NEW
Font size
WorksheetsSurmatif Akhir Semster 1
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Serat Wedhatama kaserat dening..
Makunegara IV
Mangkunegara V
Yasadipura I
Yasadipura II
Hamengkubuwana IV
Ana ing Serat Wedhatama kawicaksanaan sejati kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku
kawicaksanaan sejati
lila legawa
tumindak ngati-ati
rasa sukur marang Gusti
unggah-ungguh
Isine pupuh Kinanthi ana ing Serat Wedhatama yaiku ....
eling lan waspada
pangarsa patuladhan
tumindak ngati-ati
rasa sukur marang Gusti
tepa slira
Tembang macapat kang ora ana sajrone Serat Wedhatama yaiku ..
Pangkur
Sinom
Asmaradana
Gambuh
Kinanthi
Tur kang nyulayani iku
Wus wruh yen kawruhe nempil
Nanging laire angalah
Katingala angemori
Mung ngenaki tyasing liyan
Aywa esak aywa serik
Pupuh kasebut mapan ing pada..
13
14
15
16
17
Tur kang nyulayani iku
Wus wruh yen kawruhe nempil
Nanging laire angalah
Katingala angemori
Mung ngenaki tyasing liyan
Aywa esak aywa serik
Isine pupuh kasebut yaiku....
ora kena serik marang liyan
kawruh kang nempil kuwi ora prayoga
manungsa kalairake ngalah
kudu ngurmati wong ngalah
duwe rasa pekewuh marang liya
Tambah dina, tambah sasi tumindake saya ndadi.
Ukara ing dhuwur klebu....
sarkasme
retoris
repetisi
ironi
metonimia
Watek tembang Kinanthi yaiku..
nelangsa
sabar
asmara
sedhih
tresna asih
Srengenge menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dhasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dakancik kaya nglocotake dlamakan sikil. Dakdhengak srengengene, sauntara dohe karo sisih wetan, wis lingsir mengulon. Nanging, panase ora suda-suda.
Unsur intrinsik kang katon saka pethilan cerkak ing dhuwur yaiku
alur
paraga
sudut pandang
latar
wewatek
Padha-padha lulusan S-1, ning kepeksa mung padha dadi panji klanthung.
Tegese panji klanthung yaiku
pengangguran
wartawan
kuli
pengamen
tukang parkir
Rerangken crita nggambarake prastawa saka mburi mula gunakake alur
maju
tunggal
mundur
majemuk
campuran
Dina Kemis malem Jemuah Kliwon, ibune bocah-bocah mangsak lawuh lan nyiapke suguhan kanggo mengko bengi. Sawise kabeh cumawis, banjur budhal menyang desa karo anak-anake sengadi tilik budhene. Saungkure bojone, Wiryono mung mikir bengine mengko. gek njur apa sing arep dikandhakake bab wewadining urip kuwi. Jeneng wong ngenteni ngono kae jan njelehi banget. Jam sewelas wis keprungu cumengkleng saka jam tembok. Ora let suwe ana wong nothok lawang, gage olehe menyat mbukakake. Plong atine bareng ngerti sing teka wong sing dienteni.
"Anak bojomu neng ngendi, Mas?"
"Neng desa tilik budhene," wangsulanku.
"Apa kowe pangling tenan ta, Mas?"
Aku bingung karo ngeling-eling, ning blas aku lali. Wusana wong mau nguculi blangkon, jenggot lan alise sing memplak kuwi. Sakala aku ora pangling yen Sudadi, kanca tangga cedhak dhek jaman cilikanku biyen, ya kanca dolan.
