Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Bahasa Jawa Kelas X

Total questions: 20

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Karangan kang ditulis kanthi tujuan kanggo ngandharake gagasan lan fakta sing bisa ngyakinaken, menehi pituduh, lan bisa nyenengane tumrap wong sing maca diarani ....

a)

geguritan

b)

tembang

c)

artikel

d)

pawarta

e)

parikan

2.

Strukture artikel iku dumadi saka ...

a)

irah – irahan, pembuka, pawarta, penutup

b)

irah – irahan pembuka, tujuwan, penutup

c)

isi, pembuka, penutup, lan irah – irahan

d)

irah – irahan, pambuka, isi, lan penutup

e)

pambuka, purwaka, isi panutup judul

3.

Miturut teorine jinise artikel yaiku, kajaba….

a)

Preskriptif

b)

Deskriminatif

c)

Eksplanatif

d)

Prediktif

e)

Eksploratif

4.

Lingkungan Resik, Uripe Sehat

Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat.

Lingkungan sing kita panggone bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrah panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben – omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.

Lingkungan kudu resik amarga ....

a)

panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa.

b)

saka lingkungan resik bisa ndadekan urip sehat.

c)

wargane nduweni kebiyasaan becik

d)

kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.

e)

wargane supaya ora kemroh

5.

Karep kang diandharake dening penulis jumbuh karo jinise artikel sing ditulis kalebu struktur artikel kang jenenge….

a)

Dudutan

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Panutup

e)

Irah-irahan

6.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

“Kudu bisa njaga lingkungan supaya ora nandhang kapitunan tumrap awake dhewe, uga ana mumpangate kanggo generasi sabanjure”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Ilang, manfaat

b)

Rugi, manfaat

c)

Rugi, keslametan

d)

Pengaruh, perubahan

e)

Tumindak, perubahan

7.

Salah sijine titikane teks deskripsi ...

a)

nggambarake kedadean kanthi cetha.

b)

pamaca ora bisa nggambarake kedadean.

c)

kabeh kedadean diurut kanthi urutan wektu.

d)

pamaca ora bisa ngrasakake utawa ngangen-angen kedadean kang ana.

e)

pamaca ora bisa mangerteni maksude pawarta

8.

Wujud artikel ana 4, yaiku Artikel praktis, artikel ringan, artikel opini, lan artikel ilmiah.

Artikel praktis yaiku tulisan babagan ketrampilan tinimbang pengembangan kawruh. Asipat naratif, tegese disusun miturut urutan wektu, kedadeyan, lan tahapan utawa langkah.

Tuladha sing kalebu artikel praktis yaiku...

a)

Manfaat maca buku.

b)

Dampak gawa HP kanggo bocah ing pelajaran.

c)

Macem-macem e bocah enom jaman saiki.

d)

Carane gawe seblak cuanki.

e)

Cerita wayang

9.

Jinis artikel ana 5, yaiku Artikel deskripsi, artikel narasi, artikel eksposisi, artikel persuasi, artikel argumentasi. Artikel deskripsi yaiku artikel kang ngandharake tumrap apa sing diamati kanthi langsung. menehi gambaran ngenani samubarang tartamtu.

Ing ngisor iki sing kalebu artikel deskripsi yaiku....

a)

Kelasku ana ing sisih wetan lan aneg dhuwur. Madep ngulon ing tengah-tengah saka ruang 20 lan 22.

b)

Dina minggu aku ora melu outbound ing Glagaharum amarga sadulurku saka Surabaya negndangi aku. Mesakne yen arep tak tinggal lunga.

c)

Koran yaiku media cetak kang isine ana macem-macem berita anyar lan bisa menehi kawruh dening sing maca.

d)

Instagram yaiku aplikasi bocah enom kang isine arupa macem, bisa kanggo hiburan lan posting gambar.

e)

Aku ora seneng mangan seblak amarga pedes. Seblak panganan asli Jawa Barat

10.

Dipuntambahakaen bilih kegiyatan punika saget ngajak utawi memprovokasi sekolah sanesipun. Ali Amron ngandharaken bilih prestasi ingkang sampun kasil kagayuh dening SMA Negri 1 wiwit saking tahun 2006 dumagi 2014 inggih punika perolehan nilai Ujian Nasional ( UN) paling inggil. Kepala sekolah SMA Negeri Blitar, Ahmad Damanhuri wonten ingkang palapuranipun ngandharaken bilih kegiyatan punika nggadahi tujuan mujudaken program adiwiyata kados daur ulang, wontenipun kandhang ayam lan kolam ikan saha damel rabuk.

