NEW
Font size
WorksheetsASESMEN TENGAH SEMESTER GASAL BAHASA JAWA
Total questions: 25
Worksheet time: 23mins
Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…
Dumadine Bledug Kuwu
Joko Tingkir
Nyi Rorokidul
Timun Mas
Carita rakyat kang ana gegayutane karo alam lelembut diarani ....
Legenda
Mite
Dongeng
Babad
Ing ngisor iki kalebu titenane cerita rakyat, kejaba ....
Disebarake kanthi gethok tular
Dimangerteni sapa sing nggawe cerita
Asipat tradisional
Diwarisake kanthi turun menurun
Sing ora kalebu jinise cerita rakyat yaiku....
Mite
Dongeng
Geguritan
Legenda
Gatekna pethikan cerita rakyat ing ngisor iki!
Wacan kanggo soal nomer 6-9
Jaka Tarub
Wonten satunggaling dhusun ing tengahing wana ingkang jejuluk Dhusun Tarub. Ing dhusun kala wau wonten satunggal Mbok Randha ingkang kirang mampu. Mbok Randha namung gesang kaliyan putranipun ingkang kaparingan asma Jaka Tarub. Padamelan saben dintenipun inggih menika pados ron pisang tuwin ron jatos saperlu dipunsade dhateng peken. Ron menika dipunlintokaken kaliyan uwos saha kabetahan sanesipun. Tindak ipun dhateng peken dumugi pinten-pinten dinten amargi tebih saking kitha.Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedhag utawi pados kewan dhateng wana. Kewan kala wau dipundhahar minangka kangge ulamipun nedha.
Mbok randha lan Jaka Tarub manggon ing dusun .....
Dhusun Jaka
Dhusun Randha
Dhusun Tarub
Dhusun Wana
Pagaweyane Jaka Tarub saben dina golek godhong gedhang lan ....
Godhong pelem
Godhong salam
Godhong kelor
Godhong jati
Ron kang digoleki bakal diijolke apa?
Arta utawi duit
Ulam utawa lawuh
Nedha utawa mangan
Uwos utawa beras
Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedhag. Tembung mbebedhag duweni teges ....
Mangan
Turu
Berburu
Adus
Wacan kanggo soal nomer 10-12.
Jaka Tarub boten kuciwa, piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing mlebetipun wana. Ananging ngantos dalu Jaka Tarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayahipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget. Jaka Tarub sare ing salebetipun wana. Nalika sare, piyambakipun kaget amargi kepireng swanten tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin mangertos swanten menika lan saking pundi asalipun swanten kala wau, pramila Jaka Tarub madosi sumbering swanten menika. Piyambakipun boten pitados. Salebeting manah gumun lan ngunandika: "jan-jane aku ngimpi apa ora ya?
Mosok aku krungu wong-wong wadon padha geguyonan cekikikan. Iku swara wong wadon tenan apa memedi ya?" Makaten ing batosing Jaka Tarub.
Kenapa Jaka Tarub sayah banget nalika Mbebedhag?
Amarga mlakune wis adoh lan sikile wis krasa kesel
Amarga nganti bengi olehe mbebedhag durung oleh apa-apa
Amarga olehe mbebedhag ing wana adoh banget saka omah
Amarga mlakune wis adoh lan kentekan sangu
Nalika sayah anggone mbebedhag Jaka Tarub banjur leren lan
....
Adus ing wana
Reresik ing wana
Masak ing wana
Turu ing wana
Nalika turu Jaka Tarub keprungu suwara ....
Wong wadon-wadon padha nangis
Wong wadon-wadon padha dolanan banyu
Wong wadon-wadon padha geguyonan
Wong wadon-wadon padha masak bareng
Wacan kanggo soal nomer 13-15
Satunggaling dinten, Nawang Wulan badhe dhateng lepen saprelu ngimbahi rasukan amargi rasukan ingkang reged kathah sanget. Kajawi ngimbahi ugi adang sekul ingkang dipuntutupi kekep. Saderengipun dhateng lepen, nawang Wulan pesen dhateng garwanipun inggih menika Jaka Tarub supados nenggani Nawang Sih saha nenggani anggenipun adang sekul. Kanthi pesen supados kekep ingkang kangge ngedang sekul boten kabikak. Jaka Tarub sansaya kapengin mangertosi isinipun kekep kala wau. Amargi ing penggalihipun Tarub taken" kena apa ya kok kekep ora oleh dibukak."
Ing kali Nawang Wulan arep....
Masak sega
Ngimbahi rasukan
Nengga Nawang Sih
Ngimbahi kekep
Pesene Nawang Wulan marang sego kang diadang yaiku ....
