wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Asesmen Sumatif Akhir

Total questions: 33

Worksheet time: 1hrs 6mins

Name
Class
Date
1.

Irah-irahan kang trep adhedhasar teks ing dhuwur yaiku …

a)
Banjir Bandhang ing Pare.
b)
Lindhu ing Pangandaran.
c)
Lemah Longsor ing Cilacap.
d)
Gunung Kelud Njeblug.
2.
Wos (isi) saka teks ing dhuwur yaiku …
a)
Panggonan ngungsi para warga mapan ing pereng Gunung Kelud.
b)
Gempa vulkanik ing Gunung Kelud ndadekake para warga padha ngungsi.
c)
Golek pangan angel nalika ana prastawa Gunung Kelud njeblug.
d)
Sanajan ana awu vulkanik nanging kegiyatan manungsa tetep ajeg.
3.
Manut teks ing dhuwur papan panggonan ngungsi para warga yaiku …
a)
Tlatah Kedhiri
b)
Tlatah Ngancar
c)
Tlatah Wates
d)
Tlatah Pare
4.
Dasanama (sinonim) tembung tlatah saka teks ing dhuwur yaiku …
a)
daerah
b)
kali
c)
gunung
d)
segara
5.
Saka teks kasebut nuduhake menawa papan panggonan kang kena banjir yaiku …
a)
Jawa Tengah lan Jawa Wetan.
b)
Jawa Tengah lan Jawa Kulon
c)
Jawa Wetan lan Jawa Kulon
d)
Jawa Wetan lan Jawa Kidul
6.
Pitutur luhur saka teks kasebut yaiku …
a)
Tansah waspada ngadhepi kahanan kang ora mesthi.
b)
Ora perlu pedhuli marang warga kang kena bencana.
c)
Percaya marang prediksi saka pamarentah.
d)
Nyalahke wong liya nalika kena pacoban.
7.
Manut teks kasebut ana tanggul kang jebol saengga dadi jalaran banjir. Tanggapan kang trep saka kahanan kasebut yaiku …
a)
Tanggul jebol menika awit saking polah manungsanipun piyambak.
b)
Sampun limrah nalika tanggul jebol amargi sampun risak.
c)
Tanggul ingkang jebol boten perlu pikantuk kawigatosan.
d)
Kanthi gotong royong tanggul kedah dipundandosi.
8.
Wos (isi) saka teks ing dhuwur yaiku …
a)
Siti longsor ing padesan alit.
b)
Bena ingkang nggegirisi manah.
c)
Lindhu ageng nalika wayah rendheng.
d)
Redi njeblug ndadosaken warga ngungsi.
9.
Saka prastawa banjir kasebut kang perlu ditindakake para warga supaya ilining banyu bisa lancar yaiku …
a)
Uwuh boten perlu dipunresiki amargi saged resik piyambak katut ilining toya.
b)
Para warga ingkang kenging musibah bena boten kedah kita biyantu.
c)
Uwuh/sampah kedah dipunresiki supados ilining toya lancar.
d)
Saluran toya kedahipun dipungantos supados ilining toya saged lancar.
10.
Manut teks ing dhuwur kang dadi pepenginane Mbok Randha yaiku …
a)
kepengin ketemu Buta Ijo
b)
kepengin dadi wong sugih
c)
kepengin duwe sedulur
d)
kepengin kagungan putra
11.
Saben dina Mbok Randha donga marang ngarsane Gusti Allah. Basa krama alus kang trep yaiku …
a)
Saben dina Mbok Randha dedonga marang ngarsane Gusti Allah.
b)
Saben dinten Mbok Randha dedonga dhateng ngarsane Gusti Allah.
c)
Saben dinten Mbok Randha dedonga dhateng ngarsanipun Gusti Allah.
d)
Saben dinten Mbok Randha dedonga marang ngarsanipun Gusti Allah.
12.
Pitutur luhur saka wacan ing dhuwur yaiku …
a)
Nalika duweni pepenginan nyuwuna marang Gusti Allah.
b)
Nalika duweni pepenginan nyuwuna marang Buta Ijo.
c)
Ora perlu dedonga nalika duweni pepenginan.
d)
Tansah tulung-tinulung marang sanak kadang.
13.
Pitutur luhur saka teks ing dhuwur yaiku …
a)
Meguru marang wong pinter mesthi slamet.
b)
Aja seneng gumunggung bab kadonyan.
c)
Yen duwe emas lan inten kudu dijaga.
d)
Manungsa kudu akeh sedhekah.
14.

