tumbas, mundhut

36.

“Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau sampun …. wonten kantor.”

Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….

a)

dhahar, maem

b)

maem, dhahar

c)

nedha, nedha

d)

dhahar, dhahar

e)

nedha, dhahar

37.

Pitakone Budiharjo kang paling  trep kanggo jangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ....

a)

“Menawi boten kesah, nyuwun idin mawi tilpun kados pundi Pak?”

b)

“Menawi boten tindak, nyuwun idin mawi tilpun pripun Pak?”

c)

“Yen boten lunga idin, njaluk mawi tilpun pripun Pak?”

d)

“Yen boten tindak, nyuwun idin mawi tilpun kados pundi Pak?”

e)

“Menawi boten budhal, nyuwun idin mawi tilpun kados pundi Pak?

38.

Aku sakulawarga nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang ngerti papan iku. Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku ....

a)

Krama Alus

b)

Krama

c)

Ngoko

d)

Ngoko Alus

e)

Krama Andhap

39.

Pak Raka   : “Apa kuwe duwe Bausastra (kamus) Basa Jawa?

      Putri          : ….

      Ukara ingkang trep kangge ngisi ceceg-ceceg ing nginggil inggih punika ….

a)

Inggih kula gadhah.

b)

Inggih kula nyimpen.

c)

Inggih kula kagungan.

d)

Inggih kula duwe.

e)

Inggih kula pendhet

40.

Adik mangan sego goreng pedes nganti wetenge lara.

Dene ibu dhahar sekul goreng pedes ngantos ….. gerah.

Kang trep kanggo ngisi cecek-cecek ing ndhuwur yaiku…

a)

wetenge

b)

wetengipun

c)

padharane

d)

padharanipun

e)

sakit

41.

Simbah boten kersa dhahar jagung amargi …. kantun kalih

Kang trep kanggo ngisi cecek-cecek ing ndhuwur yaiku…

a)

wajanipun

b)

wingkisanipun

c)

padharanipun

d)

pamidhanganipun

e)

tutukipun

42.

Krama inggil “pundhak” yaiku…

a)

padharan

b)

pamidhangan

c)

pupu

d)

pengkeran

e)

pangarasan

43.

Krama inggil “awak” yaiku…

a)

badan

b)

salira

c)

samparan

d)

gumbala

e)

trecepan

44.

Krama inggil “mripat” yaiku…

a)

samparan

b)

tosan

c)

grana

d)

soca

e)

suku

45.

Krama inggil “getih” yaiku…

a)

rah

b)

ludira

c)

rawis

d)

kenaka

e)

rikma

46.

Krama inggil “unyeng-unyeng” yaiku…

a)

pangarasan

b)

pamidhangan

c)

paningal

d)

pasuryan

e)

panengeran

47.

Krama inggil “tangan” yaiku…

a)

samparan

b)

suku

c)

asta

d)

kenaka

e)

racikan

48.

Krama inggil “idep” yaiku…

a)

imba

b)

ibing

c)

ludira

d)

talingan

e)

mustaka

49.

Krama inggil “irung” yaiku…

a)

gumbala

b)

jengku

c)

sulam

d)

rawis

e)

grana

50.

Krama inggil “sikil” yaiku….

a)

asta

b)

jengku

c)

wentis

d)

samparan

e)

sulam