wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH WULANGAN 7 BASA JAWA

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Jamu yaiku salah suwijine alternatif obat kang digunakake masarakat. Masarakat bisa gawe jamu amarga turun – temurun saka para leluhur. Jamu kuwi bisa digawe saka bahan – bahan kang ditandur ana ing kebonan. Tuladhane kunir, jae, cabe puyang, cengkeh lan sakpiturute.

Wong kang pinter ngracik jamu aran ... .

a)

apoteker

b)

dokter

c)

bidan

d)

wiku

2.

Salah sawijine alternative obat kang digunakake deneng masyarakat desa diarani ... .

a)
jamu
b)

obat

c)

bumbon

d)

janganan

3.

Tanduran Obat Keluarga (Toga)

Pekarangane Dahlia ditanduri Tanaman Obat Keluarga utawa apotek hidup diarani tanduran jamu (obat). Tanduran Obat Keluarga yaiku tanduran pekarangan kanggo nyukupi kebutuhan kasarasan padinan. Menawa pekarangan ana tanduran jamu bisa digunaake sawayah-wayah. Tegese, yen mbutuhake kari menthik utawa ngedhuk ora usah tuku. Tanduran jamu uga bisa kanggo mepaes pekarangan omah.

Tanduran kanggo nyukupi kabutuhan kasarasan padinan diarani ... .

a)

tanduran

b)

apotek

c)

Toga

d)

jamu

4.

Menawa pekarangan ana tanduran jamu bisa digunaake sawayah-wayah.

Tegese ukara kasebut, yaiku ... .

a)

tandurane bisa kanggo nyukupi kasarasan padinan

b)

kasiyate kanggo tetamba uga kanggo mepaes pekarangan

c)

tanduran jamu ing pekarangan kanyata akeh mampangate

d)

yen mbutuhake kari methik utawa ngedhuk ora usah tuku

5.

Gatekna gambar!

Tanduran ana gambar diwastani ... .

a)

woh

b)

bumbon

c)

janganan

d)

empon-empon

6.

Kunir asem yaiku minuman tradisional utawa jamu sing diracik saka rong jenis rempah kang beda. Bahan baku kanggo gawe jamu kunir asem yaiku ... .

a)

kunir, gula jawa, jahe

b)

kunir, gula jawa, asem

c)

kunir, gula jawa, kencur

d)

kunir, gula jawa, temulawak,

7.

Jamu yaiku ramuan tradisional khas Indonesia kang kagawe saka bahan tanduran atau tanduran herbal. Ramuan iki saka turun-temurun wis dimanfaatke kanggo nyegah maneka warna gangguan kasarasan.

Jamu kanggo ngilangake pegel – pegel, linu, lan nambah napsu mangan arane ... .

a)

cabe puyang

b)

beras kencur

c)

jamu paitan

d)

kunir asem

8.

Jamu diracik saka gegodhongan, oyot – oyotan, empon – empon, babakan uwit, woh – wohan utawa isine.

Tanduran kang wohe keno kanggo jamu, kayata :

a)

rumujung, kali beling, tapak dara, cocor bebek

b)

pace, blimbing, cape puyang, kemukus

c)

godhong kelor, kemangi, luntas, godhong kates

d)

laos, jae, kencur, kunir, sere

9.

Gatekna gambar!

Tanduran ing gambar bahan baku jamu paitan kanggo tamba kencing manis, gatel – gatel, cuci darah, ngedhunke kolestrol, jerawat, lan ngilangake ganda kringet.

Tanduran iku aran ... .

a)

godhong sambiloto

b)

godhong kemangi

c)

godhong bratawali

d)

godhong suruh

10.

Gatekna gambar!