Wong ngenteni iku rasane...
kuwatir
deg-degan
was sumelang
njelehi
dredheg
Dina Kemis malem Jemuah Kliwon, ibune bocah-bocah mangsak lawuh lan nyiapke suguhan kanggo mengko bengi. Sawise kabeh cumawis, banjur budhal menyang desa karo anak-anake sengadi tilik budhene. Saungkure bojone, Wiryono mung mikir bengine mengko. gek njur apa sing arep dikandhakake bab wewadining urip kuwi. Jeneng wong ngenteni ngono kae jan njelehi banget. Jam sewelas wis keprungu cumengkleng saka jam tembok. Ora let suwe ana wong nothok lawang, gage olehe menyat mbukakake. Plong atine bareng ngerti sing teka wong sing dienteni.
"Anak bojomu neng ngendi, Mas?"
"Neng desa tilik budhene," wangsulanku.
"Apa kowe pangling tenan ta, Mas?"
Aku bingung karo ngeling-eling, ning blas aku lali. Wusana wong mau nguculi blangkon, jenggot lan alise sing memplak kuwi. Sakala aku ora pangling yen Sudadi, kanca tangga cedhak dhek jaman cilikanku biyen, ya kanca dolan.
Tembung pangling tegese ....
lali rai
ora kenal
ora weruh
lali
dredheg
Nggambarake kanthi gamblang objek-objek kanthi tliti satemah pamaca bisa mahami Isi teks kasebut klebu ancase teks.....
deskripsi
eksposisi
narasi
argumentasi
literasi
Titikane blangkon jebehan yaiku
udheng sisih ngarepe kuncung
udheng mondol ing ngarepe kuncung
wiru ing ngarep ing sisih kiwa tengen
modhangan mapan ing sisih dhuwur
modhangan mapan ing sisih kiwa tengen
Uripe Pak Tarjo saya rekasa jalaran kakehan anak tur utange arang wulu kucing. Ukara kasebut klebu
sengkalan
cangkriman
wangsalan
parikan
sanepa
Busana adat Jawa kang digunakake ing mustaka yaiku
dhestar
stagen
epek
canela
warangka
Ngisor iki jinise gaya beskap, kajaba
Yogya
Langenharjan
Mataram
Solo
Landhung
Kang dadi pralambang manunggaling kawula Gusti yaiku ....
keris lan warangka
blangkon
benik
canela
epek
gambar iki arane
gambang
bonang
slenthem
kethuk
kendhang
Piranti gamelan kang ditabuh ora nganggo
piranti yaiku
bonang
gong
siter
rebab
kendhang
. Rebab yaiku piranti gamelan gesek kang dawalne loro. Rebab digawe saka kayu lan wujude kayadene ati kang dilapisi membran
-kulit tipis minangka resonator swarane. Cara
malnake rebab yaiku dicekel kanthi dilamakan
tangan madhep dhuwur. Rambut-rambut ing
piranti panggesek dikencengake kanthi cara dijepit lan ditarik kanthi jari tengah lan driji
manis tangan tengen pemaine.
Paragrap ing dhuwur klebu jinis paragrap....
induktif
ineratif
deduktif
komparatif
campuran
Piranti gamelan kang awujud lempengan logam tipis lan ngisore ana resonator pipa diarani
slenthem
kenong
gender
demung
kempyang
Dita wingi sore tuku buku lan petellot. Ukara ing dhuwur ngemot tembung...
panggandheng
katrangan
panggandheng lan katrangan
katrangan papan
sesulih lan kriya tanduk
Prajanjen Uni Eropa, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku
Panulisan aksara Jawa kang trép yaiku
Ukara ngisor iki kang duweni pola J - W-Gg-P yaiku....
Bapak lan Ibu nembe tindak dhateng Klewer
copet kuwi diantemi wong-wong mau esuk
Masku wingi kelangan helm
Lungane Gilang tinangisan anak bojone
Komputer iki arep kokapakne
Jepang ngedegake Taman Gesang sacedhake kali Bengawan Sala.
Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku
Pangripta aksara Jawa yaiku..
Ajisaka
Pandhawa
Punakawan
Ranggawarsita
Yasadipura
