NEW
Font size
WorksheetsASESMEN SUMATIF 2 KELAS 7
Total questions: 20
Worksheet time: 3600secs
Tembang Jawa iku kaperang dadi 4, kajaba...
Tembang dolanan
Tembang macapat
Tembang dangdut
Tembang gedhe
Gundhul gundhul pacul cul gembelengan,
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan,
Wakul ngglempang segane dadi salatar,
Wakul ngglempang segane dadi salatar.
Tembang ing dhuwur kalebu jinise tembang...
Gedhe
Dolanan
Macapat
Campursari
Cacahe wanda (suku kata) saben gatra utawa larik disebut...
Guru lagu
Guru wilangan
Guru gatra
Guru sastra
Pratelan ing ngisor iki sing bener yaiku...
Guru gatra yaiku cacahe gatra utawa larik saben sapada.
Guru wilangan yaiku tibaning swara (aksara vokal) ing pungkasaning gatra.
Guru lagu yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra.
Guru wilangan yaiku cacahe gatra utawa larik saben sapada.
Pratelan ing ngisor iki sing bener yaiku...
Prau Layar yaiku salah sijine jinis tembang dolanan
Jamuran yaiku salah sijine tembang macapat
Menthog-Menthog iku tembang gedhe
Maskumambang yaiku salah sijine jinis tembang macapat
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dingin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun ketemu
Tandha nugrahaning manon
Cakepan ing dhuwur mujudake tembang macapat...
Gambuh
Pocung
Maskumambang
Mijil
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dingin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun ketemu
Tandha nugrahaning manon
Tembang macapat ing dhuwur ana pirang gatra?
4
7
5
6
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dingin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun ketemu
Tandha nugrahaning manon
Guru wilangan sing padha ing dhuwur ditemokake ing gatra...
1, 2
4, 5
3, 4
3, 5
Tembang macapat saka tembung jumbuh sing maknane cocog yaiku...
Mijil
Maskumambang
Gambuh
Sinom
Tembang Gambuh nduweni watak kulina.
Bener apa kliru?
Bener
Kliru
"Sekar gambuh ping catur"
tegese catur yaiku...
Papat
Lima
Enem
Olah raga
Tembang Maskumambang ora kalebu salah siji jinise tembang macapat.
Bener
Kliru
Guru wilangan lan guru lagune tembang macapat Gambuh sing bener yaiku...
6u, 10u, 12i, 8u, 7o
7u, 11u, 11i, 8u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8u
Maskumambang
Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta
Tembang Maskumambang kasebut akehe...gatra
7
6
5
4
Maskumambang
Nadyan silih bapa biyung kaki nisi
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta
Guru wilangan saka tembang Maskumambang ing dhuwur yaiku...
10, 6, 8, 8
12, 7, 8, 9
12, 6, 8, 8
11, 6, 8, 8
Maskumambang
Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta
Guru lagu saka tembang Maskumambang ing dhuwur yaiku...
i, a, i, a
u, a, i, a
i, a, u, a
a, i, a, i
"Setya budya pangekese dur angkara"
Guru wilangan lan guru lagu saka pratelan tembang kasebut yaiku...
12a
11a
12u
11u
"Tanpa tutur katula-tula katali"
Pratelan tembang macapat Gambuh kasebut manggon ing gatra kaping...
6
4
1
3
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Pitutur luhur saka tembang macapat Pocung ing dhuwur ditujukake kanggo...
Polisi
wong kerja
Siswa
Wong tuwa
Guru wilangan lan guru lagu tembang Pocung yaiku 12u, 6a, 8i, 12a.
Bener apa kliru?
Bener
Kliru
