Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SUMATIF TENGAH SEMESTER GANJIL BAHASA JAWA KELAS IV 2023-2024

Total questions: 10

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Karya sastra jawa kang awujud syair diarani ... .

a)

macapat

b)

geguritan

c)

prosa

d)

nasasi

2.

Jinis geguritan kang ora kaiket guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan diarani geguritan gagarag ... .

a)

lawas

b)

jadul

c)

biyen

d)

anyar

3.

Ing ngisor iki sing kalebu titikane geguritan, kajaba ... .

a)

isine mentes

b)

ora kaiket guru lagu, gatra, lan wilangan

c)

nganggo tembung-tembung purwakanti

d)

nggunakake bahasa kang baku

4.

Ing ngisor iki kang kudu digatetake nalika maca geguritan, kajaba ... .

a)

wikana

b)

wiraga

c)

wirama

d)

wirasa

5.

Munggah mudhune,cendhek duwure (membat mentule) swara diarani ... .

a)

wicara

b)

wirasa

c)

wirama

d)

wiraga

6.

GANGSIR

( Dening Khoerul Soleh )

 

Puluh-puluh wis bejamu,anakku

Wengi iki cetha wis ora bisa dirungu

Ngenthire gangsir, ngutaraake lagu bedhamen

Mrucut saka pangimpen

 

Ing perenge kebonan

Ora luwih mung bisa ditemokake

Swara kemrisike walang kayu

Utawa kucing-kucing playon oyak-oyakan

Ngumbar sawujud nepsu murahan

 

Ngenthire gangsir wis ora ana, anakku

Saiki wis diganti swarane radhio lan televisi

Saben wektu njereng warta kemuskilan

lan ilange rasa kamanungsan

 

Puluh-puluh wis bejamu, anakku

Ngenthire gangsir wis ora bisa dirungu

Saiki luwih becik enggal mapan turu wae

Sapa ngerti impen-impen endah mlathi teka lan ngrenggani

Akhire awake dhewe bisa ngoceki werdine jaman sing sanyatane

Panganggit saka geguritan ing ndhuwur yaiku ... .

a)

Gangsir

b)

werdine jaman

c)

impen-impen

d)

Khoerul Soleh

7.

Wacanen kanthi premati !

Rukun Agawe Santosa
R. Tantiningsih


Kadangku ….
Donya iki dudu duweku
Donya iki dudu duwekmu
Mula
Aja rebutan panguwasa
Aja rebutan bebener


Kadangku ….
Eling,
Aku lan kowe ora bisa urip ijen
Aku lan kowe kudu urip bebarenga
Sayuk rukun
Gotong royong
Bahu binahu
Adohna rasa drengki srei
Jail methakil
Gedhekna rasa tepa selira
Urip bakal tentrem ayem

Geguritan ing ndhuwur nduweni pitutur luhur yaiku ... .

a)

ngelingake supaya dadi manungsa kudu urip ijen

b)

ngelingake supaya dadi manungsa kang nduweni watek drengki srei

c)

ngelingake supaya dadi manungsa kang ora tau tepa selira

d)

ngelingake supaya dadi manungsa kang sayuk rukun

8.

Ngowahi geguritan dadi basa gancaran kanthi pangajap maknane geguritan luwih gamblang utawa cetha diarani ... .

a)

parafrase

b)

paragraf

c)

preposisi

d)

persuasif

9.

"Aku lan kowe ora bisa urip ijen"

Tembung ijen tegese ... .

a)

rukun

b)

bebarengan

c)

dewekan

d)

gotong royong

10.

Nulis parafrase nduweni tujuan kanggo ... .

a)

medharake isine geguritan supaya luwih cetha

b)

mbenerake isine geguritan supaya luwih apik

c)

njelasake isine geguritan kang tesih salah

d)

ngowahi tembung ana sajroning geguritan supaya luwih endah