Font size
WorksheetsSumatif Tengah Semester 1 Bahasa Jawa
Total questions: 15
Worksheet time: 12mins
Pengetan Dinten Kamardikan
Bapak saha ibu guru ingkang kula urmati saha para kanca ingkang kula tresnani. Sumangga kula dherekaken raos puja – puji syukur wonten ngarsaneipun Gusti Ingkang Maha kuwaos, awet sih nugraha saha kamirahanipun dhateng kula lan panjengan sedaya. Ing siyang punika, kita sageg makempal wonten Aula SD Luhur kanthi becik , boten wonten alangan satunggal punapa.
Bapak ibu guru kula ngaturaken panuwun dhumateng panjenengan sedaya bilih panjenengan kersa rawuh wonten papan punika saperlu nyengkuyung kagiyatan mengeti dinten proklamasi Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 74
Bapak ibu guru saha para kanca sedaya kula ngraosi bilih minangka ketua Panitia Pengetan Dinten Kamardikan RI ingkang kaping 74 menika wet saha ageng tanggungjawabipun. Prmila kula saged betahaken pambiyantu saha nyengkuyung saking kanca-kanca sedaya. Kajawi punika pitedah saha pitutur saking bapak ibu guru sanget kula antu – antu kangge ngayahi jejibahan kula mangke.
Wasana cekap semanten atur kula. Mbok menawi anggen kula matur boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangaksami. Maturnuwun.
1. Acara ing nduwur dianakake ana ing ... .
Bale Desa Luhur
Aula SD Luhur
Aula Kantor Kecamatan
Lapangan Desa
Ingkang atur sesorah sambutan yaiku … .
Bapak Guru
Kepala Desa
Ketua Panitia
Ketua Karang Taruna
Tembung kang nduwe teges pada karo rawuh yaiku … .
Bali
Teka
Wangsul
Kondur
Tembung nyengkuyung ing bahasa indonesia pada tegese ... .
Mendukung
Membela
Membantu
Menyatukan
Sesorah ing nduwur kanggo mengeti … .
Ulang tahun kamardikan RI 74
Ulang tahun SD luhur
Acara pentas seni SD Luhur kaping
Kegiatan karang taruna
Sing perlu digatekake nalika sesorah ana ing ngisor, kajaba … .
Lafal
Intonasi
Klambine
Pamedhote Ukara
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten … nyuwun agenging pangapunten.
Tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik ing nduwur yaiku ... .
Kalepatan
Kaluwihan
Kasarasan
Keslametan
Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunaake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani … .
Sesorah
Nembang
Ndhalang
Geguritan
Basa kang digunaake kanggo bocah luwih enom nalika sesorah yaiku … .
Ngoko
Dialeg
Krama
Krama Alus
Basa kang digunaake nalika sesorah marang wong kang luwih tua yaiku … .
Ngoko
Ngoko Andhap
Krama Alus
Ngoko Alus
Perang Baratayuda yaiku perange Kurawa kalawan Pandhawa kapendhet saking crita ...
(a)
Semar, Petruk, Gareng lan Bagong paraga wayang ingkang kasebut ... .
(a)
Perang gedhe antarane Kurawa lan pandhawa diarani perang ...
(a)
Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunaake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani … .
(a)
Basa kang digunaake nalika sesorah marang wong kang luwih tua yaiku … .
(a)