Minuman tradisional utawa jamu kang diracik saka rong jenis rempah sing beda. Ing Indonesia, rong rempah iku ora mung bisa digunakake kanggo bumbu masakan, nanging uga bisa diolah dadi minuman kang dikenal khasiate kanggo kesehatan. Salah sijine mumpangat kanggo kasarasan, yaiku ... .

a)

ngilangi lelara gatel-gatel

b)

ngilangi lelara kencing manis

c)

ngurangi weteng kembung

d)

kanggo nglancarake haid.

11.

Bahan janganan pinangka sumber vitamin lan mineral kang nduweni kasiyat jamu, yaiku ... .

a)

b)

c)

d)

12.

Gatekna gambar!

Tanduran iku gunane kanggo nambani ... .

a)

mumet sirahe lan pegel linu ing boyok

b)

Lara untu lan lara weteng

c)

pilek lan watuk

d)

lara weteng lan gringgingen

13.

Gatekna gambar!

Cengkeh (Syzygium aromaticum) minangka kuncup kembang cilik warna coklat abang. Rempah iki nduweni aroma sing kuat, rasa panas lan pedas. Cengkeh asli Indonesia, mligine Maluku Utara lan salah sijine rempah-rempah penting ing jalur perdagangan rempah-rempah.

Ing ngisor iki salah sawijining mumpangate cengkeh, yaiku ... .

a)

lalapan sate

b)

tamba lara untu

c)

nglancarake ASI

d)

tamba lara weteng

14.

Gatekna gambar tanduran!

Jeneng lan mumpangate tanduran, yaiku ... .

a)

Bratawali kanggo tamba diabetes militus

b)

Widara laut kanggo ngobati penyakit malaria

c)

Suruh kanggo ngedhunke gula darah

d)

Kates kanggo ngedhem weteng

15.

Paitan minangka jinise jamu tradisional. Jamu iki rasane pait. Nanging, akeh mumpangate kanggo kasarasan awak. Kalebu ngilangi gatel, ngresiki getih lan nyegah alergi. Kajaba iku, formulasi jamu paitan umume digunakake kanggo perawatan diabetes tradisional ing Indonesia.

Bahan kanggo gawe jamu paitan yaiku ... .

a)

pace, laos, asem

b)

kunir, asem, gula jawa

c)


kencur, beras, jahe, gula

d)

sambiloto, brotowali, pule, widoro laut

16.

Gatekna gambar tanduran iki!

Tanduran obat sing tuwuh ing Indonesia iki digunakake minangka terapi kanggo nambani asma, watuk lan bronkitis, ngancurake watu ginjel lan tumindak minangka anti-bakteri, antioksidan, anti-inflamasi lan liya-liyane.

Tanduran iku arane ... .

a)

tempuyang

b)

sambiloto

c)

kejibeling

d)

bratawali

17.

Bahan iki salah sawijine sayuran bumbu sing pancen dibutuhake masyarakat, digunakake minangka bumbu/penyedap rasa ing masak saben dina lan industri panganan lan bisa digunakake minangka obat. Bahan siki bisa digawe lalapan uga bisa kanggo ngurangi kolesterol, yaiku ... .

a)

jahe

b)

kencur

c)

timun

d)

brambang

18.

Gatekna!

Tanduran ana ing gambar minangka salah sawijining tanduran herbal sing khas ing Indonesia. Rimpang sing bentuke oyod Curcuma tekan ukuran 1 meter nanging ora ngluwihi 2 meter. Tanduran iki akeh mumpangate kanggone kasarasan, antarane ... .

a)

tamba lara weteng, tamba watuk, lan tamba lara untu

b)

nglancarake ASI, ngedhunke gula darah, lan tamba lara untu

c)

nglancarake ASI, netralke racun, lan anti bakteri

d)

netralke racun, tamba lara untu, lan tamba watuk

19.

