wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

QUIZ SESORAH

Total questions: 20

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Pungkasaning atur, kula ingkang minangka wakilipun Bapak Waryana sakulawarga kalamun anggen kula matur wonten tindak tanduk ingkang damel kuciwa, mugi kersa paring pangaksama.

a)

Salam Pambuka

b)

Salam panutup

c)

Pambuka

d)

Panutup

2.

Wusana cekap semanten kemawon atur kula. Mbokbilih wonten klenta-klentunipun rembag kula ingkang kirang mranani. Kula tansag nyuwun agunging pangaksami.

a)

Salam Pambuka

b)

Pambuka

c)

Salam panutup

d)

Panutup

3.

Nuwun. Sugeng enjing para rawuh sedaya.

a)

Salam Pambuka

b)

Pambuka

c)

Salam panutup

d)

Panutup

4.

Sesorah kang duweni ancas lan isine kanggo nanggapi aturing pambagyaharja.

a)

Upacara

b)

Ular-ular

c)

Tanggap wacana

d)

Medhar Sabda

5.

Adicara kang sipate luwih mirunggan ing bab kang ana gayute karo lelayu, pahargyan dhauping penganten, lan sapanunggale.

a)

Upacara

b)

Ular-ular

c)

Tanggap wacana

d)

Medhar Sabda

6.

Sesorah kang ancas lan isine kanggo nampa rawuhe para tamu kang rawuh ing acara.

a)

Upacara

b)

Pambagyaharja

c)

Tanggap wacana

d)

Medhar Sabda

7.

Dumadi saka tembung panata lan adicara

a)

Sesorah

b)

Panatacara

c)

Tanggap wacana

d)

Pranatacara

8.

Dumadi saka tembung pranata lan adicara

a)

Sesorah

b)

Panatacara

c)

Tanggap wacana

d)

Pranatacara

9.

Kang wigati digatekake nalika arep sesorah yaiku kudu cetha anggone ngungelake. Wiramaning kudu kepenak. Aja keseron aja kalonen.

a)

basa

b)

busana

c)

solah bawa

d)

swara

10.

Kang wigati digatekake nalika arep sesorah yaiku kudu dilarasake karo sing diadhepi lan jinisi acara. Kudu nggatekake unggah-ungguhe.

a)

basa

b)

busana

c)

solah bawa

d)

swara

11.

Kang wigati digatekake nalika arep sesorah yaiku sing dianggo kudu sopan kanggo ngatonake wujud ngajeni marang wong kang diadhepi.

a)

basa

b)

busana

c)

solah bawa

d)

swara

12.

Kang wigati digatekake nalika arep sesorah yaiku kudu mantep lan madhep marang wong sing ngrungokake. Tangan ngapurancang, mripat madhep marang wong kang ngrungokake.

a)

basa

b)

busana

c)

solah bawa

d)

swara

13.

Bapak saha Ibu ingkang kinurmatan. Para sesepuh, pinisepuh ingkang dhahat kinabekten. Para kanca ingkang kula tresnani.

a)

Pambuka

b)

Dudutan

c)

Pangajeng-ajeng

d)

Panutup

14.

Metode sesorah kanthi maca teks sesorah kang wis dicepakake.

a)

Naskah

b)

Apalan

c)

Impromtu

d)

Ekstemporan

15.

Metode sesorah kanthi ngapalake teks sesorah kang wis dicepakake.

a)

Naskah

b)

Apalan

c)

Impromtu

d)

Ekstemporan

16.

Metode sesorah kang biyasane adhedhasar pangalaman saka wong sing arep sesorah.

a)

Naskah

b)

Apalan

c)

Impromtu

d)

Ekstemporan

17.

Metode sesorah kanthi nyepakake cengkorongan utawa inti-inti bab wigati kang arep diandharake.

a)

Naskah

b)

Apalan

c)

Impromtu

d)

Ekstemporan

18.

Pramila sumangga panjenengan sedaya, kula . . . ngojukaken raos sukur wonten . . . Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.

a)

aturaken; ngajeng

b)

aturaken; ngarsa

c)

dherekaken; salebeting

d)

dherekaken; ngarsa

19.

Para rawuh kakung putri ingkang winantu basuki.

Tegese tembung basuki yaiku . . . .

a)

durung

b)

slamet

c)

seneng

d)

susah

20.

Kula hananggepi pangandikan panjennegan katemben kawedhar anggenipun masarahaken pinanganten kakung sampun kula tampi kanthi suka bingahing manah,

Tegese tembung manah yaiku . . . .

a)

suwarga

b)

anak

c)

sugih

d)

ati