wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan ASAS Basa Jawa

Total questions: 10

Worksheet time: 4mins

Name
Class
Date
1.

Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake unggah ungguh basa kang trep yaiku...

a)

A. Kulo boten sarujuk menawi tiyang dhahar punika kaliyan jumeneng lan ngendikan.

b)

B. Pak, punapa kula pikantuk nderek panjenengan?

c)

C. Le, tulung, coba golekana layang ulem nggone Pak Rejo.

d)

D. Menawi saged kula nyuwun wekdale sekedhap kangge ngendikan kaliyan panjenengan.

e)

E. Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula kalawau lepat.

2.

Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…

a)

A. Wigatining atur

b)

B. Salam pambuka

c)

C. Pengarep-arep

d)

D. Unggah ungguh basa

e)

E. Pambuka

3.

Pesen moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Bab iki gumantung marang....

a)

A. Sing ngarang lan sing maca

b)

B. Sing nyurasa lan ngrasakake isine crita

c)

C. Kahanan masyarakat wong kang maca

d)

D. Ing ngendi crita kasebut kawaca

e)

E. Kahanan masyarakat kang kacarita

4.

"Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare" Basa kang digunakake yaiku...

a)

A. Krama Andhap

b)

B. Ngoko

c)

C. Ngoko Lugu

d)

D. Krama

e)

E. Krama Inggil

5.

Budi, minangka ketua kelas iku pancen sregep lan dhemen tetulung. Apa sing dadi tanggung jawabe sing magepokan karo tugase ketua kelas mesthi ditandangi kanthi beres. Lan, dheweke dhemen tetulung marang sapa wae tanpa pilih kasih. Cuplikan cerkak ing ndhuwur kalebu ing struktur teks cerkak perangan...

a)

A. Komplikasi

b)

B. Koda

c)

C. Orientasi

d)

D. Resolusi

e)

E. Abstraksi

6.

Wacane...

a)

A. Madang getuk ning pasar senen

b)

B. Mangan gethuk ning peken

c)

C. Mangan gethuk ing pasar minggu

d)

D. Maem gethuk ing pasar minggu

e)

E. Mangan gethuk ing pasar malem

7.

Tuladhane ukara sing isine pangarep-arep ( harapan ) ing sesorah yaiku...

a)

A. Bapak Ibu Guru ingkang kula hormati, kula nyuwun pangapunten amargi kula sekolah ing ngriki nate tumindak salah.

b)

B. Para rawuh, tiyang menika kedah gadhah kesadharan kangge mbucal sampah ing panggenanipun supados lingkungan resik.

c)

C. Assalamu'alaikum wr wb

d)

D. Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring berkah lan kanikmatan kangge kita sedaya.

e)

E. Mugi-mugi perjuanganipun para pahlawan ing jaman kamardikan saged dados patuladhan kangge generasi mudha.

8.

Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake....

a)

A. Basa baku

b)

B. Dhialek lan idhiolek

c)

C. Basa Standar

d)

D. Basa padinan

e)

E. Lelawaning basa

9.

Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan...

a)

A. Supaya pamiyarsa betah mirengake

b)

B. Supaya sing dingendikakake gampang ditampa

c)

C. Supaya katon bregas mrebawani

d)

D. Supaya padha cidra

e)

E. Supaya padha seneng

10.

Syahrini menyang pasar Kliwon numpak sepur karo krisna. Kalimat kasebut yen diubah dadi aksara jawa yaiku...

a)
b)
c)
d)
e)