Mundhut Jamu

Sore iki, Dewi karo ibu tuku jamu gendhong mbak Tumini sing biasa liwat ana ngarep omah. Ibu mundhut jamu paitan, dene Dewi dipundhutke jamu beras kencur. Mbak Sekar tanggane Dewi uga mundhut jamu kunir asem lan cabe puyang. Miturut ibu, prayogane bocah-bocah dikenalake marang mumpangate jamu. Jalaran saiki akeh bocah sing ora ngerti jamu, ora gelem ngombe jamu kanthi alasan pait, rasane ora enak, lan wernane kurang apik. Bocah-bocah saiki luwih seneng omben-omben instan kayata omben-omben bersoda, omben-omben kemasan sing ngandung pemanis lan pewarna buatan.

... .

Apa alasane bocah-bocah ora seng jamu?

a)

Jalaran rasane pait, rasane ora enak, lan wernane kurang apik

b)

Amergo jamu gendhong dianggep omben-omben kuna

c)

Bocah-bocah saiki luwih seneng omben-omben instan kayata omben-omben bersoda.

d)

Bocah-bocah saiki luwih seneng omben-omben-omben kemasan sing ngandung pemanis buatan

20.

Demam minangka salah sawijining kondisi sing asring nyerang bocah cilik. Iki mesthi kerep ngganggu pikirane wong tuwa. Nanging, sadurunge mutusake langsung menyang dhokter, ora ana salahe yen wong tuwa menehi obat nyuda demam alami kanggo bocah cilik. Dadi, wong tuwa bisa nggunakake jamu sing bisa digawe ibu dhewe nggunakake lengo telon lan bahan pawon, yaiku ... .

a)

jahe

b)

kencur

c)

brambang

d)

jeruk pecel

21.

Tanduran obat tradisional iki paling populer, sanajan wis ewonan taun kepungkur. Iki ora bisa dipisahake saka mupangat kanggo njaga kesehatan lan nyuda gejala macem-macem penyakit. Nalika hawa atis lan udan, biasane wong ngombe wedang iki kanggo ngangetke awak.

Wedang iku arane ... .

a)

jahe

b)

kopi

c)

susu

d)

bajigur

22.

Salah sawijine alternative obat kang digunakake dening masyarakat desa diarani ... .

a)

bumbu pawon

b)

bumbom

c)

jamu

d)

obat

23.

Masyarakat ing pedesaan, bisa gawe jamu amarga wis turun-tumurun saka para ... .

a)

wiku

b)

leluhur

c)

bapa biyung

d)

tangga teparo

24.

Ibu ... pirsa bab jamu uyup-uyup.

Tebung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ... .

a)

ngandhakake

b)

ngandhani

c)

maringi

d)

nyaosi

25.

Apa kowe wis ... gawe jamu paitan?

a)

nyobi

b)

ngertos

c)

ngandhani

d)

ngerti

26.

Eyang putri ... gendis jawi ing pasar.

a)

mundhut

b)

tumbas

c)

pados

d)

tuku

27.

Tembung kang manggone ana sangarepe tembung aran , tembung kahanan , utawa tembung katrangan diarani tembung ... .

a)

tembung pangiket

b)

tembung ancer-ancer

c)

tembung panggandheng

d)

tembung lingga

28.

Tuladha tembung ancer-ancer minangka tetenger maksud utawa tujuan, yaiku ... .

a)

Rapat RT iki arep dianakake ing dina Kemis.

b)

Anggone manggon ing omah kono wis meh telung sasi.

c)

Aku tuku klambi iki kanggo anakku lanang.

d)

Aku takon marang Andi, apa sebabe dheweke orateka rapat.

29.

Mumpangate Brambang

Miturut ibu, brambang iku uga bisa dienggo lalapan menawa dhahar sate utawa diiris tipis-tipis banjur digoreng kanggo pelengkap dhahar bakso, soto utawa sop. Brambang nduwe khasiat kanggo nambani lelara kanthi tradisional, umpamane nambani bayi panas, nambani masuk angin, uga nduweni khasiat ngurangi kolesterol, anti radang, bisa mateni bakteri, lan uga bisa ngilangake lendir utawa riyak ing tenggorokan.

