wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

bhasa jawa kls 6 tembang macapat

Total questions: 20

Worksheet time: 32mins

Name
Class
Date
1.

Sawijine karangan kang kaiket mawa paugeran : guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu di arani ...

a)

Tembang macapat

b)

Lelagon campursari

c)

Tembang dolanan

d)

Gendhing manasuaka

2.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

3.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

4.

Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....

a)

Maskumambang

b)

Balabak

c)

Citramengeng

d)

Girisa

5.

Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....

a)

Pangkur

b)

Gambuh

c)

Pocung

d)

Dhandhanggula

6.

Tembung macapat tegese ...

a)

Maca papat-papat

b)

Maca cepat-cepat

c)

Maca seprapat

d)

Maca

7.

Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru swara

d)

Guru basa

8.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Tembang kasebut kedadean saka ... pada

a)

1

b)

4

c)

5

d)

6

9.

Dedalane guna lawan sekti


Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku ...

a)

8u

b)

9i

c)

10a

d)

10i

10.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

11.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

12.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku .........

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

13.

Teks sing isine ngenani kedadeyan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cithak, utawa laporan ing medhia elektronik diarani teks ....

a)

narasi

b)

argumentasi

c)

pawarta

d)

eksposisi

14.

Pawarta sing diandharake kuwi kudune akurat, tegese informasi sing diandharake ....

a)

bener-bener dumadi

b)

kudu nyakup 5W+1H

c)

kudu dipercaya

d)

dingerteni wong akeh

15.

Kapan kedadeyan sing diwartakake jroning pawarta iku mujudake jawaban kanggo tembung pitakon....

a)

what

b)

when

c)

who

d)

why

16.

Sawise adus aku terus mangan.

Yen dadekake basa krama ....

a)

Sesampunipun siram kula lajeng dhahar.

b)

Sesampunipun adus kula langsung nedha.

c)

Sesampunipun siram kula langsung nedha.

d)

Sesampunipun adus kula langsung dhahar.

17.

Megatruh


Karo kanca kudu urip guyub rukun,

Senajan beda agami,

Apadene beda suku,

Ayo padha sing nyawiji,

Gedhe cilik tuwa anom.


Megatruh iku salah sijine jinis tembang ....

a)

dolanan

b)

macapat

c)

gedhe

d)

tengahan

18.

Megatruh


Karo kanca kudu urip guyub rukun,

Senajan beda agami,

Apadene beda suku,

Ayo padha sing nyawiji,

Gedhe cilik tuwa anom.


Tembang Megatruh ing dhuwur dumadi saka ... gatra.

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

19.

Cacahe wanda saben gatra yaiku ....

a)

guru wilangan

b)

guru lagu

c)

guru sastra

d)

guru lagu

20.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka