wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal Upacara Adat Budaya Jawa (Kelas 11)

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Upacara adat kang dianakake nalika kandhutane wong wadon wis umur pitung sasi yaiku ....

a)

Lamaran

b)

Panggih manten

c)

Tingkeban

d)

Tedhak siten

e)

Piton-piton

2.

Salah sawijining upacara adat kanggo bocah umur pitung lapan yaiku ....

a)

Lamaran

b)

Panggih manten

c)

Tingkeban

d)

Tedhak siten

e)

Kenduren

3.

Selapan iku ana .... dina.

a)

245

b)

95

c)

75

d)

45

e)

35

4.

Ing ngisor iki salah sawijining tatacara ing upacara adat tingkeban, kajaba (kecuali) ....

a)

Nglebokake telur ayam kampung ing pinjungane calon ibu

b)

Medhot lawe/benang/tali

c)

Ganti busana kaping pitu

d)

Munggah andha tebu

e)

Mecah klapa gadhhing

5.

Ing ngisor iki ritual ing upacara adat tedhak siten, kajaba (kecuali) ....

a)

Ngidak jadah pitung werna

b)

Ceker-ceker

c)

Dodol rujak lan dhawet

d)

Munggah andha tebu

e)

Mlebu njero kurungan

6.

Ing ngisor iki kang kalebu prastawa budaya kanthi cara umum yaiku ....

a)

Mantenan, brokohan

b)

Larung sesaji, merti desa

c)

Brokohan, lelayu

d)

Lelayu, tingkeban

e)

Merti desa, lamaran

7.

Tujuan diadani utawa dilakokake adicara utawa prastawa budaya diarani ....

a)

Ancas

b)

Ubarampe

c)

Tata cara

d)

Piranti

e)

Proses

8.

Kembang setaman, kurungan pitik, klasa anyar, andha tebu Arjuna, jadah pitung werna ing karakteristik prastawa budaya kalebu ....

a)

Ancas

b)

Ubarampe

c)

Tata cara

d)

Tujuan

e)

Proses

9.

Pak Aminoto nganakake kenduri lan ngundang warga liyane kanggo ngucap syukur, merga asil panenane sasi iki akeh. Bab kasebut dadi karakteristik prastawa budaya kang kasebut ....

a)

Ancas

b)

Ubarampe

c)

Pahargyan

d)

Proses

e)

Alat

10.

Bapak lan simbahe bocah nyebar dhuwit logam kang dicampur kembang, nduweni pangajab supaya mbesuke bocah kasebut dadi bocah kang dermawan. Ritual kang kaya mengkono ing upacara tedhak siten diarani ....

a)

Ngidak jadah pitung werna

b)

Ceker-ceker

c)

Nyebar udhik-udhik

d)

Munggah andha tebu

e)

Mlebu kurungan

11.

Panganan saka beras sing dilebokake ana ing njero kothak nam-naman janur, lan digodhog suwene patang jam diarani ....

a)

Klepon

b)

Nagasari

c)

Onde-onde

d)

Kupat

e)

Arem-arem

12.

Cengkir gadhing kang digambari tokoh wayang ing upacara adat nggambakake ....

a)

Supaya bocah bisa niru gambar wayang

b)

Supaya bocah pinter nggambar wayang

c)

Supaya bocah gedhene bisa dadi dhalang

d)

Supaya bocah mbesuk yen lair lanang nduweni watak kang satriya, yen lair wanita nduweni watak kang becik kaya tokoh wayang ing gambar

e)

Supaya bocah bisa meranake tokoh satriya lan putri ing drama utawa sandiwara

13.

Tembung “Siten” nduweni teges ....

a)

Mudhun

b)

Lemah

c)

Mlaku

d)

Bocah

e)

Bayi

14.

Upacara tedhak siten nduweni teges nyedhakake manungsa kaliyan ....

a)

Wong tuwa

b)

Kanca

c)

Sedulur

d)

Bumi

e)

Tangga

15.

Prastawa budaya digelar dening wong akeh kang nduweni hajat padha diarani prastawa budaya kanthi cara....

a)

Sumbangan

b)

Individu

c)

Iuran

d)

Pribadhi

e)

Umum

16.

Werna ing jadah nalika ngadani upacara adat tedhak siten nduweni makna kang beda-beda. Jadah werna ireng nduweni makna ....

a)

Katentreman

b)

Kapinteran

c)

Kamakmuran

d)

Katulusan

e)

Kawicaksanan

17.

Ing ngisor iki tata cara tedhak siten sawise bocah adus nganggo banyu kembang yaiku ....

a)

Ngidak jadah pitung werna

b)

Didandani nganggo klambi kang resik lan apik

c)

Mlebu njero kurungan

d)

Munggah andha tebu

e)

Ceker-ceker

18.

Upacara panggih temanten katindakake sawise ....

a)

Lamaran

b)

Ijab kabul

c)

Midodareni

d)

Sungkeman

e)

Dulangan

19.

Nggambarke kasiapan bocah kanggo nglakokake panguripan kang bener ing mangsa ngarep iku ancas dianakake upacara adat ....

a)

Tedhak siten

b)

Tingkeban

c)

Lamaran

d)

Brokohan

e)

Bancakan

20.

Simbol penganten kakung lan putri ana ing upacara adat panggih temanten yaiku ....

a)

Suruh

b)

Sekar setaman

c)

Kembar mayang

d)

Bokor kencana

e)

Sega punar