Ukara pitakon kang wangsulane ana ing wacan yaiku ... .

a)

Apa wae khasiate brambang?

b)

Kepriye carane nandur brambang?

c)

Sinten engkang ngersakake masak soto?

d)

Sinten engkang didhawuhi ibu ngiris brambang?

30.

Mbak Melati ... Mbak Mawar iku putrine Pak Haji Sugito.

Tembung panggandheng kanggo nglengkapi ukara yaiku ... .

a)

ing

b)

lan

c)

saka

d)

utawa

31.

Jamu kuwi salah suwijine alternatif obat kang digunakake masyarakat.

Tembung kang kacetak kandel tegese ... .

a)

mumpangat

b)

kanggo ngganti

c)

gunane

d)

nambani

32.

Wacanen buku iku kanthi tliti.

Tembung kang kacetak kandel kalebu tembung ancer-ancer minangka tetenger ... .

a)

bebarengan

b)

piranti

c)

wektu

d)

cara

33.

Aku wis ... carane ... jamu kunir asem.

tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ... .

a)

meres, gawe

b)

gawe, ngerti

c)

ngerti, gawe

d)

ngombe, ngerti

34.

Jamu kunir asem bisa ... radang sendi.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhmaringiuwur yaiku ...

a)

nambani

b)

nggawe

c)

nambahi

35.

Tuwuhan iki jinising tetanduran herbal, yen dionceki warnane kuning, minangka bahan pangan itawa kanggo bumbu ing pawon . Alternatif obat iki diarani ... .

a)

bangle

b)

kencur

c)

kunir

d)

jae

36.

Gatekna gambar iki!

Ciri-ciri alternatif obat kasebut kang trep yaiku ... .

a)

Tanduran herbal, bisa kanggo bahan pangan utawa bumbon, digawe jamu kunir asem

b)

Wernane abang, bisa kanggo pelengkap dhahar, marahi sedhep kanggone masakan, uga nambani masuk angin

c)

Wujude cilik rada bunder, yen digawe jamu bisa dicampur karo beras

d)

Kanggo campuran bahan jamu paitan, bisa uga ditambahi empo-empon

37.

Tembung ancer-ancer: ing, menyang, dhateng, saka, saking minangka tetenger ... .

a)

waktu, papan, arah kang dituju, asal

b)

arah kang dituju saliyane papan

c)

rgegandhengan karo alat utawa piranti

d)

maksud utawa tujuan

38.

Gatekna ukara-ukara iki!

(1). Kunir diresiki, banjur diparut utawa di blender, disaring saperlu dijupuk banyune.

(2). Jamu kunir asem wis bisa diombe. Prayogane diombe seminggu kaping 3

(3). Sawise umob, kompor banjur dipateni, lan godhogan mau diedhemake.

(4). Banyu peresan kunir banjur digodhog lan dicampur banyu 2 liter, gula jawa, asem, lan uyah nganti umob (digeneni karo diudhak – udhak).

Urutan kang trep carane gawe jamu kunir asem yaiku ... .

a)

(1) - (2) - (3) - (4)

b)

(1) - (2) - (4) - (3)

c)

(1) - (4) - (2) -(3)

d)

(1) - (4) - (3) - (2)

39.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu tuladha tembung pangiket kosok balèn, yaiku ... .

a)

Krisna ora bisa mèlu latihan karaté, amarga soré iki ana kuliyah.

b)

Si Agnes mangkat sekolah diboncèngaké Yamaha karo si Anna, mbakyuné.

c)

Olèh kungandhani wis ora kurang-kurang, ewasemono ora dipaèlu.

d)

Laire adhiku, si Bambang, ngepasi nalika penjajah Jepang teka ana ing Indonésia.

40.

Kurniawan pareng ndhèrèk, angger ora rewel.

Ukara iku tuladha tembung pangiket ... .

a)

amarga (sebab)

b)

ubaya (prajanji)

c)

mangsa (wektu)

d)

prasaja