Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-Ungguh Basa Quiz

Total questions: 20

Worksheet time: 59mins

Name
Class
Date
1.

"Panjenengan arep tindak menyang Gunungkidul dina apa?"

Ukara ing nginggil inggih menika kalebet tataran unggah-ungguh basa ingkang

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

2.

Gambar ing nginggil menika mujudaken anak nembe pamitan dhateng tiyang sepuhipun, tetembungan ingkang dipunginakaken leresipun migunakake basa........

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

3.

Kula saweg … nalika Bapak … dhateng kantor.

a)

Mangan, mangkat

b)

Nedha, budhal

c)

Dhahar, tindak

d)

Nedha, tindak

4.

Ing sawijining rapat, ana bab sing wis dadi keputusan nanging sejatine bab kuwi mau ora cocok karo panemumu, banjur kepriye becike ?

a)

Nuwun sewu, pangandikan njenengan menika klentu.

b)

Wah panemumu kuwi kleru, aku dhewe sing paling bener.

c)

Nyuwun pangapunten pak, menawi pamanggih kula kados mekaten.

d)

Nyuwun pangapunten pak, ingkang leres pamanggih kula, njenengan menika lepat.

5.

Yen arep matur marang wong liya kamangka wong iku mau lagi ngendikan prayogane......

a)

Ngenteni nganti ngendikane rampung

b)

Enggal matur, ora ooerlu ngendikane rampung

c)

Yen perlu nyela sanajan ngendikane durung rampung

d)

Cepet-cepet matur, sing sora supaya aturmu dirungokake

6.

Deri sarujuk karo panemune Endah. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa sarujuk yaiku......

a)

Supaya cepet rampung setuju ra setuju sing penting kudu manut karo panemune Endah.

b)

ku jan-jane ora cocok, nanging gandheng kanca-kanca liyane setuju aku ya setuju

c)

Panemumu iku jane ora becik, nanging aku setuju lah supaya cepet rampung

d)

Ngono ya becik, aku sarujuk dadi mengko latihane bisa maksimal.

7.

Esuk iki Ahmad kudu ndherekake ibune priksa menyang Puskesmas. Mula Ahmad enggal-enggal matur marang pak guru nyuwun idin/ijin arep bali. Ature Ahmad kang bener yaiku.....

a)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit, badhe kondur!

b)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit, badhe wangsul

c)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut badhe kondur!

d)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut badhe wangsul

8.

Nyaruwe panemune wong liya iku becike.......

a)

Ngenteni nganti wong mau rampung olehe ngendika

b)

Ora perlu ngenteni nganti wong mau rampung ngendika

c)

Nyelani olehe ngendika

d)

Sak wayah-wayah manut karepe dhewe.

9.

Rini    : “Wah aku sarujuk banget yen arep nggarap tugas bebarengan.” Pacelathon kasebut isine nelakake......

a)

sarujuk

b)

ora sarujuk

c)

melu bungah

d)

melu belasungkawa

10.

Ukara ing kang mratelakake rasa seneng yaiku...

a)

Welha budhe kok ora sida rawuh mrene.

b)

Alhamdulillah simbah saestu rawuh samenika.

c)

Nyuwun pangapunten Bu kula dereng saged sowan.

d)

Nuwun sewu kula dereng saged nampi kasunyatan menika.

11.

Sampeyan wau dalu tilem jam pinten?


Ukara kasebut kalebu tuladha basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

12.

Undha usuk basa ngoko kaperang dadi 2 yaiku....

a)

Ngoko lugu lan ngoko madya

b)

ngoko lugu lan ngoko dhasar

c)

ngoko lugu lan ngoko alus

d)

Ngoko alus lan ngoko inggil

13.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

14.

Raffi   : “Kanca-kanca iki ana tugas kelompok Basa Jawa, yen sesuk nggarap tugas bareng piye?” Adhedhasar pacelathon kasebut, anggone guneman migunakake basa.....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

15.

Bu, ngaturaken....awit sedanipun keng rama, mugi-mugi husnul khatimah. Andharan kasebut trep yen diganepi nganggo tembung....

a)

bela sungkawa

b)

mangayubagya

c)

ndherek bingah

d)

ndherek prihatos

16.

Krama Inggil mangan :

a)

nedha

b)

dhahar

c)

mangan

d)

nguntal

17.

Jam papat kula sampun tangi,ibu ugi sampun ... unggah-ungguh kang trep yaiku

a)

tangi

b)

bangun

c)

wungu

d)

wuning

18.

yen matur karo wong sing lewih tuwa nggunakake ragam basa ....

a)

campuran

b)

ngoko

c)

krama lugu

d)

Krama alus

19.

ngokone tembung aksara jawa ing dhuwur kuwi

a)

mundhut

b)

tumbas

c)

tuku

d)

beli

20.

Ing dina Setu para siswa nampa rapot asiling pasinaon, kaya adate diumumake sapa kang dadi juwara kelas. Ing semester iki kang dadi juwara kelas yaiku Marni lan kang juwara loro Santi. Kepriye anggone matur Santi kanggo Marni kang wis kasil juwara siji?

a)

Ndherek bungah ya Mar, aja sombong apa maneh pelit ngelmu

b)

Ndherek bungah ya Mar, muga-muga iki asil anggonmu sinau iki jujur

c)

Ndherek bungah ya Mar, aku ngerti yen iki asil anggonmu takon kanca nalika ulangan.

d)

A.     Ndherek bungah ya Mar, muga-muga prestasimu iki bisa gawe patuladhan kanggo kanca-kanca