Supados kekep ingkang kangge ngedang sekul dipun bukak
Supados dandang ingkang kangge ngedang boten dipun kumbah
Supados dandang ingkang kangge ngedang sekul saget dibuka
Supados kekep ingkang kangge ngedang sekul boten kabikak
Nawang Wulan pesen kaliyan garwane supados ....
Nenggani Nawang Wulan anggenipun adang sekul ingkang ditutup kekep
Nenggani Nawang Wulan anggenipun ngimbahi rasukan ing lepen
Nenggani Nawang Sih saha nenggani anggenipun ngimbahi
Nenggani Nawang Sih saha nenggani anggenipun adang sekul
Wacan kanggo soal nomer 16-17
Sasampunipun Nawang Wulan kesah dhateng lepen, kekep kabikak Jaka Tarub. Kados menapa kagetipun manah Jaka Tarub sasampunipun mangertosi bilih ingkang dipun dang dening Nawang Wulan namung arupi pantun sawulen. Jaka Tarub boten ngugemi ing prajanjen saha pesenipun Nawang Wulan. Ing mangka kanthi mbikak kekep kala wau, ateges kasektenipun Nawang Wulan minangka widadari ical.
Kang didang Nawang Wulan yaiku ....
Uwos
Sekul
Jagung
Ulam
Temahe nalika kekep kabuka yaiku .... minangka widadari ical
Sekul ingkang didang boten saget mateng buka malih
Kekepipun boten saget dipun bika malih
Nawang Wulan kedah kundur dhateng kahyangan
Kasektenipun Nawang Wulan
Wacan kanggo soal nomer 18-19
Lutung Kasarung
Ing jaman biyen, ana putri loro ing Keraton Pasundhan, asmane Purbararang lan Purbasari. Kekarone ayu lan pakulitane putih. Sawise sang raja utawa bapake seda, Purbasari didhawuhi nggantekake bapake jumeneng ratu. Krungu mangkono, Purbararang rumangsa meri lan nduwe kekarepan kanggo nyilakani Purbasari.
Purbararang lan Purbasari iku putri saka Kraton
Yogyakarta
Pasundhan
Mangkunegaran
Surakarta
Kahanane Purbararang nalika ngerti Purbasari kang jumeneng ratu yaiku ....
Purbararang rumangsa meri lan nduwe kekarepan kanggo nyilakani Purbasari
Purbararang seneng banget amarga Purbasari kang dadi ratu ganteni Bapake
Purbararang rumangsa kapusan dening Purbasari kang jumeneng ratu
Purbararang seneng banget bisa ganteni Purbasari dadi ratu ing Pasundhan
Wacan kanggo soal nomer 20-22
Lutung kasebut jan-jane ora lutung lumrah. Lutung kasebut sabenere sawijining pangeran saka kahyangan kang memba-memba (menyamar). Lutung kasebut uga nduweni kasekten kang pinunjul. Sawijining dina, lutung kasebut semedi ing wayah rembulan purnama. Saka semedine, banjur muncul sawijining banyu bening kang mili. Banyu bening kang mili lan nglumpuk kasebut banjur dadi sawijining tlaga cilik.
Lutung Kasarung sejatine yaiku
Sawijining prajurit kang diutus ngawasi dening Purbararang
Sawijining dhukun kang dikongkon nenun Purbasari
Sawijining patih Pasundhan kang diutus memba-memba
Sawijining pangeran saka kahyangan kang memba-memba
Sawise Lutung semedi kang muncul ana ing ngarepe yaiku ....
Panganan lan ngombe
Geni ngalap- alab
Banyu mili kang dadi tlaga
Angin puting beliung
Lutung kasebut uga nduweni kasekten kang pinunjul. Tembung pinunjul duweni teges?
Bener
Sekti
CuranK
Cilik
Endi sing ora kalebu tembung rangkep?
Dwilingga Padha Swara
Dwi Purwa
Dwi sasangka
Dwi Wasana
Endi sing bener arane tembung rangkep iki: tetanggan, andheng-andheng, cengengesan?
Dwilingga semu, dwipurwa, dwiwasana
Dwilingga, dwipurwa, dwilingga semu
Dwiwasana, dwipurwa, dwilingga semu
Dwipurwa, dwilingga semu, dwiwasana
Endi dwilingga sing tegese senajan?
Kuru-kuru ngene manten petinju lho.
Dikandhani kok mung cengengesa
Bocah yen nakal ki unyeng-unyenge loro.
Yen tetuku iku kudu teliti ben ora kleru.
