wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Teks pidato-Basa Jawa kelas 9

Total questions: 26

Worksheet time: 32mins

Name
Class
Date
1.

Pidhato uga diarani sesorah utawa...

a)

Tanggap Wacana

b)

Surasa Basa

c)

Purwaka Basa

d)

Wasana Basa

2.

Ancas utawa tujuan pidhato supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe kalebu tujuan pidhato ingkang...

a)

Atur pambagya

b)

Atur kabar

c)

Aweh panglipur

d)

Pangajak

3.

Ing ngisor iki perangan purwaning sesorah yaiku...

a)

Uluk Salam

b)

Purwaka Basa

c)

Surasa Basa

d)

Wasana Basa

4.

Ucapan puja lan puji syukur marang Gusti Allah tansah diparingi kasarasan ing pidhato kalebu perangan bab...

a)

Uluk Salam

b)

Purwaka Basa

c)

Surasa Basa

d)

Wasana Basa

5.

Surasa Basa isine ...

a)

Ngucap salam marang tamu kang rawuh

b)

Puja lan puji syukur marang Gusti Allah

c)

Bab penting sing bakal diaturake

d)

Atur panuwun lan pangapura

6.

"Ing Wasana kula nyuwun atur pangapunten dhumateng apra rawuh"


Ukara ing nduwur kalebu...

a)

Pambuka sesorah

b)

Panutup layang

c)

Panutup sasorah

d)

Pambuka layang

7.

Tembung "Wasana" iku tegese...

a)

Pambuka

b)

Pungkasan

c)

Surasa

d)

Purwaka

8.

Kula minangka [...] badhe ngaturaken salam perpisahan lan nyuwun donga pangestu dhumateng bapak lan ibu guru sedaya.


Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....

a)

ketua OSIS

b)

siswa teladan

c)

murid kang dipilih

d)

wakilipun kelas IX

9.

Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak/Ibu Guru ingkang kula hurmati, Bapak/Ibu wali murid kelas sanga, sarta para kanca siswa-siswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani ....


Pethikan teks pidatho kasebut kalebu perangane ....

a)

purwaka/pambuka

b)

surasa basa

c)

wasana basa

d)

salam pambuka

10.

Bapak kepala sekolah ingkang minulya, bapak ibu guru ingkang kula hurmati, bapak ibu wali murid kelas 9, sarta para kanca siswa siswi kelas 9 ingkang sanget kula tresnani.


Ukara kasebut ana ing perangan pidhato perpisahan sekolah, mapan ana ing ....

a)

panyapa

b)

panutup

c)

pangarep-arep

d)

purwaka

11.

Adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula tansah njurung donga lan pamuji mugi-mugi ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangayomanipun Allah SWT. Samanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.


Ukara kasebut ana ing perangan pidhato perpisahan sekolah, mapan ana ing ....

a)

purwaka

b)

panutup

c)

pangarep-arep

d)

surasa

12.

Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, sekedhap malih kula sakanca badhe nilaraken bangku pawiyatan SMP punika, kula minangka wakil siswa-siswi kelas sanga badhe nyuwun pamit dhumateng bapak ibu guru. Mugi-mugi anggen kula sakanca nglajengaken nuntut ilmu ing pawiyatan lajengipun saged lancar boten wonten pepalang punapa-punapa. Kula sakanca nyuwun doa restu mugi-mugi gegayuhan kula sakanca saged kasil sak tembe wingkingipun. Sejatosipun awrat tumrap kula sakanca kedah nilaraken pawiyatan SMP punika.

Gagasan pokok saka pethikan pidhato kasebut yaiku ....

a)

cerita arep ngelajengaken pawiyatan

b)

nilaraken pawiyatan awrat sanget

c)

nyuwun pamit lan doa restu

d)

badhe nilaraken bangku pawiyatan

13.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunge pangapunten.


Pethikan pidato kasebut kalebu perangane ....

a)

panutup

b)

pangarep-arep

c)

pambuka

d)

isi/surasa

14.

“Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajeng wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah temanten.”


Tembung “jumeneng” ing ukara kasebut nduweni teges .…

a)

lungguh

b)

mlaku

c)

ngadeg

d)

turu

15.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, bapak/ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.

[…] tansah katur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan rahmat, sarta hidayah dumateng kita sedaya.

Ganepane teks pidato kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….

a)

Kula lan panjenengan

b)

Berkah lan rahmat

c)

Puji syukur

d)

Mangga kita

16.

Salam Pambuka ing teks Pidato yaiku ............

a)

Pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Allah kang Maha Agung

b)

Medharake apa wae kang dadi inti/ isi pidato

c)

Nyuwun donga pangestu marang para tamu supaya apa sing dadi cita-cita isa kewujud

d)

Ngucapake salam marang para tamu, awujud sapa aruh lan pakurmatan

17.

Sing mlebu ing Pidato ora resmi yaiku

a)

Pidato upacara HUT RI

b)

Pidato rapat RT karo warga

c)

Pidato acara Perpisahan Sekolah

d)

Pidato pembukaan Olimpiade Nasional

18.

Ing ngisor iki sing mlebu ing Pidato gawe kahanan Resmi yaiku ......... (jawaban isa luwih saka 1)

a)

Pidato upacara HUT RI

b)

Pidato pertemuan RT karo warga

c)

Pidato acara syukuran kelahiran Bayi

d)

Pidato acara keagamaan

19.

"Pramila, kula sakanca nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi kula sakanca saget pikantuk sekolah ingkang cocok kangge nggayuh idham-idhaman ingkang dereng kasembadan"


Tembung sing ditandai ing ukara dhuwur tegese .........

a)

ngayomi

b)

mbimbing

c)

nggoleki

d)

ngewujudke

20.

Sadurunge salam panutup, biasane ngucapake ...........

a)

salam marang para tamu minangka tanda sapa aruh lan pakurmatan

b)

pangucap syukur marang Gusti Allah

c)

nyuwun donga pangestu marang para tamu supaya apa sing diidhamke isa kaleksan

d)

nyuwun pangapura marang para tamu menawa ana kaluputan

21.

Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, kebagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

Tembung “kebagaswarasan” ing ukara dhuwur tegese ….

a)

kamulyan

b)

kapinteran

c)

kesehatan

d)

kabegjan

22.

Tembung purna tegese...

a)

mulai

b)

sinau

c)

sekolah

d)

rampung

23.

"Bapak lan Ibu Guru ingkang .... lan adhi adhi kelas kulo ingkang kula tresnani"


Tembung ingkang trep kanggo nglengkapi isi titik-titik salam pambuka sesorah ing nduwur yaiku...

a)

Kinurmatan

b)

Kabecikan

c)

Katentraman

d)

Kabagusan

24.

Kang ora klebu purwaka basa yaiku...

a)

Atur kinurmatan

b)

Atur puja lan puji syukur

c)

Atur panuwun

d)

Atur wosing gati

25.

Sawijine katrampilan sing diudi sajrone nyinau basa Jawa yaiku pidhato.

Pidhato iku kalebu jinising katrampilan ....

a)

nulis

b)

maca

c)

micara

d)

nyimak

26.

Sadurunge gawe teks pidhato becike gawe cengkorongane luwih dhisik. Sing dikarepake cengkorongan teks pidhato yaiku ....

a)

teknik pidhato

b)

urutan pidhato

c)

paraga pidhato

d)

kerangka pidhato