NEW
Font size
WorksheetsPERSIAPAN PTS GASAL BAHASA JAWA - TEKS PIDHATO (TEMA 1) BAG. 1
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Kagiyatan ngandharake panemu utawa gagasan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tartamu, diarani ....
pranatacara
pambiwara
pamedhar sabda
medhar sabda
Ing ngisor iki sing ora klebu dasanamane pidhato, yaiku....
tanggap wacana
sesorah
tanggap warsa
medhar sabda
Sing ora klebu perangane pidhato; yaiku....
salam pambuka
adangiyah
wasana/panutup
surasa
Perangan pidhato kaping sepisan, yaiku....
surasa
salam pambuka
wasana
pambuka
Gatekna pranyatan ing ngisor iki!
1. Sarana pamer kaprigelan.
2. Menehi panglipur utawa hiburan
3. Sarana mbujuk utawa pangajak
4. Ngentekake wektu lodhang.
Sing klebu ancas pidhato, yaiku....
2 lan 4
1 lan 2
2 lan 3
1 lan 4
Para sesepuh, pinisepuh kakung miwah putri ingkang kula bekteni. Tembung kakung tegese padha karo ....
estri
jago
lanang
wadon
Ing pidhato, ukara assalamu'alaikum wr. wb, sugeng enjing, sugeng siyang, utawa sugeng dalu diarani perangan ....
purwaka
surasa
salam pambuka
pambuka
Nalika paring pakurmatan ing pambuka pidhato, becike diurutake saka ....
pawongan sing paling enom
pawongan sing paling sugih
pawongan sing paling tuwa
pawongan kang nduweni pangkat luwih dhuwur.
Perangan pidhato sing ngemot babagan isi wigatine pidhato diarani ....
salam pambuka
surasa
pambuka
wasana basa
"Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur kaperenga diagung ing pangaksami."
Pratelan teks pidhato kasebut klebu perangan....
purwaka
pangarep-arep
surasa
panutup
"Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur kaperenga diagung ing pangaksami."
Tembung pangaksami pada tegese karo tembung ....
nyuwun tulung
pangapunten
cekap
maturnuwun
"Menawi anggen kula matur kathah kekirangan saha kelepatan, kula nyuwun pangapunten."
Pratelan kasebut klebu perangan pidhato ....
surasa
wasana
salam pambuka
pambuka
Cengkorongan pidhato kudu digawe supaya pidhatone dadi ....
wigati
runtut
lucu
dawa
"Wosipun sumpah saha prasetya punika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi sarta dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, kerta raharja, adil saha sejahtera."
Pratelan kasebut klebu perangan pidhato ....
wasana
surasa
salam pambuka
pambuka
"Sumangga kula lan panjenengan sedaya sesarengan ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos."
Ukara kasebut klebu perangan ....
wasana
surasa
salam pambuka
pambuka
