wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Pambiji Padinan Wulangan 2 Kelas 6 SD

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Tembang macapat sing kanggo pralambange tumrap para muda pada kasmaran sawise ing umur remaja yaiku...

a)

Mijil

b)

Gambuh

c)

Asmaradana

d)

pangkur

2.

Dadi siswa kang prayoga,

Ora cukup amung wasis,

Ning ana perkara liya,

Lan wajib kita nglakoni,

Mring guru aja wani,

Ngabekti klawan mituhu,

Meneng lan wigatekna,

Yen ana kang nuturi,

Klawan kanca ora gampang cecongkrahan.

Cacahing gatra saking tembang ing nduwur yaiku. . . .

a)

7

b)

8

c)

10

d)

9

3.

Tembang macapat sing nduweni watak luwes, ngresepake yaiku...

a)

dhandanggula

b)

gambuh

c)

pangkur

d)

mijil

4.

Asmaradhana

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel kalangkung

Tan kena tinambak arta


Guru wilangan lan guru lagune yaiku. . . .

a)

8i, 8a, 8u, 7a, 6u, 8i, 8a

b)

8i, 8a, 8e, 8a, 6a, 7i, 8a

c)

8i, 8u, 8i, 8u, 8i, 8o, 8a

d)

8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 6u, 8a

5.

Tibaning Swara ing pungkasaning gatra diarani...

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru lagu

d)

guru wanda

6.

Sekar gambuh ping catur.

jumlahe wanda ing ndhuwur ana...

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

7.

cacahe gatra (baris) saben sapada, iku diarani ....

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru lampah

8.

dhong-dhinge swara ing saben pungkasaning gatra, iku diarani ....

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru swara

d)

guru laku

9.

tembang ing dhuwur cacahe gatra yaiku ana ....

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

10.

Jinejer ing wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi asepa lir sepah, samun

Samangsane pasamuan

Gonyak ganyuk nglilingsemi


Adhedasar tembang ing dhuwur, gatra 2 iku guru wilangane ana ....

a)

8

b)

11

c)

8

d)

7

11.

Cacahe gatra tembang Kinanthi yaiku ana ....

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

12.

Ing ngisor iki sing kalebu tembang Macapat yaiku....

a)

tengahan

b)

jamuran

c)

candrakusuma

d)

asmaradhana

13.

Ing ngisor iki sing dadi watake tembang Durma yaiku ....

a)

galak, nesu, muntab

b)

sereng, sedih, nglokro

c)

nglangut, grayak, renyah

d)

sembrana, parikena, tegas

14.

Sing kalebu jinising macapat yaiku....

a)

Wirangrong

b)

Kinanthi

c)

Balabak

d)

Pamularsih

15.

Cacahing larik saben sapada yaiku.....

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru lagu

d)

Guru wanda

16.

Guru Gatra tembang Pangkur yaiku.....

a)
10
b)
8
c)
7
d)
6
17.

Tembang macapat kang nduweni guru wilangan lan guru lagu 7u, 10u, 12i, 8u, 8o yaiku.....

a)
Dhandhanggula
b)
Gambuh
c)
Pocung
d)
Kinanthi
18.

Tembang kang watake asih, tresna, prihatos yaiku tembang......

a)
Dhandhanggula
b)
Gambuh
c)
Pocung
d)

Mijil

19.

Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani...

a)

Tembang macapat

b)

Tembang dolanan

c)

Geguritan

d)

Gancaran

20.

Cacahe Wanda saben sagatra diarani...

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru gatra

d)

Guru swara

21.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

sewelas

b)

pitu

c)

wolu

d)

sepuluh

22.

Ing ngisor iki kalebu tembang macapat, kajaba....

a)

Jamuran

b)

Megatruh

c)

Dhandhanggula

d)

Sinom

23.

Tembang macapat ing ngisor iki sing cacahe gatra paling sethithik yaiku....

a)

Maskumambang

b)

Sinom

c)

Mijil

d)

Dhandhanggula

24.

Tembang macapat ing ngisor iki sing cacahe gatra paling akeh yaiku....

a)

Dhandanggula

b)

Kinanthi

c)

Asmaradana

d)

Pangkur

25.

Supaya bisa nerangake isine tembang macapat bab sing kudu dilakoni yaiku....

a)

nerangake tegese tembung kang utama

b)

nglagokake tembang kanthi becik

c)

ngrungokake saben ana wong nembang

d)

blajar ngarang tembang macapat