Sing dadi prakara Nyi Rimbawati durung bisa ngrucat bab kadonyan. Tembung kang kacithak kandel tegese …

a)
nggawa
b)
nyimpen
c)
nguculi
d)
njaluk
15.
Nyi Rimbawati anggone nggawa emas lan inten nalika nusul garwane lan Sunan Kalijaga kanthi cara …
a)
digembol ana wetenge.
b)
didhelikake ana stagen.
c)
dipondhong karo tumpukan klambi.
d)
dilebokake ing jero pring kanggo teken.
16.
Wateke Jaka Tarub manut teks kasebut yaiku …
a)
seneng tetulung
b)
seneng ngapusi
c)
sregep reresik
d)
lembah manah
17.
Tema saka teks ing dhuwur yaiku …
a)
Welas asih marang sanak sedulur.
b)
Tumindak ora jujur ndadekake sengsara.
c)
Tansah mbiyantu manungsa kang mbutuhake.
d)
Sregep ngibadah marang Gusti Kang Maha Agung,
18.
Slendhang widadari Nawang Wulan didhelikake Jaka Tarub ing …
a)
ngisor klasa
b)
ngisor bantal
c)
ngisor kasur
d)
ngisor genuk
19.
Wos (isi) teks ing dhuwur yaiku …
a)
Pengalaman nalika kasamber bledheg amargi kirang ngatos-atos.
b)
Pengalaman nalika wangsul ing Semarang nanging pakdhe gerah.
c)
Pengalaman nalika piknik ing kutha gedhe yaiku Semarang.
d)
Pengalaman nalika dumugi griya sakit amargi pakdhe gerah.
20.
Kang dirasakake paraga ing teks kasebut yaiku ...
a)
nesu
b)
remen
c)
bungah
d)
sumelang
21.
Dasanama saka tembung manah yaiku …
a)
rikma
b)
ati
c)
netra
d)
asta
22.
Konflik batin kang dialami paraga nalika …
a)
Arep tuku es nanging dhuwite ketinggalan.
b)
Pesen es teh nanging wis entek.
c)
Digeguyu dening kanca-kancane.
d)
Ngombe es teh nanging ora adhem.
23.
Bocah-bocah padha dhisik-dhisikan anggone arep ngombe teh lan es teh. Ukara kasebut duweni teges ...
a)
Bocah padha ngenteni anteng es teh lan teh.
b)
Bocah rebutan cepet anggone ngombe teh lan es teh
c)
Bocah padha dhisikake kancane anggone ngombe
d)
Bocah padha urutan anggone pesen ngombe
24.
Saka teks ing dhuwur kang diombe dening paraga yaiku …
a)
lenga jlantah
b)
es juice
c)
es teh
d)
teh anyep
25.
(Wos) isi wacan kasebut yaiku …
a)
Bocah sekolah kang padha numpak bis.
b)
Pengalamane paraga ing museum sepur.
c)
Sepur kang dadi tontonane bocah sekolah.
d)
Bocah sekolah kang mangkate numpak sepur.
26.
Pitutur luhur adhedhasar teks ing dhuwur yaiku …
a)
Tansah sregep mbiyantu liyan.
b)
Jaman saiki ora wigati tumindak jujur.
c)
Sapa kang tanggungjawab bakale mulya.
d)
Sregep golek ilmu lan aja lali ngibadah.
27.
Kang dicritakake bocah-bocah ing bis nalika bali yaiku …
a)
Foto ing museum lan ngisor tugu.
b)
Pengalamane kanca-kancane.
c)
Pengalamane dhewe-dhewe.
d)
Mangan awan bebarengan.
28.
Irah-irahan kang trep adhedhasar teks ing dhuwur yaiku …
a)
Bocah kang Jujur
b)
Dadi Juara Kelas
c)
Salah Nganggo Sepatu
d)
Mulya amarga Pinter
29.
Dudutan (kesimpulan) saka crita kasebut yaiku ...
a)
Tumindake Dodi pantes dadi tuladha amarga mangkat sekolah paling gasik.
b)
Kangmase Dodi medhit amarga ora entuk nganggo barang-barang sanajan sedulur.
c)
Tumindake Dodi ora becik amarga nganggo barang wong liya ora matur dhisik.
d)
Dodi ora perlu matur menawa arep nganggo barang-barang kangmase.
30.
Pitutur luhur saka teks ing dhuwur yaiku …
a)
Menawa arep nganggo barang wong liya kudu pamit
b)
Dadi bocah kang sopan marang bapak lan ibu guru.
c)
Sapa kang jujur bakal nemahi urip kang mulya.
d)
Supaya awak sehat kudu sregep olahraga.
31.
Cengkorongan (kerangka cerita) saka paragraf 1 yaiku …
a)
Welinge wong tuwa marang putra-putrane.
b)
Welinge bapak ibu guru marang siswa-siswane.
c)
Bocah kang grapyak lan lembah manah.
d)
Bocah kang gumedhe lan sesongaran.
32.
Tema kang jumbuh adhedhasar teks ing dhuwur yaiku …
a)
Gotong royong
b)
Karesikan lingkungan
c)
Tata krama bocah sekolah
d)
Welas asih marang liyan
33.
Swasana paraga kang trep saka teks kasebut yaiku …
a)
nggegirisi
b)
isin
c)
seneng
d)
sedhih