Adhedhasar jenise artikel ing dhuwur diaranai artikel ...

a)

eksposisi

b)

narasi

c)

dheskripsi

d)

persuasi

e)

argumentasi

11.

Ludruk punika salah siji kesenian drama tradisional ing Jawa Timur. Seni ludruk ngembang teko kesenian rakyat Besutan uga Lerok teko Jombang.

Seni drama Besutan biyen dipentasake ing latar omah uga dideloki dening wong akeh. Kala iki kesenian Ludruk dadi hiburan njero acara hajatan masyarakat Jombang uga Jawa Timur. pagelaran ludruk nggeret minat pengunjung saka wisatawan ning tlatah Jawa Timur.

Ludruk saka Jawa Timur bedo karo ketoprak saka Jawa Tengah. Cerito ketoprak dijupuk saka cerito sejarah uga dongeng karo cerito kegesangan zaman biyen. Kesenian ludruk nyeritono penggawean rutin ing masyarakat, biasane saka kalangan wong cilik.

Adhedhasar jenise artikel ing dhuwur diaranai artikel ...

a)

eksposisi

b)

narasi

c)

dheskripsi

d)

persuasi

e)

argumentasi

12.

Sing kalebu Tembung panggandheng yaiku...

a)

Apa

b)

Apik

c)

saumpama

d)

Loro

e)

welas

13.

Babagan kang dirembug sajrone artikel kasebut yaiku...

a)

Pemilu Legislatif

b)

Korban Banjir

c)

Omah Rusak

d)

Banjir Bandhang

e)

Kebakaran

14.

Tembung kang nyatakake sebab akibat, yaiku....

a)

Lan

b)

Utawa

c)

Ananging

d)

Saengga

e)

Karo

15.

Ing ngisor iki ukara kang nganggo tembung panggandheng kang nyatakake wayah, yaiku....

a)

Saumpama aku bisa nonton prastawa iku mesthi aku seneng banget.

b)

Sanadyan wis dianjurake nggunakake kaca mata kan gana filtere isih ana wae wong kang ora manut

c)

Nalika aku metu saka ngomah, kahanane dadi peteng banget

d)

Aku lan adhiku mlaku-mlaku ing Pasar Baru

e)

Doni arep lunga menyang Solo nanging kenthekan karcis spur

16.

Akeh wisatawan manca kang teka ing Indonesia ....... kepingin nyekseni kadadeyan grahana srengenge total kanthi langsung. Titik-titik sadurunge ukara kudune diisi tembung?

a)

Kamangka

b)

Amarga

c)

Supaya

d)

Nalika

e)

Saumpama

17.

Tembung panggandheng kang nyatakake pilihan yaiku...

a)

saha

b)

ananging

c)

utawa

d)

nalika

e)

karo

18.

Supaya alas kuwi ngrembaka lan lestari kabeh kudu njaga kahanane alas. Ukara kasebut kang migunakake tembung panggandheng kang nduweni teges tujuwan, yaiku....

a)

lan

b)

kudu

c)

supaya

d)

kahanan

e)

kabeh

19.

Ngingah Pitik

Bapakku nduwe usaha ngingu pitik sing terkenal ning desaku. 5 kandang pitik dideleh ning mburi omah. Saben kandang pitik kui ukurane 5 x 6 meter sing cukup dinggoni 50 pitik.

Aku saben esuk ngewangi bapak makani pitik-pitik gen cepet gedhe lan iso payu larang. Pakan pitik sing dicepakne nggo makani macem-macem, mulai seko beras, jagung, nganti dedak.

Gen oleh rego murah, pakan kui dituku seko tengkulak sing wis dadi langganan suwe. Tigan seko pitik-pitik iku dijupuki saben dino nek nemu. Alhamdulilah keluargaku iso nggawe usaha dewe.

Aku dewe seneng banget sinau soal ngingu pitik langsung karo bapak. Aku duweni cita-cita yen suk gedhe bakal iso nerusne usahane bapakku gen luweh gedhe.

Saka cerita kasebut, kalebu jinising artikel....

a)

Deskripsi/Gambaran

b)

Narasi/crita

c)

Eksposisi/Informasi

d)

Persuasi/Ngajak pamaca

e)

Argumentasi/gagasan/opini

20.

Tembung panggandheng saka lirik lagu Sewu Kutho yaiku ...

a)

lan, karo, seprene

b)

nanging, lilo, mung

c)

nanging, umpamane, senajan

d)

umpamane, ora, panyuwun

e)

nanging, pengin, soko